Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Pak Carik : ”Wah, punika betah ragad kathah, Pak Lurah. Pasir tumbas, semen tumbas tur reginipun awis. Malah repot punika !”
Pak Lurah : ”Ha ha ha ha ha! Pak Carik! Padhas lan gragal punika rak ngemu jasat yiyit kados semen, gadhah daya pliket kados dene gamping”.
Pak Carik : ”O, inggih, inggih, leres, Pak Lurah! Dados, ubarampenipun ingkang baken gragal lan padhas punika ? Rak ngaten ta, Pak Lurah ?”
Pak Lurah : ”Lha, mangke boten betah semen kathah-kathah. Dipun sukani semen manda-manda kemawon sampun saged dipun cithak mawi mesin pres”.
Pak Carik : ”Lajeng, pirantos ingkang nama mesin pres punika kados pundi anggenipun damel, Pak Lurah ?”
Pak Lurah : ”Bab punika mangke kula ingkang badhe mbudidaya. Kulo badhe sowan dhateng kecamatan, kabupaten, malah manawi perlu dhateng gupernuran. Kula badhe nyuwun bantuan mesin pres punika”.
Pak Carik : ”Wah wah wah! Kula mathuk. Kesinggihan, Pak Lurah !"
Pak Lurah : ”Mila punika, Pak Carik! Pak Carik kula suwun ndhawuhaken rembag dhusun. Kejawi ngrembag bab warni-warni, mangke kula badhe rembagan bab banon pres punika.
Pak Carik : Inggih, Pak Lurah, kula estokaken”.


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !

  1. Ah, ngono we kok nesu!
  2. Ah, karo kanca kok ndadak etungan temen !
  3. Ah, kok kaya wong liya lho!
  4. Ah, kaya bocah cilik bae!
  5. Ah, kok lali-lali bae lho!

Mbs-3- 51