Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ngengeti bilih wana punika ageng sanget pigunanipun tumrap gesangipun manungsa. Ingkang makaten punika perlu sanget bilih wana punika dipun jagi lestantunipun, sampun nggegampil eruadamel risakipun wana, sanajan bebasanipun manungsa saged damel abang birunipun tetuwuhan.

Wana ageng sanget pigunanipun tumrap gesangipun manungsa.

Wontenipun wana, saged nuwuhaken jawah. Mangka, toya jawah punika perlu sanget tumraping ngagesang. Kanthi wontenipun wana punika, angin ingkang ngemu uwaping toya seganten lan lepen, nanggrok ing wana, lajeng sumengka minggah. Rehning hawa ing nginggil punika asrep, mila uwaping toya wau dados asrep, lajeng njendhel dados ebun. Klempakipun ebun saya dangu saya kathah lajeng dados mendhung, wekasan saking awratipun dhawah dados jawah. Kajawi murugaken wontenipun jawah, ron-ronan ingkang rupinipun ijem punika dados pabrikipun zat asam, zat asam punika dados kabetahanipun sadaya tiyang. Manawi hawa ingkang dipun sedhot manungsa kirang zat asamipun, ambegan kraos sesak, malah-malah saged njalari lemes utawi lajeng semaput.

Ron-ron garing ingkang dhumawah ing siti, dangu-dangu ajur lajeng campur dados satunggal kaliyan siti, kawastanan humus. Humus punika gadhah sipat saged nesep toya jawah. Pramila, sanajan jawaha deres pisan, boten perlu kuwatos badhe wonten bena. Lan, tetiyang ugi lajeng boten perlu kuwatos wontenipun siti longsor, siti nggogos, sabin kebenan, kreteg ambrol, margi pedhot lan sasaminipun. Sadaya wau badhe saya mahanani ayem lan tentremipun gesanging manungsa.


B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Alas iku katone kepriye ?
  2. Alas bisa nuwuhake udan. Mara terangna !
  3. Alas bisa nyegah anane banjir. Piye terange ?
  4. Lemah nggogos iku lumrahe diarani apa ?
  5. Erosi iku marakake apa bae ?

44