Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pak Sis : "Sawise nyuwun duka, njur karepmu priye ?"
Sasangka : "Badhe nyuwun sangu, sagedipun mimpang ! Ha, ha, ha !"
Pak Sis : "O, Lik, Lik! Doh kana doh kene korewangji ngaya-aya, abot-abote oleh tugas, ya !"
Sasangka : "Sinten malih, Pak, ingkang kula tangisi !"
Pak Sis : "Ya wis, ngene we ! Mengko dakgawekake teks, saiki dakblabari sithik-sithik !"
Sasangka : "Inggih, Pak ! Sampun ngantos kewirangan. Kados pundi caranipun ?"
Pak Sis : "Wong sesorah kuwi:

1. Trapsilane ngadeg kudu sing tata. Yen cara Jawa ngapurancang.
2. Kudu tatag lan teteg atine.
3. Bisaa mumpuni isine sing disesorahake.
4. Becike sing cucut lan sing micara".

Sasangka : "Manawi bab punika kula sampun mangertos, Pak!"
Pak Sis : "Dhek kapan kowe tampa wulangan bab kuwi ?"
Sasangka : "Kala......., kala......., inggih nembe punika ! Hahaha!"
Pak Sis : "Apa ta rak tenan, ngono we thik mubeng bae, Lik, Lik !"
Sasangka : "Kangge jampi isin ! Gengsi, Pak. Hi hik !"
Pak Sis : "Ora dadi apa, Lik. Saiki kowe nyuwuna maem Bulik kana!

Aku dak gawe teks dhisik. Irah-irahane rak sasenenge, ta?"

Sasangka : "Inggih, matur nuwun !"
Pak Sis : "Iya-iya ! Kana-kana !"


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !

  1. Piye, ngandel ora, aku rak wis kandha !
  2. Piye, ngandel ora, mau ndadak mbregudul !
  3. Piye, ngandel ora, bola-bali wis watake !
  4. Piye, ngandel ora, dikapak-kapakke wong jiwane asor !
  5. Piye, ngandel ora, dipenging goncengan telu nekad !

18