Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bapak : "Wah, saiki kowe yen ngarani harian: ari warti, yen mingguan: kala warti".
Dibya : "Mekaten, Pak. Kula nate matur Bapak Guru, manawi harian hari warti, mingguan kok sanes minggu warti".
Bapak : "Ha ha ha ha ha! Aneh-aneh bae kowe kuwi, Dib! Mengko bulanan banjur bulan warti, ngono pa piye?"
Dibya : "Kula lajeng boten wantun matur sanes-sanesipun. Punika kemawon kanca kula lajeng sami nggegujeng sadaya".
Bapak : "Lha ya samesthine. Wong Bapak we ya nggujeng kok. Lucu kowe ki !"


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !

  1. Ana-ana bae, pitik kok disikep, lha ya nglubuk-nglubuk.
  2. Ana-ana bae, krupuk kok dikumbah, lha ya mlempem.
  3. Ana-ana bae, ngliwet kok ditinggal turu, lha ya gosong.
  4. Ana-ana bae, banyu aki dikira cokak, lha ya mateni.
  5. Ana-ana bae, bengi-bengi lawange dijeblag, lha ya kelebon maling.


II. Maca titi

A. Wacanen batin kang titi !


Serat Kabar

Ing jaman sapunika serat kabar punika dados kabetahaning umum, langkung-langkung tumrap kaum dagang, ageng sanget pigunanipun. Kajawi sumerep dhateng ebahing jagat, inggih saged ngindhakaken seserepan tumrap padamelan. Golongan punapa kemawon saged ngraosaken paedahipun.

Yasa serat kabar punika kajawi kedah ngawontenaken bandha kangge wragad ngecap, ingkang perlu kedah wonten juru ngarangipun. Manawi juru ngarang punika langkung saking satunggal, salah satunggal dados sesepuhipun ingkang tanggel jawab tumrap isinipun serat kabar. Kajawi juru ngarang ingkang

34