Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Tuladha:

a. Ora kok Bulik, mung arep takon Paklik carane wong sesorah.
b. Ora kok Bulik, mung arep matur Paklik carane wong sesorah.

Benerna kaya tuladha !

1. Kana, njaluka maem bulik !
2. Tamune wis padha teka, Bapak durung adus.
3. Dakcepaki kopi, embah ora gelem ngombe, jare lagi mutih.
4. Sssst, aja rame-rame, bapak lagi turu!
5. Enya, Mbakyu, dakwenehi salak Bali karo apel Malang.
6. Jare wingi arep rene, kok ora sida ?
7. Kandhane Pak Guru ngrokok kuwi mitunani tumraping kuwarasan.
8. Kandhaa Pak Guru, manawa tekamu kepeksa telat jalaran nukokake obat embah.

IV. Kasusastran

Lambang utawa pralambang
Lambang utawa pralambang iku warna-warna. Upamane:

1. Lambang jaman, kayata:

a. Anderpati kalawasesa : lambang kaanane jaman Pajajaran.
b. Rajapati Dewanata : lambang kaanane jaman Majapahit
c. Kalajangga : lambang kaanane jaman Pajang.
d. Adiyati Kalawisesa : lambang kaanane jaman Demak.
e. Kalasakti : lambang kaanane jaman Mataram.
f. Kalabendu : ora disebutake jaman kapan.

2. Lambange wong kang dadi paranpara, kayata:

  1. Sing lara supaya diwedhaki kayu urip dicampuri adas pula waras.
    Iki pralambang manawa sing lara ana pangarep-arepe bisa waras.

22