Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Bapak lengganan layang kabar Berita Yuda.
  2. Aku titip, tukokna cet tembok karo kuwas.
  3. Lanjar tampa dhuwit pesangon limang atus ewu.
  4. Ibu mundhut gula pasir, susu bubuk karo coklat.
  5. Bapak ibu tindak Surabaya, aku tunggu omah karo Mbak Siti.
  6. Martini kae cilikane mlenis, bareng wis diwasa gedhe dhuwur kaya ibune.
  7. Bapakmu kae enom tuwane sabapakku.
  8. Yen ora kepeksa, aja nganti gawe repote sanak sedulur.


IV. Kasusastran

Kasusastran yaiku sakabehing piwulang kang basane edi (endah) lan isine luhur.
Kasusastrane bangsa kang durung ngerti tulis awujud kasusastran lesan, sumebare sarana gethok tular, kojah-kinojahake.
Kasusastran lesan umume ora kasumurupan sapa sing yasa. Kasusastran mau banjur diarani kasusastran para, dianggep gaweane wong akeh.
Bangsa kang wus ngerti ing tulis kasusastrane awujud Kasusastran tinulis, lumrahe wis dingerteni sapa sing yasa. Kasusastran kuwi diarani kasusastran miji.
Sanajan mangkono, sanajan jamane wong padha ngerti ing tulis, isih akeh kasusastran kang ora kasumurupan maneh sapa sing yasa. Upamane: Dongeng Jaka Kendhil, uran-uran "semut ireng”, lagu dolanan ”"Lir-ilir".
Manut dhapukane, kasusastran ana rong warna kasusastran gancar lan kasusastran tembang.

Dadi, ana :
a. kasusastran para — kasusastran miji
b. kasusastran lesan — kasusastran tinulis
c. kasusastran gancar — kasusastran tembang

Kawruh kang ngrembug bab kasusastran kaperang dadi rong warna yaiku kawruh bab kagunan basa lan kawruh bab kapustakan.

38