Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Belo melu seton= Anut grubyuk, ora ngerti dununge prakara.
  2. Iwak klebu ing wuwu= Wong kena ing apus kanthi gampang.
  3. Cengkir ketindhihan kiring= Wong kalah prabawa amarga kalah tuwa.

11. Sanepa
Ukara pepindhan ngemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balen karo sing dikarepake.
Tuladha:

  1. Tatune arang kranjang = kerep banget
  2. Utange arang wulu kucing = akeh banget
  3. Kulite wuled godhong lumbu = mbedhel banget
  4. Rasane legi bratawali = pait nyetheg
  5. Rembuge peret beton = lunyu utawa mencla-mencle
  6. Kawruhe jero tapak meri = cethek banget
  7. Awake kuru semangka = lemu banget
  8. Cayane abang dluwang = pucet banget
  9. Gandane arum jamban = banger banget
  10. Dedege dhuwur kencur = endhek banget

12. Cangkriman
Unen-unen kang kudu dibatang.
Tuladha:
a. Kang awujud tembung wancahan:

  1. Pakboletus = tepak kebo lelene satus.
  2. Burnas kopen = bubur panas kokopen
  3. Pakbomba pak lawa pak peyut = tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak cempe ciyut.
  4. Pethel gowang pelot = sepete cemanthel, jagone ana lawang, cempene mencolot.
  5. Wiwa wite lesba dhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge.

Mbs-3-71