Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

E. Terangna tegese !

  1. Ngalasake negara.
  2. Mirong kampuh jingga.
  3. Mbeguguk ngutha waton.
  4. Omah ing sadhuwuring jaran.
  5. Malik bumi.


IV. Kasusastran

Kasusastran Jawa Kuna

Tumrap bangsa Indonesia, luwih-luwih ing kalangan Jawa, crita wayang iku wis mbalung sungsum. Saben uwong mesthi ngerti jeneng-jenenge; Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa, Gathutkaca, Abimanyu, Srikandhi, Kresna, Baladewa, Suyudana, Rama, Lesmana, Sinta, Dasamuka, Anoman, Semar, Gareng, lan Petruk sarta Bagong.
Buku kuna sing dadi babone crita wayang iku ana loro, yaiku: Buku Mahabharata lan Buku Ramayana.

  1. Buku Mahabharata
    Buku Mahabharata kuwi dhapukane gancaran, basane Jawa Kuna. Sing ndhapuk ora kasumurupan, kira-kira dhapukan nalika jaman jumenenge Prabu Darmawangsa. Buku Mahabharata critane dawa lan muyeg, nyritakake lelakone darah Bharata: Pandhawa lan Kurawa. Buku Mahabharata diperang dadi 18 parwa utawa 18 jilid, diarani Astha Dasa Parwa. Perangan kapisan, jenenge Adiparwa, nyritakake lelakone Pandhawa lan Kurawa nalika isih cilik. Perangan kaping lima, nganti perangan kaping limalas, nyritakake perange Pandhawa Kurawa, katelah Perang Barata utawa Bratayuda. Perangan kaping wolulas nyritakake Pandhawa ana ing suwarga.
  2. Buku Ramayana
    Buku Ramayana kuwi adhapur Kekawin, basane Jawa Kuna. Sing ndhapuk uga ora kasumurupan.

Mbs-3- 47