Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bebuka

"Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Daerah" kangge SMP sampun lair kanthi "Kata Pengantar" Bapak Kepala Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 5 Juli 1980.

Lairing GBPP wau tumunten kasusul "Instruksi" Bapak Kepala Bidang PMU Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah nomer 2063/P/1.03-4/U-80.

Wonten ing GBPP wulangan basa Jawi boten namung ing klas I lan II, nanging ugi ing klas III. Malah wonten ing "instruksi" nipun Bapak Kepala Bidang PMU ing antawisipun dipun sebutaken bilih basa Jawi klebet salah satunggaling "mata EBTA".

GBPP Bidang Studi Bahasa Daerah wau lair sasampunipun dipun adani "Loka Karya Guru Bahasa Daerah SMP-SMA Negeri Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 7 s.d. 10 Juli. 1977 di Tawangmangu dan tanggal 1 s.d. 3 Juli 1980 di Salatiga".

Wontenipun GBPP lan Instruksi kasebut mila lajeng kraos betahipun buku wulangan ingkang laras utawi cocog. Awit saking punika kula sakanca ingkang kala samanten tumut cawe-cawe ndhapuk GBPP rumaos kajibah ndhapuk buku wulanganipun.

Kanthi suka sukur ing Pangeran Ingkang Mahaagung, kula sakanca sampun rampung ndhapuk buku:

  1. Mardi Basa lan Sastra Jawi 1
  2. Mardi Basa lan Sastra Jawi 2
  3. Mardi Basa lan Sastra Jawi 3,

ing pangajab kenginga kangge cepenganing para siswa SMP klas I, II lan III.

Kula sakanca ngrumaosi bilih isining buku punika taksih kathah kirang lan cewetipun. Pramila panyaruwenipun para kadang sutresna basa lan sastra Jawi kula tampi kanthi bingahing manah lan matur gunging panuwun.

Ing wasana kula sakanca angaturaken agunging panuwun dhateng panjenenganipun:

Mbs-3- 5