Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Tono : "Lajeng namanipun basa punapa, Mbah?"
Simbah : "Kuwi basa Jawa Kuna utawa basa Kawi."
Tono : "Weh, basane leluhur kok ora ngerti. Dospundi, Mbah, werdinipun ?"
Simbah : "Tegese tembung dhisik, ya !"
Tono : "Inggih, mangke lajeng maknanipun."
Simbah : "Eka tegese siji utawa tunggal, prasetya janji itawa tekading ati, panca tegese lima, karsa tegese karep".
Tono : "O, inggih, inggih! Lajeng maknanipun dospundi, Mbah ?"
Simbah : "Maknane :Janji utawa manunggaling tekad kang mengku karep sumedya nindakake sila lelima kang kasebut ing Pancasila"
Tono : "Wah wah wah, tibakipun Simbah punika empunipun basa Jawi saestu."
Simbah : Simbah kok dialem. Kaya bocah cilik bae ta, Ton! Simbah ki dialem ora gumun, dicacad ya ora apa-apa!"
Tono : "Boten ngalem kok, Mbah. Punika salugunipun. Lajeng kok dipun namekaken P 4?"
Simbah : "Lha iya ta. Gurumu Ngendika piye, tegese P 4 kuwi ?"
Tono : "Ngaten, Mbah. P 4 punika cekakan saking: Pedoman Penghayatan dan Pengamalan Pancasila".
Simbah : "O iya, mathuk. Yen dijarwakake P 4 ki kurang luwih mangkene. Pandom Pangrasuk lan Pangetraping Pancasila"
Tono : "Wah kok ingah serasi inggih, Mbah !"
Simbah : "Yen Simbah ora ngerti serasi. Ngertine Simbah tembung keplok, jumbuh, utawa laras".


B. Wacanen kang patitis, lagokna sing trep manut rasaning ukara !

  1. Tobat-tobat, bocah dikandhani kok mbregudul temen !
  2. Tobat-tobat, anggake thik ora jamak !
  3. Tobat-tobat, kemakine !
  4. Tobat-tobat, sambel thik pedhese kaya ngene !
  5. Tobat-tobat, sumur thik jerone ngudubilah setan !

10