- Mbesuk sasi ngarep Pak Sastra mantu putrane.
- Untuku krowok, rasane senut-senut.
- Mripate dilek-lekake, kupinge diambak-ambakake.
- Boyoke pegel, ros-rosane ngethok.
- Mripate plirak-plirik, tangane uthak-uthik.
IV. Kasusastran
Candrasangkala
Candrasangkala iku cathetan angkaning taun awujud ukara. Miturut kawruh candrasangkala, saben tembung Jawa duwe teges angka dhewe-dhewe.
Tembung-tembung kang duwe teges angka siji, diarani tembung watak siji, sing duwe teges angka loro, telu lan sapiturute, diarani tembung watak loro, telu, lan sapiturute, nganti tekan watak sepuluh utawa watak nol.
Upamane candrasangkala: Dwi naga rasa tunggal.
Dwi awatak 2, naga awatak 8, rasa awatak 6, tunggal awatak 1. Dadi, dwi naga rasa tunggal ateges: 2 8 6 1. Karepe, arep nulis cathetan taun: 1682. Marga, watone ukara sengkalan kuwi walikan karo urutaning angka taun sing dikarepake.
Kajaba kuwi, ukara sengkalan kudu runtut kepenak, sarta mencok surasane karo lelakon sing dipengeti.
Ing ngisor iki pratelan bab wataking tembung sawatara:
Watak 1 : | Bumi, srengenge, rembulan, lintang.
Allah, Gusti, manungsa, kawula. Wutuh, bunder, wangun, nyata, wani, urip. Perangane awak sing cacahe mung siji, sirah, ati, buntut. |
Watak 2 : | Barang sing jodhon:
Panganten, kembar, mripat, kuping, tangan, swiwi, suku, sungut, bau, pipi, alis. Sipat utawa kriyane tembung-tembung mau, upamane: mireng, nembah, ndulu, mabur, mlampah. |
Watak 3 : | Geni, urub, panas, jurit, tandang, guna, putri, estri, cacing. |
Watak 4 : | Banyu, kali, segara, bening, suci, warna, keblat, jaman. Panggawe, karya, kerta. |
30