Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Pak Lurah : ”Nek ngono patut diconto. Lha wong sing nuntun Pak Carik, kurangane apa !”
Pak Carik : ”Wah, inggih boten ngaten, Pak Lurah. Kok lajeng dipun indhak-indhakaken. Sedaya wau rak gumantung pribadinipun sadherek-sadherek ngriki piyambak”.
Pak Lurah : ”Leres, Pak Carik. Nanging, manawi ingkang mimpin boten prigel kinten kula inggih mblento. Kula mireng-mirengaken, Pak Carik punika boten namung dhawuh, nanging estu-estu: Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”.
Pak Carik : ”Borong anggenipun mastani Pak Lurah, wontenipun inggih kados ngaten punika kula. Namung, bab tiyang ngriki pancen sregep lan pethel”.
Pak Lurah : ”Manawi ngaten, punapa prayoginipun sadherek-sadherek ingkang taksih sami nganggur punika dipun ajak dados wiraswasta kemawon ?”
Pak Carik : ”Kersanipun badhe ada-ada bab punapa, Pak Lurah?”
Pak Lurah : ”Anu, damel banon. Sapunika rak usum pembangunan !”
Pak Carik : ”Rumiyin sampun wonten ingkang nyobi, Pak! Nanging sitinipun boten cocog. Wonten siti sae sakedhik aluwung dipun tanemi, sanesipun awujud padhas.

Mila lajeng macet”.

Pak Lurah : ”Lha punika ingkang dereng kula aturaken. Kula mentas tumut penataran bab pemugaran”.
Pak Carik : ”Dospundi, Pak Lurah? Punapa ingkang saged dipun tindakaken sadherek-sadherek ing ngriki ?”
Pak Lurah : ”Wonten ing papan penataran kula srawung kaliyan para lurah saking tlatah pundi-pundi. Wonten kanca lurah ingkang crita ngantos gamblang bab banon pres. Banon pres punika bahanipun pasir lan semen. Dipun carup, lajeng dipun cithak, boten ndadak dipun besmi”.

50