Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

III. Kawruh basa

A. Tuladha

Wana punika ketingalipun boten migunani tumrap gesangipun manungsa.

Tembung-tembung iki gawenen ukara kang luwes !

1. ketingal
2. ngetingal
3. tingalan
4. tetingalan

5. paningal
6. ningali
7. kaca tingal
8. malik tingal

B. Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog sing cumawis ing ngisor !

  1. Saben wulan Mulud ing ....... ler Kraton Ngayoja wonten upacara Sekatenan.
  2. Kidul dhusun wonten ....... kangge pangenan.
  3. Toya wadhuk punika cekap kangge ngoncori ..... pinten-pinten atus hektar.
  4. Kajawi palawija, pantun gaga ugi cocog dipun tanem wonten ing .......
  5. Kala kinanipun Dhusun Nglorog punika arupi ........ alit yasanipun Ki Jagasura.
  6. Lampahipun Pak Kabul nglangkungi ........ gung liwang-liwung.
  7. .... kula wonten karang kitrinipun sawatawis lan ugi kula tanemi empon-empon.
  8. Pinuju padhang bulan, lare-lare dolanan wonten ing ....

a. latar
b. trukan
c. wana
d. kebon

e. alun-alun
f. tegil
g. ara-ara
h. sabin

C. Tembung njeron kurung ing ngisor iki wenehana seselan el, er, um, utawa in!

  1. Swarane macan pating (gereng).
  2. Saka kadohan lampu-lampu kuwi katon pating (kelip).