Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 1

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Ekaprasetya Pancakarsa
Tono : "Mbah dereng sare ?"
Simbah : "Yah mene kok turu ta, Ton, malem Jumuwah barang ! Mrihatinke kowe ben pinter sekolahmu"
Tono : "Pintera menawi nakal, aluwung bodho, nanging boten nakal, Mbah"
Simbah : "Luwih becik pinter tur budine becik no, sisan olehe becik, Coba saiki arep piye meneh wangsulanmu, Ton ?"
Tono : "Boten badhe ndhebat, Mbah, menawi dereng arip badhe nyuwun priksa Simbah"
Simbah : "O, ngono ta! Sajake thik tenanan ta, Le. Coba arep matur apa"
Tono : "Punika lho, Mbah, tembung enggal basa manca."
Simbah : "Nek basa manca Simbah ora tau sekolah dhuwur ki, ya pinter kowe no. Simbah ngertine mung 'yes' karo 'no'."
Tono : "Wah sanes punika, Mbah. Manawi basa Inggris kulasampun radi lanyah."
Simbah : "Lha basa manca sing endi?"
Tono : "Duka, basa pundi punika. Inggris sanes, Walandi sajakipun inggih sanes."
Simbah : "We lha, kok mbingungke ngono! Coba unine piye?"
Tono : "Ngaten, Mbah : Ekaprasetya Pancakarsa."
Simbah : "O o o o o, kuwi ta ! Kuwi dudu basa manca, Le! Basane mbah-mbahmu biyen ki kaya ngono kuwi !"

Mbs-3- 9