Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Ngertimu saka ngendi manawa layang kuwi layange adhi marang kakang ?

III. Kawruh basa
A. Kisma tegese lemah. Dasanamane kisma yaiku: bantala, pratala, basundara, basundari, pratiwi, siti.
Mara golekana dasanamane tembung-tembung ing ngisor iki !

  1. banyu =
  2. angin =
  3. gunung =
  4. segara =
  5. srengenge =
  6. rembulan =

  1. uwong =
  2. buta =
  3. Allah =
  4. dewa =
  5. anak =
  6. mati =

B. Tuladha:
a. Konjuk mring raka sarimbit.
b. Konjuk mring raka sekaliyan.
Ceceg-ceceg. iki isenana tembung sing cocog, pilihen tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !

  1. Pakdhe ............ tindak Surabaya, aku didhawuhi tunggu omah karo Mas Bima.
  2. Wisnu tuku puter............
  3. Tobat, gedhang ............ entek saendhegan.
  4. Ngarepake riyaya aku dipundhutake ibu sandhangan............
  5. Embah mundhut suruh ............
  6. Lik Landhung tuku jaran............ arep kanggo ngandhong.
  7. Yen arep nglotis tukua gula jawa ............ karo lombok sacukupe.
  8. Bapak kagungan gamelan slendro............
  9. Entek omah ............ genine wis sirep.
  10. Krambil ............ nean durung mesthi padha tuwane.
  11. O Allah, endhog............kok kopyor kabeh !
  12. Sasi ngarep Pak Rohlan ............ sida boyong menyang Sumatra.

60