Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 6

1. A. Pacelathon

Tindakna!

Damel Banon Pres


Pak Carik : ”Pak Lurah, dhusun tlatah ngriki punika kok kathah tiyang ingkang boten gadhah pakaryan”.
Pak Lurah : ”Lha inggih ta, Pak Carik. Tiyang tani sabinipun tadhahan, namung njagekaken toya jawah”.
Pak Carik : ”Punapa boten wonten rancangan ingkang kagalih prayogi kangge mbiyantu tiyang-tiyang ingkang boten gadhah pakaryan gumathok, Pak?”
Pak Lurah : ”Wah, sejatosipun kula saweg badhe matur Pak Carik, kleresan panjenengan usul. Kula rak lurah enggal, Pak Carik, dereng ngertos bab tandangipun sedherek ngriki”.
Pak Carik : ”Manawi bab sregepipun nyambut damel Pak, tiyang-tiyang ing wewengkon kalurahan Balearja ngriki kula pitados lan tanggel jawab tamtu sregepipun”.
Pak Lurah : ”Punapa Pak Carik sampun nate nyipati tandangipun sadherek Balearja ngriki?”
Pak Carik : ”Wah, sampun asring, Pak! Saben-saben wonten gugur gunung boten wonten ingkang iren, tur pethel-pethel saestu. Pak Camat Sukadana ugi asring ngawuningani babagan punika”.
Pak Lurah : ”Lho, manawi gugur gunung punapa dumugi kecamatan barang ?”
Pak Carik : ”Sejatosipun boten, tiyang boten dipun dhawuhi. Nanging, sadherek Balearja punika sami gumrudug piyambak dhateng kecamatan”.

Mbs-3- 49