Menyang kontèn

Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Pak Lurah : ”Inggih, ning sanes orisi. Namanipun erosi utawi siti nggogos. Sampun dhamang saestu, Pak ?”
Pak Karta : ”Sampun, Pak Lurah. Manawi kula manah, pancen leres bilih risakipun wana punika adamel pitunanipun manungsa piyambak”.
Pak Lurah : ”Kosok wangsulipun, manawi kita njagi lestantunipun wana ateges kita njagi kawilujengan kita piyambak. Rak, inggih ngaten, ta ?”
Pak Karta : ”Inggih, inggih Pak! Sampun mudheng saestu kula. Wah, kados sampun dalu, Pak Lurah, kula kepareng nyuwun pamit”.
Pak Lurah : "Kok lajeng enggal-enggalan! Mangga, mangga, ndherekaken sugeng !"


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !

  1. Mula ta mula, yen ngepit ki sing ngati-ati !
  2. Mula ta mula, yen arep menggok ki nyeplang dhisik !
  3. Mula ta mula, yen diwulang ki nggatekake !
  4. Mula ta mula, yen tetuku ki dititi sing tenan!
  5. Mula ta mula, yen nampa dhuwit ki dietung dhisik !
  6. Mula ta mula, yen ana jadwal anyar ki dicathet!
  7. Mula ta mula, yen diweling ki nggatekake!
  8. Mula ta mula, yen mangan sambel ki duga-duga !
  9. Mula ta mula, yen lunga ki pamit!

II. Maca titi

A. Wacanen kang titi

Wana

Wana punika ketingalipun boten migunani tumrap gesangipun manungsa. Papanipun runggut, peteng ngajrih-ajrihi. Para durjana saged ndhelik wonten ing ngriku kanthi aman. Kewan-kewan galakipun kathah, ugi mbebayani.

Namung kemawon, sedaya wau saged dipun wekani, murih boten damel pitunanipun manungsa. Punapa malih menawi

Mbs-3- 43