Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Kagunan Basa

I. Tembung saroja
Tembung loro padha tegese, dicampur dadi siji.
Tuladha:

  1. jalma manungsa
  2. sato kewan
  3. ewuh pakewuh
  4. mukti wibawa
  5. papa cintraka
  6. edi peni
  7. andhap asor
  8. dhodhok seleh
  9. tumpuk undhung
  10. tata krama

  1. sapa aruh
  2. canthuk lawung
  3. tindak-tanduk
  4. tandang grayang
  5. sayuk rukun
  6. sabar drana
  7. kongas ngambar
  8. nungsang njempalik
  9. akal budi
  10. adi luhung

2. Yogyaswara
Ateges lanang karo wadon, swarane meh padha.
Tuladha:

  1. hapsara hapsari
  2. widadara widadari
  3. raseksa raseksi

  1. prameswara prameswari
  2. yaksa yaksi
  3. bathara bathari

3. Tembung garba utawa sandi
Tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji, cacahe wandane suda.
Tuladha:

  1. prapta + ing : prapteng
  2. nuju + ari : nujwari
  3. tumuju + ing : tumujweng
  4. dadya + ewuh : dadyewuh

Mbs-3- 67