Kaca iki wis divalidasi
| 2. Suduk gunting tatu loro. |
= |
Nindakake sawijining bab, wu sanane nandhang kapitunan lu wih saka sawerna |
| 3. Ora ganja ora unus. |
= |
Wong kang rupane kuciwa, atine uga ala. |
| 4. Nututi layangan pedhot. |
= |
Ngupaya ilange barang remeh, upama ketemu ora sumbut karo rekasane. |
| 5. Idu didilat maneh. | = | Nyeled kasaguhane dhewe. |
| 6. Madu balung tanpa isi. | = | Regejegan prakara sepele. |
| 7. Ngubak-ubak banyu bening |
= |
Gawe rusuh ing papan kang tata tentrem. |
| 8. Emban cindhe emban siladan. |
= |
Pangrengkuhe marang siji lan sijine ora padha. |
| 9. Dudu berase ditempurake. |
= |
Urun rembug, ora gathuk karo bab sing lagi dirembug. |
| 10. Adol lenga kari busik. |
= |
Dundum, awake dhewe ora ka panduman. |
10. Saloka
Unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake uwong lan tindak-tanduke utawa kaanane.
Tuladha:
| 1. Gajah ngidak rapah. | = | Wong kang nerak wewalere dhewe. |
| 2. Kebo nusu gudel. | = | Wong tuwa njaluk wuruk wong enom. |
| 3. Kemladheyan ngajak sempal. | = | Mitra kang ngajak marang karusakan. |
| 4. Tekek mati ulone. | = | Wong nemu cilaka marga saka guneme dhewe. |
| 5. Bathok bolu isi madu. | = | Wong asor nanging sugih kaluwihan. |
| 6. Kethek saranggon. | = | Wong sasanak sadulur padha dadi wong ala. |
| 7. Pecruk tunggu bara. | = | Wong ala pinracaya nunggu barang kang dadi pakaremane. |
70