Kaca iki wis divalidasi
| 5. siti | + inggil | : sitinggil |
| 6. maha | + ambek | : mahambek |
| 7. sarwi | + anjoged | : sarwyanjoged |
| 8. ratu | + ambek | : ratwambek |
| 9. maha | + raja | : mahraja |
4. Rura basa
Tembung salah kaprah.
Tuladha:
| 1. nguleg sambel | 5. mbunteli tempe | |
| 2. mbathik sarung | 6. netel jadah | |
| 3. adang sega | 7. menek krambil | |
| 4. ndondomi clana | 8. mikul dhawet |
5. Kerata basa (Jarwa dhosok)
Negesi tembung manut wanda-wandane utawa manut pakecapane.
Tuladha:
| 1. kupluk | = kaku tur nyempluk |
| 2. kuping | = kaku tur njepiping |
| 3. gethuk | = digeget karo manthuk-manthuk |
| 4. gedhang | = digeget sabubare madhang |
| 5. kodhok | = teka-teka ndhodhok |
| 6. tandur | = nata karo mundur |
| 7. garwa | = sigarane nyawa |
| 8. krikil | = keri neng sikil |
| 9. wanita | = wani mranata |
| 10. siti | = isi bulu bekti |
6. Tembung entar
Tembung sing tegese dudu teges salugune.
Tuladha:
| 1. lobok atine | = sabar |
| 2. jembar segarane | = sugih pangapura |
| 3. dawa tangane | = clemer |
68