Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sampun tetep, inggih kedah gadhah pembantu ing sanes panggenan ingkang saged ngintunaken kabar sawanci-wanci sarana serat, sarana tilpun, utawi tilgram dhateng sesepuhipun juru ngarang sapambantunipun. Serat kabar ugi gadhah punggawa ingkang ngurus tumindaking padamelan, kadosta: nampeni arta lengganan, ngintunaken serat kabar dhateng para lengganan, ngurus wragading ngecap. Manawi gadhah pangecapan piyambak inggih ngurus dlancang, mangsi, tukang, punggawa sapanunggilanipun, ingkang bangsa padamelan pangecapan.

Serat kabar punika wonten ingkang medal saben dinten wonten ingkang medal seminggu sepisan, setengah wulan sepisan, saben wulan, ugi wonten ingkang medal tigang wulan sepisan. Ingkang medal saben dinten namung awujud dlancang lembaran, sanesipun sami wujud buku, namanipun kalawarti.

Isinipun kenging kapilah-pilah makaten:
Ingkang awujud dlancang lembaran, ing kaca kapisan wonten seratan ageng: namanipun serat kabar wau. Lajeng karangan karangan saking para juru ngarang, limrahipun arupi wawasan warni-warni babagan punapa kemawon, kadosta: babagan parentah praja, babagan panggesangan, padagangan, kataberen, kabudidayan, panggulawenthah, among tani, kasarasan, piwulang, lan sanes-sanesipun malih, cekakipun ingkang nyekapi dhateng betahing ngakathah. Kaca kaping kalih ngewrat kabar cekak-cekak saking manca nagari utawi saking sabrang, wonten papan saperangan kangge ngewrat kabar-kabar saking kithanipun piyambak, saperangan malih kangge ngewrat kabar-kabar babagan olah raga. Wasana ugi wonten papan sedhiyan pariwara. Sadaya tiyang, langkung-langkung para among dagang, nglebetaken pariwara sarana katarik bayaran, mewahi pengasilanipun serat kabar wau.

(Pacitan I, kaewahan manut kabetahan)


B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Apa sing dikarepake dados kabetahaning umum ?
  2. Apa paedahe layang kabar kuwi ?
  3. Sapa sing duwe tanggung jawab marang isine layang kabar ?

Mbs-3-35