- Bapak, Ibu,...........kowe saadhi-adhimu ditimbali sowan Embah menyang Banyuwangi.
- Ngerti jenenge bae durung,................tepung.
- Tangiku wis dakesuki,................ meksa kalah dhisik karo wungune ibu.
- Yen mung kogenteni sepuluh ewu aku isih rugi,........rehning kaselak butuh dakwenehake.
- Anggonku meling dakbolan-baleni,.........meksa lali.
- Jupri sida teka tenan,.........wis dakwanti-wanti kudu teka.
a. mangka
|
f. apa dene
|
E. Paribasan iki terangna tegese !
- Desa mawa cara negara mawa tata.
- Sabuk galeng.
- Kakehan gludhug kurang udan.
- Njagakake endhoge si blorok.
- Ngenteni timbule watu item, kereming prau gabus.
IV. Kasusastran
Mekare kasusastran Jawa modern (1910), para pujangga wis padha nengenake kasusastran gancaran, lan malah banjur thukul puisi anyar, yaiku soneta. Soneta abasa Jawa kang tuwa dhewe yaiku "Gelenging Tekad", anggitane Subagyo IN.
Puisi kuwi kapacak ing kalawarti basa Jawa Panyebar Semangat, tanggal 12 - 7 - 1949.
Ada-ada anyar kuwi banjur disusul jumedhule puisi-puisi anyar liyane kang dhapukane luwih mardika, lire ora winengku ing paugeran-paugeran kaya dene dhapukane tembang macapat lan soneta.
Para pujangga kang padha ndhapuk puisi-puisi anyar kuwi, kayata: S. Iesmaniasita, Joko Mulyadi, Purwadi Atmadiharja, lan Waluyo AS.
Mbs-3- 55