Menyang kontèn

Basa Jawi Gagrag Anyar 1

Saka Wikisumber
[ Sampul ]

ꦧꦱꦗꦮꦶ
ꦒꦒꦿꦒ꧀ꦲꦚꦂ




Kangge SMP


꧇꧑꧇


Dhapukanipun: MS DWIDJASOEWIKNJA BA

DWI DHARMA
KLATEN

[ Irah-irahan ]

ꦧꦱꦗꦮꦶ

ꦒꦒꦿꦒ꧀ꦲꦚꦂ

꧇꧑꧇



SMP

ms soewiknja ba



dwi - dharma Klaten

[ Prawacana ]
PRAWACANA

    Dhapukan buku BASA JAWI GAGRAG ANYAR punika dumugi sapriki pranyata ketingal saya kathah para kadang ingkang sampun kepareng ngresakaken ngagem.

    Ingkang punika temtu kemawon ndadosaken bombonging manah, liripun basa Jawi boten badhe ical larinipun. Sanajan mekatena pandhapuk tansah ngudi ngreka daya murih saya mathis saha ngrebdanipun, taksih nyuwun pambiyantunipun dhateng sok sintena ingkang kepareng paring urun-urun rembag, ingkang tundonipun mewahi seserepan, ingkang numusi murakabi sadayanipun.

    Ndadosna kawuningan bilih buku. Basa Lawi Gagrag Anyar ingkang babaran enggal punika wonten bab-bab ingkang dipun ewahi saha dipun wewahi ing babagan istilah-istilah anyar, saha prekawis sanesipun murih nggamblangaken katerangan sarta indhaking seserepan, punapa dene nggampilaken lampahing pandamelipun Program Satuan Pelajaran, ing pangajab sageda jumbuh kaliyan GBPP Bahasa Daerah ingkang sampun wonten.

   Ing wasana panyuwunipun pandhapuk, menggahing wontenipun wewahan wau sageda migunani wonten ing pawiyatan candhakipun, langkung-langkung wonten ing Pawiyatan Luhur sageda keplok lan runtut.

    Sadaya wau pandhapuk tansah ngaturaken agung ing panuwun dhateng para Pangageng saha Sesepuh ing DEPDIKBUD KANWIL PROPINSI JAWA TENGAH.

   Nuwun.

   Sinerat,Juni 1987

Aturing Pandhapuk,

[ Pratélaning isi ]
ISINE BUKU
Piwulang 1 kaca 7
Piwulang 2 kaca 23
Piwulang 3 kaca 33
Piwulang 4 kaca 45
Piwulang 5 kaca 59
Piwulang 6 kaca 73
Piwulang 7 kaca 83
Piwulang 8 kaca 97
Piwulang 9 kaca 109
Piwulang 10 kaca 119
[ 7 ]
WULANGAN 1

l. Wicara

TINDAK ARISAN


Ibu : "Tut, Tuti !"
Tuti : "Kula, Bu,"
Ibu : “Coba mrenea sedhela !"
Tuti : "Inggih."
Ibu : "Ngene ya, mengko sedhela maneh ibu arep
tindak, saprelu arisan."
Tuti : "Arisan wonten dalemipun sinten, Bu ?"
Ibu : "Anu, daleme ...... Bu Lurah."
Tuti : "Mangke jam pinten Bu ?"
Ibu : "Kira-kira iya jam papatan mangkono.”
Tuti : "Nitih punapa Bu ?"
Ibu : “Numpak becak bae.
Iki mangsane udan, ora usah numpak Ya -
maha.
Sepisan mengko mundhak kodanan.
Yen kodanan ibu bisa masuk angin.
Yen masuk angin kowe sing rekasa.
Bisa apa ngeriki ?"
Tuti : "Saged kemawon."
Ibu : "Kaping pindhone, Yamahane cikben rada
awet."
Tuti : "Lha mangke konduripun jam pinten ?"
Ibu : "Arisan mono ya sarampunge, kiraku ora
nganti jam 19.00"
Tuti : “Anu Bu, mangke menawi wonten tamu ka-
dos pundi ?"
Ibu : "Ya matura, Ibu nembe tindak !
Dene konduripun mangke jam pitu !"
Tuti : "Inggih, Bu."
Ibu : "Tuti aja lali ya !
Jangane kae mengko dingeti. Kareben aja
sayup. Adhimu paringana mangan.
Dhahare Bapak dicawisake dhisik.

[ 8 ]

Mengko yen wis surup, lawang-lawange di-
kancingi, pitike dikandhangake. Wis ya !"
Tuti : "Inggih, Bu, ndherekaken sugeng !

0, Bu, Bu, punika jam tanganipun kantun,
mangga !"


II. TITI SWARA/Vokal (1.1.1)

Fonetik Jawa

Manut jinis lan papan artikulasine, fonem

Jawa iku kaperang dadi loro, yaiku:

  1. fonem vokal
  2. fonem konsonan


Fonem vokal cacahe 6, yaiku:

A Ē
O E
U I


Fonem vokal iku wis bisa muni dhewe, ora prelu oleh pitulungan vokal liyane.

a - ē vokal tenggorokan (guttural)

é - i vokal ilat (lingual)

0 - u vokal lambe (labial)


Suwarane/unine

a = banyu, pasthi

à bapak, tepas

å lara, kandha, bapa

e = ě suwara pepet: rapet, pileg

i = i tiba, wisa, tiru

ì apìk, walìk

u = ú lúnga, túwa

ù rabùk, ribùt [ 9 ]e = é wéla-wéla

è arèk, kèpèk, awèh, mènèk

o = ó rono, mlongo, rodha

ò kòlòt, jòtòs


1. Vokal ing Ultima

a.Ultima iku wanda wekasan.
Coba tembung-tembung ing ngisor iki endi kang
diarani ultima, ucapna kang cetha !

gedhe sapi belo watu
pare bali soto telu
dhewe wadi sawo paro


Ultima iku manawa wujud vokal (ora sigeg=menga) diucapake murni.
Coba tembung-tembung ing dhuwur mau ucapna sapisan maneh !


  1. b.Dene menawa wanda wekasan (ultima) mau sigeg

    diucapake ora murni.

    Coba tembung-tembung iki ultimane ucapna kang cetha!


tekek pedhot gelis wedhus
pedhet repot sapih Sabuk
kates jebol bibit waluh
laden padon lading gubug


2. Vokal ing penultima

Penultima iku wanda sangareping wanda wekasan.

  1. a.Coba tembung-tembung ing ngisor iki endi kang diarani penultima, ucapna kang cetha !


sisik luwe sinta
pitu tuna pintu
tiru guna tundha
pira lunga gundha


  1. b.Suwara i lan u ngenut aturan suwara ultima
[ 10 ]

Coba tembung-tembung ing dhuwur mau ucapna sapisan maneh !

Penultima kang asigeg wujud nasal uga kaucapake sampurna.

c. Suwara a condhong o
Coba tembung-tembung iki ucapna !

bala tangga randha
rata bangsa kandha
kara tampa sanja
dawa tamba kanca


d. Fonem a kaucapake sampurna manawa kasusul vokal liyane.
Coba tembung-tembung iki ucapna !

paku tali sate
dalu pati gadho
baris mangan jago
garing bagus paro


e. a kang dumunung ing wanda sigeg diucapkake or sampurna.
Coba tembung-tembung iki ucapna !

karti kalbu kapti
marta palsu taptu
kasta taksih wastu
pashti paksa marga


III TITI TEMBUNG (1.5.)

A. Tembung lingga (l.5.l.)

 Dhapukane tembung lingga iku dumadi saka tembung wod lan tembung wanda wuwuhan.

 Wod iku dadi inti sarine tembung lingga, wod iku nduweni makna dhewe.

[ 11 ]Upamane tembung lingga uler, wode saka   l  e   r,


ler iku dumadi saka l - e - r
l = konsonan (k)
e = vokal (v)
r = konsonan (k)


wod l e r iku duwe makna dawa, dene
dadine tembung: galer, laler, iler,
uler lsp.


galer manawa diwenehi rumus ;kvkvk,

Coba tembung lingga ing ngisor iki wenehana rumus !

meles gulung gagah lunga
mules balung sagah menga
wales melung wegah lenga
belur galeng kandha nangka
balur meleng bandha bangka
mulur theleng andha wingka


B. Tembung andhahan (1.5.2)
Tembung andhahan iku tembung kang wis owah
saka asale (linggane).


Upama: tulis dadi nulis, katulisan, nulisi.
Dene tembung lingga dadine tembung andhahan sarana wuwuhan:

  1. a. ater-ater (wuwuhan ngarep)
  2. b. seselan (wuwuhan tengah)
  3. c. panambang (wuwuhan buri)


Ater-ater anuswara (nasalering), dadi tanduk.

an ––→ nitih, nuthuk, ndudut, dhudhuk lsp
any ––→ nyapu, njambak, nyukur lsp
am ––→ mbalang, mathak, malik lsp
ang ––→ ngatur, ngukur, nggambar, ngrajang;

nglapis lsp

Coba tembung kang digaris ngisore iki dadekna tembung andhahan (tembung tanduk) ! [ 12 ]

  1. Bapak tindak kantor ora ana kang dherek.
  2. Olehe tindak titih Yamaha.
  3. Ana ing kantor serat lapuran.
  4. Bareng kondur asta oleh-oleh.
  5. Tekan dalem bukak tas.
  6. Nuli lenggah lan waos koran.
  7. Sadhela maneh unjuk wedang.
  8. Ibu celak, atur dhahar.
  9. Bubar dhahar isis ing teras.
  10. Mlebu kamar agem piyama.

b. Tembung-tembung ngisor iki golekana linggane

mapan ndulit ngukur ngijo
maro ndemok ngerok ngilo
mbalang ndhangir nggraji ngumbar
mburu ndhangak nggudheg nguja
malik nisih nglara ngedan
miru nusuh nglapis ngetung
nulis nyukur ngranggeh ngobrol
nimba nyepak ngrujak ngore
nothok njunjung ngabang ngedol
nuthuk njimpit nguleg ngerong


IV. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.3)

A. Dasa nama (Sinonim)
Tembung dasa nama ing ngisor iki gatekna !
1. ati : manah, galih, wardaya, tyas, nala, kalbu
2. anak : putra, atma, atmaja, tanaya, siwi, suta, sunu, weka
3. angin : samirana, bayu, bajra, pawana, maruta, sindhung, riwut, barat, aliwawar
4. asu : segawon, anjing, srenggala , sona.
5. bapa : rama, yayah, sudarma

[ 13 ]

6. biyung : simbok, ibu, umi, wibi, rena
7. banyu : toya, warih, we, her, tirta
8. bantheng : andaka, jawi, angun-angun
9. bumi : bawana, jagat, pratiwi, donya
10. cacing : uti, werjit, lusi, wecita

B. Kosak balen

Tuladha : Lha mangke konduripun jam pinten?
Lha mangke tindakipun jam pinten?

Coba ukara ing ngisor iki gawenen kaya mangkono!

1. Bapak lagi tindak kantor.
2. Dar olehmu mlaku sing rindhik bae!
3. Olehe tindak nitih tumpakan.
4. Wetengku isih wareg.
5. Layangane diundha anteng.
6. Kartiyah iku cethil.
7. Bocahe pancen seneng ngebreh.
8. Sapa ta sing jirih?
9. Pak Wangsa saiki sugih.
10. Dheweke pancen duwe watak kesed.

C. Homonim

 Kang diarani homonim iku tembung kang ucapane padha, nanging beda tegese, upamane:

 a. Jangane kae mengko dingeti. (dipanasi kareben anget)

 b. Tar, kowe kuwi dingeti bae kok nesu. (diwasake)

Coba tembung-tembung kang suwarane padha iki kepriye tegese?

1. a. Peksi Garudha dados lambang negari RI.
b. Mbakyu menawi gadhah kula lambang arta 5 ewu rupiyah kemawon.
2. a. Ilatipun gendhuk sakit gom.
[ 14 ]
b. Anggenipun mundhut gom dhateng pundi?
3. a. Wingi dalu griyanipun Babah Paing dipun kampak ngantos telas-telasan.
b. Wah cotho, kampak kula putung garanipun.
4. a. Menawi pinuju ocal-ocal cekap ngangge rasukan kokok kemawon.
b. Badanipun Amir pancen kokok saestu.
5. a. Serat kabaripun sampun dipun waos Bapak.
b. Mengsahipun dipun waos pener lambungipun.
6. a. Wau enjing murid-murid dipun arak dhateng Setadhion Sriwedari badhe nglantih aubade.
b. Pak Krama dipun arak telas pinten-pinten sloki, mila lajeng mendem.
7. a. Lembu Tanah Jawi punika keturunan jawi.
b Mas, sumangga mlebet kemawon, sampun wonten ing jawi, anginipun sumribit.
8. a Sampun eru yen dipun dukani ing bandara !
b. Sabin sapeyan pinten eru ?
9. a. Cakran punika laripun 10,5 cm.
b. Laripun kuthilangipun adhik bodhol.
10. a. Termometer iku ana banyu rasane.
b. Rasane jeruk bayi iku kecut.

D. Istilah-istilah

Cecukulan iku kembange sok ana arane.

Coba cecukulan iki kenbange apa arane ?

aren kara timun jagung
nipah krambil suruh jambu
cubung kelor salak jengkol
cengkeh kluwih lombok mlandhing
randhu kopi pohung mlinjo
kencur kapas pandhan garut
kanthil kimpul pete gedhang
kacang duren dhadhap blimbing
nangka tebu jati jambu
[ 15 ]
dangu kepek montro jeprak
dongong manggar drenges karuk
torong limaran ketheker cuwis
polong onthel menik jedhidhig
karuk blanggreng ingklik uceng
sedhet kadi pudhak gremeng
gadhing pancal pendul tuntut
besengt dlongop celung maya
babal gleges janggleng mayang

E. Milih tembung nunggal misah

Tuladha : - Adhine paringana mangan!
- Bayine apa wis didulang ?
Iki isenana nganggo tembung nunggal misah mangan.
1. pamanganing manuk kang doyan pari diarani ....
2 mangan wayah sore ora pati wareg iku ....
3 pamanganing sato iwen diarani ....
4 pamanganing kethek diarani ....
5 pamanganing tikus diarani ....
6 pamanganing celeng diarani ....
7 pamanganing asu diarani ....
8 pamanganing ula diarani ....
9 pamanganing baya diarani ....
10 pamanganing kidang, menjangan diarani ....
11 pamanganing kebo, sapi diarani ....
12 pamanganing macan diarani ....
13 pamanganing buta diarani ....
14 mangan wayah lingsir wengi arep pasa iku ....
15 mangan wayah sore kira-kira jam 18.00, pinuju pasa sasi Ramelan diarani ....
16 mangan wayah esuk diarani ....
[ 16 ]
a.nisil e.ngrikiti i.nyaplok m.mbadhog
b.mancal kemul f.nggogos j.nggames n.saur
c.nyocor g.nyocok k.nggemos o.buka
d.ngrakoti h.nguntal l.nggaglag p.semekan sarapan

V. TITI UKARA/TATA KALIMAT (1.6.)

Polaning ukara (1.6.1.)

Kang diarani ukara iku wedharing gagasan

kang dilairake sarana basa utawa tembung-tembung
Kena ditembungake mengkene:

Ukara iku klumpuking tembung-tembung kang

mengku gagasan (karep, pangrasaning ati): kang
dilairake.

Ukara iku dumadi saka :

  1. jejer, yaiku kang nandukake pratingkah
  2. wasesa, yaiku pratingkahe tanduk
  3. lesan, yaiku samubarang kang kena ing tanduk
A. Ukara ganep, ndarbeni jejer lan wasesa.

Upama:

Buku iku reged.
j w
Sardi durung teka.
j w
Aku nggebug asu.
j w l

j = jejer
w = wasesa
l = lesan

[ 17 ]B. Ukara cewet

Ukara cewet iku ukara kang mung ndarbeni salah sijining prakara, jejer utawa wasesa, utawa klakon lesan, ketrangan bae. Tuladha:

Becak !
Lunga !
Durung!

a. Coba ukara ing ngisor iki golekana jejer, wasesa, sarta lesane !

  1. Garisane tugel.
  2. Tarsa uwis mlaku.
  3. Aku makani pitik.
  4. Mas Sardi lagi lunga.
  5. Gendhuk durung mangan.
  6. Kowe nukoni gambar.
  7. Adhiku pinter etung.
  8. Suwarna seneng goroh.
  9. Kamasmu ngetung dhuwit.
  10. Pak banjar musnakake guwa.

b. Ukara cewet iki dumadi saka apa ? (jejer, wasesa, lesan, keterangan)

  1. Bu Lik !
  2. Dhahar !
  3. Sesuk !
  4. Nangis !

VI. MACA TITI

A. Wacanen !

CINDHE LARAS I

Raden Putra ing Jenggala kagungan garwa kekasih Dewi Limaran, Panjenengane uga kagungan garwa ampil sesilih Retna Cindhaga, uga karan Thothok Kerot. [ 18 ]Nalika samana Dewi Limaran mbobot, dene Rena Cindhaka ora mbobot, kagungan panggalih lan panas. Tuwuh panggalih kang ala, nuli ngadhep Raden Putra. Ature,


R. Cind. : "Kamas, punapa kepareng ingkang munjuk atur, nyuwun priksa ?"
Rd.Put. : "Dhi Ajeng garwaku. Ana apa yayi ?"
R.Cind. : "Sampun ndadosaken dukaning penggalih. Punapa inggih Kamas punika tresna, tresna saestu dhateng badan kula ?"
Rd. Put. : "0, o, Dhi Ajeng, Dhi Ajeng.

Sapa wonge ora tresna, garwaku iya sliramu. Tutunging ati, maniking mata, ing ati, ora liya ya mung jeneng sira. Sapa maneh ?"

R. Cind. : "Kamas menawi mekaten, kula kepareng nglajengaken munjuk atur."
Rd. Put. : "Iya Yayi, terusna.

Mara age matura !"

R.Cind. : "Punapa ta pidananipun, sok sintena mawon menawi adamel sureming praja, napa malih ...... adamel kuceming dalem ?"
Rd. Put. : "Yayi, mesthi bae, sapa kang gawe reming praja lan agawe remehing asmaningsun, pantes menawa kapatrapan pidana abot, gedhene pidana pati."
R.Cind. : "Menawi mekaten, ndadosna kawuninga saha sampun ndadosaken gerahing panggalih, bilih garwa dalem inggih pun Limaran, ingkang nembe mbobot, kersaa

mas naliti ingkang premati, saha kumenggalih, menawi sejatosipun pun kang mbok Limaran alampah sedheng."

[ 19 ]

Rd. Put. : "Kepriye Yayi aturira. Limaran laku sedheng. Apa bener aturmu. Apa nyata iku ? Keparat.........
R. Cind. : Kamas, punapa pantes tumindak kados mekaten punika ?"
Rd Puts : "Yayi, yen mengkono Limaran bakal dakpatrapi pidana."
R.Cind. : "Kamas prayoginipun, Kakang mbok Limaran katundhunga kemawon."
Rd.Put. : "Iya becik, Limaran kang agawe letheking jagat, kudu lunga saka kraton."

  Iya jalaran pokal gawene Thothok Kerot iku kalakon Dewi Limaran katimbalan dening Rd. Putra, pangandikane,
 "Nini, sira ora pantes dadi garwaningsun,
 Sira nindakake pakarti apa ?"

Dw.Lim : "Pangeran, inggih pepundhen kula, nyadhong duka, punapa ingkang panjenengan dalem karsakaken. Adalem boten mangretos menggah ingkang dados karsanipun,
Rd Put : "Kapriye, sira api-api ora ngreti, mbodhoni ya ?"
Dw.Lim. : "Saestu Pangeran, punapa karsanipun ?"
Rd. Put. : "Age Nini, tutura kang prasaja, aja dora! Apa bener sira laku sedheng ?".
Dw. Lim. : "O, punika ta Raden. Punapa ingkang dados wigatosipun, teka sang Pangeran andangu kados mekaten, Saha punika saking aturipun sinten Pangeran ?"
Rd.Pute : "Lapuran sing daktampa, sira nindakake laku sedheng. Yen mengkono sira ora pantes dadi garwaningsun.
Dw.Lim, : "Sang Pangeran.

[ 20 ]

Adalem tansah setya tuhu dhateng Sang Raden dumuging delahan. Pangeran sampun kasendhawahaken deduka rumiyin. Sumangga kula aturi naliti ingkang premati rumiyin. Dene yen pranyata adalem nindakaken prekawis ingkang boten pantes, sumangga kula aturi nigas jangga adalem, boten nggrantes saha guting kolang-kaling pinara sasra.
Rd.Put : Sira wis dakanggep dosa, mula wiwit saiki kudu lunga saka kraton kene !

Dewi Limaran kalakon ketundhung oncat kraton.

B. Pitakonan iki wangsulana!

  1. Dewi Limaran iku sapa?
  2. Lha Dewi Retna Cindhaga iku sapa?
  3. Genea Dewi Retna Cindhaga meri?
  4. Dewi Retna Cindhaga duwe trekah apa?
  5. Dewi Limaran dikapakake dening retna Cindhaga?
  6. Apa pidanane?
  7. Pidana mau saka usule sapa?

C.Negesi tembung-tembung kang angel.

kekasih = aran, parab, jeneng
garwa ampil = selir
karan = diarani, disebut jenenge
mbobot = ngandhut
tuwuh = thukul
ngadhep = sowan, marak
tuntunging ati = kang ditresnani
maniking mata = kang ditresnani
woding ati = kang ditresnani
munjuk = matur
pidana = paukuman
sureming praja = petenging praja, gawe remek
kucem = tanpa cahya, wirang, mrosod
kapatrapan pidana = diukum
[ 21 ]
kapatrapan pidana = kaukum
premati = temen-temen
sedheng = laku ngiwa, nalisir, laku ala karo priya liya
api-api = ethok-ethok
dora = goroh
delahan = akerat
nigas jangga = nugel gulu
pinara sasra = dipara sewu.

VII. AKSARA JAWA

A. Aksara Jawa iki gatekna!

Dentawyanjana
ꦚ​
​ꦒ ​ꦧ ​ꦛ ​ꦔ

B. Aksara Jawa candhake iki wacanen! [ 22 ]ꦭꦮꦱꦔꦥꦝꦱꦧ

ꦢꦫꦱꦲꦤꦥꦒ

ꦏꦤꦲꦤꦒꦫꦒꦫ

ꦢꦩꦠꦤꦔꦭꦧꦪ

ꦗꦏꦗꦏꦪꦭꦫꦩꦠ
ꦗꦏꦗꦛꦥꦝꦭꦫ
ꦱꦥꦩꦕꦕꦫꦗꦮ
ꦚꦤꦚꦠꦩꦕꦗꦮ

ꦲꦶꦏꦶꦠꦭꦶꦢꦮ​  ꦏꦏꦶꦤꦶꦤꦶꦱꦶꦭ

ꦏꦭꦶꦲꦶꦏꦶꦩꦶꦭꦶ  ꦱꦶꦠꦶꦭꦒꦶꦱꦶꦱꦶ

ꦲꦤꦱꦥꦶꦭꦶꦩ  ꦲꦤꦩꦶꦫꦶꦭꦶꦩ

ꦱꦶꦮꦧꦭꦶꦱꦭ  ꦏꦶꦪꦶꦮꦶꦗꦶꦱꦮꦶ

ꦠꦸꦏꦸꦱꦥꦸꦭꦶꦩ  ꦱꦸꦠꦩꦲꦮꦸꦫꦸ

ꦱꦶꦮꦫꦢꦏꦸꦫꦸ  ꦱꦸꦩꦶꦏꦪꦱꦸꦠꦶ

ꦏꦸꦮꦶꦢꦸꦢꦸꦥꦭꦸ  ꦱꦶꦮꦏꦸꦢꦸꦭꦸꦔ

ꦏꦏꦶꦱꦸꦢꦫꦸꦔꦸ  ꦩꦶꦤꦶꦠꦮꦩꦢꦸ

     ____________ [ 23 ]I. W i c a r a
KELAS ANYAR
P. Guru : "Bocah, bocah !

Mesthine atimu padha seneng ya ? Saiki wis dadi murid SMP, ya pa ra ?"

Mrd-ard : "Inggih, wah seneng sanget Pak !"
Tarya : : "Pak, menawi kawula dheg-dhegan sanget."
P. Guru : "Lho genea kok dheg-dhegan ?"
Tarya : "Criyosipun, mangke wucalanipun awrat, angel-angel, inggih ta Pak ?"
P. Guru : "Gek pirang kilo abote. Mengkene ya. Diarani abot ya abot, entheng ya entheng.

Wis samesthine ta wulangane tambah. Nanging menawa kowe tlaten, sregep iya ora ana barang abot."

Tarya : "Anu Pak, mangke menawi basa Inggris kados pundi? Mangka kawula dereng saged."
Pak Guru : "0, gampang, ora angel.

Mengko rak diwuruki baka sethithik. Ora kok bruk pethuthuk mengkono, ora."

Tarya : "0, mekaten ta Pak!"
Pak Guru : "Iya, semono uga wulangan liyane,kang kowe kabeh durung wanuh, carane iya padha bae. Dadi kowe ora prelu samar. Coba pikiren, bocah lair mono ora

kok banjur didulang sega,kuwi ora, nanging disusoni baka sethithik,ngati-ati. Semono uga sinau kudu tlaten."

Tarya : "O, mekaten ta Pak !

Inggih matur nuwun."

[ 24 ]I. TITI SWARA/ Vokal (1.1.1.)
A. Ucapan swara ing tembung andhahan
a. Swara a dadi sampurna (â) manawa kasusul ing panambang: e, mu, ku. Upama :

tiba + e dadi tibane
lenga + mu dadi lengamu
pola + ku dadi polaku

b. Panambang a ing wanda wekasan (ultima) utawa wanda penultima, kang njalari swara â meh padha karo o sampurna. Kayata :

kena + a dadi kenâa
dara + a dadi darâa
lima + a dadi limâa


B. Coba tembung-tembung iki ucapne kang cetha

a. tanggaku tanggamu tanggane
jalaku jalamu jalane
tekaku tekamu tekane
rupaku rupamu rupane
mejaku mejamu mejane
gelaku gelamu gelane
Kancaku kancamu kancane


b. lungaa maraa gilaa
butaa dawaa kinaa
sudaa caraa dinaa
wutaa kancaa silaa
sukaa tambaa rilaa


III. GUDHANG TEMBUNG / KOSA KATA (1.5.3.)
A. MILIH TEMBUNG KANG MATHUK
Tetembungan kang ana sisih tengen iki gathukna karo ukara kang ana sisih kiwa garis.

  1. Bocah kang nalika lair wis ora meningi bapa marga wis ngajal, diarani ..........

a. tiba sampi


[ 25 ]
  1. Bocah kang ora duwe sadulur tunggal bapa biyung. .
  2. Sadulur loro kang siji lanang kang siji wadon . .
  3. Sadulur loro wadon kabeh.
  4. Sadulur lima lanang kabeh . . . . .
  5. Sadulur loro lair bareng kang siji lanang, sijine wadon . . . . .
  6. Sadulur loro lair bareng lanang utawa wadon kabeh,
  7. Sadulur loro rupane abang/kuning karo ireng, . . . .
  8. Bocah lair ing wayah surup, . . . .
  9. Bocah nalikane lair lung usus, . . . . . .

b. julung caplok

c. gondhang kasih

d. kembar

e. dhampit

f. pandhawa

g. kembang sepasang

h. kedhana-kedhini

i. ontang-anting

j. yatim


B. Nerusake tetembungan
Tuladha: Dheg-dhegan manah kula.
Dheg-dhegan jantunge.
Coba tetembungan iki isenana sing nandhang/krasa apane !
ampeg kencot
mbedhedheg miris
bengkek linu
cekot-cekot mules
cegeh nrocos
gumeter nglelur
gumrebeg ngethok
gringgengen pegel
glogor-glogor seseg
nggregesi serak
nggrusah sepet
ngganjel sumer-sumer
jimpe suduken
[ 26 ]C. KOSOK BALEN
Tetambungan iki kepriye kosok baline?
Upama: Prekara kuwi gampang X angel
1. melu ngrewangi X
2. udan deres X
3. dodolane laris X
4. tembung manis X
5. ulat sumeh X
6. kandha ijoan X
7. napas cekak X
8. wong lamban X
9. urip kacingkrangan X
10. lengenan jinggrang X
11. wong manca X
12. kalis lelara X
13. jarit lamba X
14. perang tandhing X
15. cekak budine X
16. gawe tentrem X
17. bocah andhap asor X
18. wong kajen keringan X
19. bocah ndemenakake X
20. budi luhur X


D. Ati seneng = seneng banget
Tetembungan iki apa karepe?

    dadi ati
    mambu ati
    atine gedhe
    atine samenir
    nggadho ati
    kethul atine
    padhang atine
    punuk ati
    peteng atine

1. Wong kang lagi nemu reribet
2. Wong kang mburu aleman
3. Lejar pikire
4. Ora enggal ngreti/bodho
5. Tansah gawe susah
6. Wedi banget
7. Wong kang kendel
8. Duwe kepengin marang wong wadon

9. Tansah dipikir

[ 27 ]E. TEMBUNG TANDANG (PAPAN KATA)
Tuladha : Parine ijo royo-royo.
Coba tembung-tembung ing ngisor iki terusna murih bisa munggah, utawa timbang, kaya tuladha !
  1. raine abang ...........
  2. rupane ireng ..........
  3. kapuke putih ..........
  4. pakulitane kuning .....
  5. tandurane ijo .........

  1. banyune asat ..........
  2. kaanane peteng ........
  3. rembulane padhang .....
  4. kolahe kebak ..........
  5. ulate bening ..........

F. IDIOM

Traping tembung nunggal misah.
Tuladha :
Kendhine kothong, isenana dhisik!
Coba ukara iki isenana nganggo tembung kang nunggal misah kothong !
  1. Wah kojur tenan, kemirine .... ora kena kanggo olah-olah.
  2. Tebu ..... mengkono kok sesep, masa metu banyune.
  3. Parine ...... dipangan ama
  4. Dilalah duwe krambil saglundhung bae ....., dadi durung sida nyanteni.
  5. Omahe isih ..... durung dienggoni.
  6. Desane katon ..... wong-wonge padha ngungsi.
  7. Sasi ngarep ana ..... pangkat Pak Kepala pensiun.
  8. Bareng ngambah Alas Roban katon .......
  9. Rasane tembako virginia ....... ora kaya tembako Ampel

 
a. sepa

b. ampang
c. samun
d. lowongan
e. sepi mamring
f. suwung
g. garoh
h. gabug

i. gabeng
[ 28 ]

10. Daging iku manawa digiling rasane ..... ora kaya yen dicacah.

j. kopong



G. ISTILAH-ISTILAH

Cecukulan kang wohe ana arane
aren : kolang-kaling uwi : katak
kanthil : gandhek widara putih : hanyang
turi : klenthang pucung : kluwak
so : mlinjo gebang : krandhing
sambi : kecacil besusu : bengkowang



IV. TITI BASA/ GAYA BAHASA (1.7)

A. Rengga basa / Entar (1.7.2.)
Kang diarani tembung entar yaiku tembung, silihan lire dudu teges kang salugune/walaka.
Tuladha  : kuping wajan


Coba tembung-tembung iki dadekna tembung entar !
1. lambe 9. untu
2. pipi 10. cucuk
3. sikil 11. bokong
4. sambel 12. weteng
5. mata 13. endhas
7. cangkem 15. lengen
8. irung 16. paku

a. sumur
b. lawang
c. meja
d. jenggot

e. wudun
f. kakus
g. jun
h. lawang

i. graji
j. kendhi
k. kukusan
l. bagor

m. sepur
n. kalong
o. klambi
p. idep

[ 29 ]B. WARNA BASA (2.7.2.)

a. Krama lugu (Kramantara)

Krama lugu ilu tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater sarta panambange krama.

Coba ukara iki kramakna !

  1. Aku lagi turu.
  2. Aku uwis adus
  3. Aku nuli ngombe wedang.
  4. Kowe ora dakwenehi.
  5. Adhiku wis bisa mlaku.
  6. Tekan ngomah wis kesel.
  7. Olehku mangan wareg banget.
  8. Sudarma uga melu mangan.
  9. Sesuk aku arep lunga menyang Jakarta.
  10. Ulihku arep nggawa jambu.

b. Tembung-tembung krama iki gatekna!

mangan = nedha - ora nedhi
katelu = katiga - ora katigen
dene = dene - ora denten
tuwa = sepuh - ora sepah
aran = nama - ora nami
jaran = kapal - ora kepel
belo = belo - ora belet
udan = Jawah - ora jawoh, jawuh
wani = wani, purun - ora wantun

V. TITI TEMBUNG (1.5.)

Ater-ater tripurusa  : dak, ko, di (1.5. 2)

Tembung-tembung kang oleh ater-ater tripurusa, diarani tanggap tripurusa, kayata:

dakjupuk tanggap dak (utama purusa)
kok-jupuk tanggap ko (madyama purusa)
dijupuk tanggap di (pratama purusa)
[ 30 ]Tembung tanduk kena didadekake tembung tanggap, upama:
- Aku maca buku. - Dheweke maca buku
Bukune dakwaca. Bukune diwaca.
- Kowe maca buku.
Bukune kok-waca


Coba tembung tanduk ing ukara iki dadekna tembung tanggap !

  1. Aku njupuk buku.
  2. Kowe njupuk potlot.
  3. Dheweke mangan kacang.
  4. Aku maca koran.
  5. Kowe nulis layang.
  6. Dheweke nggarap matematika.
  7. Aku nggadho lawuh.
  8. Kowe numpak sepedhah.
  9. Dheweke nyapu latar.
  10. Kowe nganggo sepatu.


VI. TITI UKARA (1.6.)

Polaning ukara (1.6.1.)

Ukara ganep iku sejatine ndarbeni: jejer, wisesa, lesan sarta katerangan.

Upamane: Supardimangan jeruk legi.

j w l k


Coba ukara-ukara iki udhalana kaya tuladha !

  1. Aku turu ana sajroning gedhong.
  2. Aku mangan ana ing meja.
  3. Kucing ireng mangan tikus.
  4. Bapak lenggah ing emper.
  5. Aku maca ana ing kamar.
  6. Asu belang nglethak balung. [ 31 ]

VII. WACAN

pridan
PITUTUR
Maskumambang

1. Dhuh anak mas sira wajib angurmati,
 marang yayah rena,
 aja pisan kumawani,
 anyenyamah gawe susah.

2. Awit uripira aneng donya iki,
 lantaran wong tuwa,
 wiwit sira maksih bayi,
 dinadah ginula wenthah.

A. Tembangna !

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

  1. Apa ta kwawajibanmu marang wong tuwa ?
  2. Kowe ora kena kepriye ?
  3. Wong kang nyepelekake iku kena apa ora. Apa sebabe ?
  4. Apa sababe kok ora kena gawe susah ?
  5. Kapan kowe diopeni wong tuwa ?
  6. Urip mono lantaran saka sapa ?
  7. Satemene kang gawe urip iku sapa ?


C. Tembung-tembung kang angel.

anak mas : a. panyebut marang kaprenah enoh. (ngajeni)
b. bocah kinasih ing bandara/panggedhe
yayah : bapak
rena : ibu, biyung
kumawani : ambeg wani, kami purun, kumendel
ginula wenthah : diupakara, diemong
nyenyamah : ngala-ala, ngremehake
lantaran : sarana kang njalari bisa kaleksanan sedyane.
maksih : isih

[ 32 ]IX. AKSARA JAWA

Wacanen kang patitis!

ꦏꦲꦺꦲꦤꦱꦠꦺꦱꦶꦮꦱꦏꦢꦺꦱ

ꦤꦶꦤꦶꦒꦮꦺꦠꦥꦺꦲꦤꦏꦠꦺꦥꦶꦠꦸ

ꦏꦏꦶꦠꦸꦏꦸꦥꦫꦺꦠꦸꦫꦶꦏꦲꦺꦢꦮ

ꦲꦗꦒꦮꦺꦫꦩꦺꦲꦺꦏꦫꦢꦭꦸꦕꦸ


ꦱꦶꦮꦶꦠꦸꦏꦸꦱꦮꦺꦴꦭꦺꦴꦫꦺꦴ

ꦏꦏꦶꦢꦸꦮꦺꦗꦒꦺꦴꦮꦶꦢꦺꦴ

ꦱꦥꦢꦸꦮꦺꦲꦭꦸꦒꦺꦴꦫ

ꦧꦪꦸꦠꦸꦏꦸꦏꦭꦺꦴꦭꦶꦩ


ꦱꦶꦮꦩꦲꦸꦭꦸꦫꦸꦠꦶꦧꦸ

ꦠꦼꦧꦸꦤꦺꦫꦢꦠꦸꦮ

ꦲꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦠꦶꦩꦺꦭꦸꦭꦸꦫꦸꦠꦼꦧꦸ

ꦱꦶꦠꦶꦒꦮꦺꦒꦼꦭ


[ 33 ]

WULANGAN 3

I. Wicara

KARNAVAL


Santosa: "Guh, wektune mung kari saminggu, lho! Olehe gawe buldoser ayo disengkut!"
Teguh : "Sabar ta!

Ora-orane ora rampung. Mengko telu tugel dina bae rak beres."

Santosa : "Guh, Guh, Teguh!

Prabot-prabote rak wis cumepak ta ?"

Teguh : "Pokoke beres. Galo delengan, ragangane wis dadi. Mau bengi daklembur karo Manta, Sutar sakancane."
Santosa: "Sidane olehe karnaval Pambangunan kapan ta, aku kok rada lali dinane ?

Guh, yen awake dhewe iki gawe buldoser, kirane rak ya wis cocok ta ?"

Teguh : "Wah, turah cocok.

Mengkene lho San, urut-urutane barisan, ngarep dhewe buldoser, burine barisan dhandhang, saburine barisan dhandhang apike barisan pacul, nuli barisan sekop. Murih runtute ing buri dhewe barisan ekrak, kira-kira mathuk apa ora ?"

Santosa: "Mathuk thok.
Teguh : "Ya wis ayo disrempeng. 0, iya iki mau wis sarapan apa durung ta ?"
Santosa: "Uwis, sarapan dhewe-dhewe ana ngomah !"
Teguh : "0, iya dhing. Ora prelu banget-banget njagakake pitulunganing liyan, opor bebek mentas awake dhewek.

[ 34 ]II. TITI SWARA/ Vokal (1.1.1.) A. Swara è lan o kang ora sampurna, owah dadi sampurna manawa ultima kasusul panambang : a, an, ipun.

Tuladha :

gedheg + a diucapake : ge-dhe-ga
celeng + an diucapake : ce-le-ngan
caos + an/ipun diucapake : ca-o-sa-nipun

B. Swara é lan o kang ora sampurna, tetep ora sampurna manawa dumunung ing ultima kasusul panambang : i, e, en

Tuladha :

kethek + e diucapake : ke-thek-e
nothol + i diucapake : no-thol-i
edol + en diucapake : e-dol-en

Coba tembung-tembung iki wacanen kang patitis.

A. bledhega betengan kedadosanipun
mletheka wirengan pedhotanipun
kampreta bocengan padhepokanipun
katesa bethetan dododanipun
dhedhela jebresan paroananipun
keseda kethelan cebolanipun
kalena kleletan bengokanipun
mepeta tetesan thothokanipun
osega gorengan golonganipun
baresa ngopletan srobotanipun
B. nggogosi thekleke gogosen
nothoki gedhege thothokan
mathoki karete gablogen
njeboli kesede jebolen
nyethoti pemese esopen
ngecori kenese godhogen
ngelongi awete plathoken
ngebroki celenge ecoren
ngesoki garenge karbolen
ngayomi blatere lolosen

[ 35 ]III. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.3.)

A. IDIOM Ukara: Iki mau wis sarapan apa durung?

Tembung kang nunggal misah sarapan trapna ing ukara !

sarapan
ngenyam
nggadho
mangan
bojana

dulang
ngloloh
digogosi
mancal kemul
nisil

  1. Tamu-tamu manca nagara kepareng diajak . . . . . . . bebarengan Presiden RI ana ing dalem Kapresidenan.
  2. Na, yen kowe arep mangkat sekolah . . . . dhisik, kareben ora masuk angin !
  3. Aku trima . . . . . pecel tahu bae, ora usah nganggo sega.
  4. Ta, manawa . . . . . . aja kecap, saru !
  5. Bareng . . . . . jangan,gaber-gaber sajake kakehan uyah.
  6. Nuk, adhimu . . . . . . en dhisik, mumpung durung kebacut turu.
  7. Darane lagi . . . . . . piyike.
  8. Yo Mas yo, sadurunge mapan turu padha . . . . . . . . . . dhisik !
  9. Cecrekan kae wis bisa . . . . . pari dhewe.
  10. Tegalane Pak Truna telane entek . . . . . . celeng.


B. KOSOK BALEN

Tembung kang digaris ngisore iki apa kosok baline ?

1. banyune asat X . . . . .
2. lemahe nyluwik X . . . . .
3. dagangane laris X . . . . .

[ 36 ]

4. omahe dienggoni X ..............
5.kalene mili X ..............
5. bocah rosa X ..............
6. tamparane keker X ..............
7. bolahe wuled X ..............
9. klambine amoh X ..............
10. atine burus X ..............
11. banyune bening X ..............
12. praupane mbranyak X ..............
13. suwarane sora X ..............
14. atine brangasan X ..............
15. playune banter X ..............

C. NGISENI KEKURANGAN TEMBUNG a. Tembung ancer-ancer ing sisih tengen iki trapna ing ukara, murih mathuke !

  1. Omahe ..... kampung Kepatihan
  2. Tresna ..... anake.
  3. Sutarya goleh iwak ..... kali.
  4. Aku mentas lunga ..... Surabaya
  5. ..... kesele, nganti ora bisa mlaku.
  6. Isih diingoni ..... sapatine
  7. Digebugi ..... setengah mati
  8. Sardi digendhong saka kene ..... Kartasura.
  9. Dipentung ..... doran.
  10. Luwih ..... angel.

 
a. dening

b. nganggo
c. tekan
d. kongsi
e. nganti
f. saking
g. saka
h. menyang
i. marang

j. ing


b. Tembung raketan (frase) iki trapna ing ukara !

a. nom tuwane f. maju mundure
b. tata tentrem g. ngalor ngidul
c. sugih miskin h. cendhek dhuwure
d. abot entheng i. ala becike
e. niba tangi j. adoh cedhake

[ 37 ]

  1. ....... kaya-kaya Pangeran kang Kuwasa.
  2. Rakyat kawajiban gawe ...... praja.
  3. ..... daleme Pak Cilik, aku dhewe ora pati dhamang.
  4. Direwangi ..... golek sandhang pangan, ewa samono meksa durung cukup.
  5. ..... sapira, karo kowe tuwa endi ?
  6. Wong bebrayan mono ..... padha melu nyangga.
  7. ...... gumantung marang bangsa.
  8. Papanmu kang anyar iku.......... playune pirang meter ?
  9. Olehe gawe gawang ..... kira-kira sadedeg sapengawe.
  10. Lha iya wong sedulur mono, menawa ana .... mesthi melu ngrasakake.


D. TEMBUNG TIMBANG (PADAN KATA)

Tembung iki rampungna supaya timbang.
Tuladha: lunga klepat
 l. bali         11. mlebu         21. ngadeg
 2. cep          12. metu          22. pedhot
 3. cepol        13. mubeng        23. padhang
 4. ngguyu       14. mlumpat       24. sandhung
 5. gempil       15. mandheg       25. pecah 
 6. kepethuk     16. mlayu         26. sigar
 7. mabur        17. ngulu         27. sila
 8. lungguh      18. nangis        28. turu
 9. mumbul       19. mudhun        29. peteng
10. melek        20. mingset       30. murub


                                                       37 [ 38 ]IV. RENGGA BASA (1.7.2)
A. PARIBASAN
Paribasan iku uner-unen kang gumathok, nduweni teges wantah ora kasamun ing upama, kayata:
Mbanda kalani. = nandhingi, madhani
Durung bisa sisi.= wong kang busuk.
Coba paribasan ing ngisor iki kepriye karepe ?
  1. Ulat madhep ati karep.
  2. Ambidhung api rowang.
  3. Anjunjung ngentebake.
  4. Anak molah bapa kepradhah.
  5. Napuk rai.
  6. Kepara-kepere.
  7. Katula-katali.
  8. Kadang konang.
  9. Dahwen ati open.
  10. Dudu berase ditempurake.
  1. Wong mudhoni rembug, nanging kleru surup.
  2. Para dahwen ing wicara, sarta open marang kamelikan utawa marang samubarang pratingkah.
  3. Wong duwe sedulur kang diaku mung kang sugih bae.
  4. Wong kang kelantur-lantur kena ing bilai/beka.
  5. Ora padha pangedume, ana kang keladuk lan ana kang kurang.
  6. Gawe lingseming liyan ana ing pasamuan.
  7. Wong nemu kasusahan utawa reribet, jalaran luputing. anak.
  8. Ngalembana nanging duwe kekarepan ngesorake.
  9. Wong arep maeka, nanging patrap utawa


[ 39 ]

solahe ora ngetarani, api-api kanca aweh pambiyantu.
j. Wong kang dhasare wis kapengin, banjur diwenehi.


B. RURA BASA
Menawa nitik tegesing tembung, rura basa : iku ateges basa kang rusak.

Dene kang dikarepake rura basa iku basa kang wus kelantur-lantur, wis ora bisa dibenerake maneh, jalaran wis lumrah, kaprah ing masyarakat, kayata :

  1. nyumed lampu
  2. olah selat
  3. maesi penganten
  4. meresi santen
  5. nggodhog juruh
  6. kelan bothok

  1. ngrageni tape
  2. mikul dawet
  3. adang thiwul
  4. ngliwet ketan
  5. nguleg sambel
  6. ndondomi kathok


V. TITI TEMBUNG, TEMBUNG ANDHAHAN (1.5.2.) A. Isenana nganggo tembung andhahan kang ater-ater sa !

  1. Dhek sekolah ing SD, aku karo Sumarna .....
  2. ....... e padha kering lampit nonton wayang.
  3. Wong ......... padha kerja bakti gawe kreteg gantung.
  4. Wadhuh, wadhuh tumane ......... gedhene.
  5. Ndhudhuka jugangan .......... kanggo wadhah uwuh.
  6. Dohing desa Kranggan saka kene ana ...........
  7. Aku lan Tarsa nalika ana ing Asrama ..........
  8. Aku nempil jambune ............ bae.
  9. Olehe dolanan dikungkun ............ e.
  10. Nyambut gawe aja ............. dhewe. [ 40 ]
  1. kober
  2. bubar
  3. lawe
  4. kamar
  5. pandeleng

  1. meter
  2. gajah
  3. desa
  4. anak bojo
  5. kelas


B. Isenana nganggo tembung bawama !

  1. Degane wis ..... buntut.
  2. Tukua pitik sing ..... lima bae !
  3. Peleme wis ....., tukua gula lombok kana, ayo rujakan !
  4. Pak Wangsa katon gambira, parine wis ..... mung kari panen bae.
  5. Piyike wulune lagi ..... durung bisa mabur.
  6. Dadi bocah mono ora prelu .....
  7. Mas Sastra kae ..... karepe apa-apa arep dirampungake dhewe.
  8. Bu Warni pancen ....., aku kowe iki dianggep sanake tenan.
  9. Nyatane ora duwe bae dadak ..... bok uwis apa anane bae.
  10. Le, bok aja ..... noleha githokmu, delengen rupamu !


VI. WARNA BASA (1.7.1.)

A. Kramantara (Krama lugu)
Ukara-ukara iki kramakna !
  1. Tekaku rada kasep, mengko pethuken !
  2. Aku arep nyilih sepedhahmu.
  3. Mbakyumu apa ana ngomah ?
  4. Adhine arep melu lunga.
  5. Yen prelu dakterake. [ 41 ]
    1. Bukune wenehna adhimu bae !
    2. Tak-kira ora bakal nangis.
    3. Malah dadi lan senenge.
    4. Temenan lho, cobanen !
    5. Menawa kesel rak meneng dhewe.


    B. Pratelan tembung krama desa sawetara iki, waspadakna, sabanjure ora prayoga dianggo.

    kedhele  :  kedhangsul kacang  : kaos
    kwali  :  kwangsul jagung  :  boga
    mori  :  monten tembako  :  santun
    kori  :  konten sagelo  :  sagenten
    ratan  :  radosan wedi  :  wedos


    VII. TITI UKARA (1.6.)
    WARNANING UKARA (RAGAM KALIMAT) (1.6.2.)

    1. Ukara tanduk (aktif)

      Ukara tanduk yaiku manawa jejer nindakake samubarang gawe.
      Tuladha :

      Sarman ndandani pager.
      Amir maca koran.
    1. Ukara tanggap (pasif)

      Ukara tanggap yaiku menawa jejere nandhang (dipatrapi)
      Tuladha :

      Pagere didandani Sarman.
      Korane diwaca Amir.
    Coba ukara-ukara tanduk iki dadekna tanggap !
    1. Karman mbeleh babon.
    2. Pak Karta meceli kayu.
    3. Aku nggadho tahu goreng.
    4. Kowe nyaponi jogan.
    5. Dheweke uwis marut krambil.
    6. Jagal nrimpung sapi.
    7. Pak Guru mulang murid klas I. [ 42 ]VIII. MACA TITI

    A. Wacanen !

    CINDHE LARAS II

    Lakune tawan-tawan tangis,kelunta-lunta,separan-paran ora karuan kang dijujug, amung manut lakuning sikil, munggah gunung, mudhun jurang.

    Bareng tekan tengahing alas, lakune kesapu ing wengi, nuli leren, ngasokake salira. Kawet tembunge ngaruhara:

    "O, ya Talah temen awakku.

    E, ora liya ya pasrah marang Gusti kang Maha Kawasa.

    Yen ta wis kinarsakake ing Pangeran, muga-muga awakku dimangsa kewan galak, dadi cuthel lelakonku."

    Sajroning sesambat iku, kaya-kaya ana pituduh, supaya sang Dewi nglumpukake pang-pang, rerencekan, ditataa ana sela-selaning wit-witan, kenaa kanggo ngeyub. Sang Dewi banjur nindakake pituduh mau, munggah tumangsang ing papan kang wis tinata.

    Ing wanci bengi kewan-kewan galak wis padha metu saba golek mangsan.

    macan: nggereng, gero-gero

    asu ajag: mbaung

    manuk kolik padha sesauran.

    Atine sang Dewi wis entek, kari samenir, kuwati banget, tingale merem melik. Gagasane warna-war na, kawetu tembunge, "Baya iki pecating nyawaku. 0, iya wis mangsa boronga, sumangga Gusti."

    Suwaraning macan saya katon cetha, saya cetha. Sang Dewi mringkus salirane, ora obah-obah

    Temenan macan nyedhaki ana ngisore, Atine sang Dewi wis entek, kaya-kaya ora bisa ambegan. Nanging kaelokaning kaanan, macan ora nggangg [ 43 ]gawe, malah njaga kaslametaning sang Dewi, nganti byar ora ana apa-apa. Macan bali mlebu menyang grumbul maneh. Sang Dewi gumun, dene kaelokan kaya mengkono, mula kang iku nuli ngaturake panuwun marang Gusti kang Maha Kawasa, dene tansah pinaringan wilujeng.

    Kaya mengkono iku sugenge sang Dewi Limaran ana satengahing alas. Dene kang didhahar amung woh-wohan sarta gegodhongan, wulu wetuning alas saanane bae.

    Bareng wus tekan leke, . . . . . . . .

    Ing wayah bengi nalika sang Dewi Limaran pinuju sare, oleh wangsit, katekan ing dewa, ujare:

    "Nini, ndadekna sumurupmu, sadhela maneh sira bakal nglairake jabang bayi, miyos kakung, kang iku jenengna Cindhe Laras.

    Iya Cindhe Laras iku kang bakal agawe mulya. Wis Nini karia slamet '"

    Sanalika Dewi Limaran gragapan tangi, ing kono wis kinepung ing para widadari kang bakal suka pitulungan. Kaanan iki kelakon; ora suwe jabang bayi lair lanang, kaupakara dening widadari, sarta uga tinengaran Cindhe Laras.

    Kocapa ing sajroning alas kono, ana raksesa kang galake ngedab-edabi. Panggandane landhep banget, ucape:
    "Ih, ih, iki aku kok mambu gandane manungsa, ana ngendi dununge, coba dakgolekane. Dhasar aku wis luwe."

    Temenan raksesa mau niling-nilingake suwara tangising bayi kang nembe lair. Bareng tangise cetha wela-wela, bayi kang nembe lair mau diparani, lan tinemu ana pangkoning biyunge.

    Sanalika bayi mau banjur dirangsang, direbut digawa lunga arep dimangsa. [ 44 ]B. Pitakonan iki wangsulana!

    1. Coba kandhakna lakune Dewi Limaran !
    2. Dewi Limaran olehe sare ana ngendi ?
    3. Ing alas kono akeh kewan galak, ngretimu saka ngendi ?
    4. Dewi Limaran apa bisa sare, sababe apa ?
    5. Apa ana kewan kang ngganggu gawe ?
    6. Lha manawa ora ana, kewan galak mau ngapa ?
    7. Dewi Limaran oleh wangsit apa ?
    8. Wangsit iku apa iya klakon ?
    9. Nalikane bayi lair kawruhan sapa ?
    10. Wusanane bayi iku dikapakake ?


    C. Tembung-tembung kang angel

    tawan-tawan tangis = mlaku/mlayu karo nangis
    kalunta-lunta = kesasar-sasar
    kesaput ing wengi = ketutupan/kalingan wengi
    ngaruhara = susah banget, kuwur
    merem melik = ora bisa turu kepenak
    ngganggu gawe = gawe piala, nyalahi
    welu wetu = pametuning palemahan
    tekan leke = wetu lairing jabang bayi
    wangsit = pituduh (saka dewa)
    mulya = luhur, kacukupan uripe
    kinepung = diubengi
    sambe kala = alangan
    ngedab-edabi = nggumunake
    dirangsang = diranggeh

    IX. TULISEN AKSARA JAWA

    jadah putih rada gurih
    saka sawah oleh susuh
    aku weruh thole gumoh
    Ratih weruh winih akeh.



    [ 45 ]

    WULANGAN 4

    I. WICARA

    GENDERA ABANG PUTIH
    P.Guru : "Pak Karta! Benjing tanggal 16 dumugi 18 Agustus kula aturi masang Gendera dalah umbul-umbul, kados padatan nggih. Wiwit enjing !"
    P.Karta : "Nun inggih ! Rak gendera Merah Putih ta, kaliyan ingkang warni-warni punika ta Pak Guru?"
    P. Guru : "Inggih! Rak boten kesupen ta ?"
    P.Karta : "Boten! Pak Guru, nuwun sewu, keparenga nyuwun priksa."
    P. Guru : "Inggih, punapa ?"
    P.Karta : "Merah Putih punika rumiyin punapa sampun wonten ta ?"
    P. Guru : "O, punika ....... mekaten inggih,rumiyin jaman Majapahit sampun wonten. Dene wujudipun inggih abrit kaliyan pethak. Dipun wastani gendera 'Gula-klapa', ngantos sapriki tetembungan punika taksih kesrambah."
    P.Karta : Eng .... mekaten ta! Punapa kepareng kula nglajengaaken pitaken ?"
    P.Guru : "Mangga, kengang-kenging kemawon."
    P.Karta : "Merah Putih punika ngemu suraos punapa?"
    P.Guru : "Punika mekaten, abrit wirasatipun wani,

    [ 46 ]

    kendel. Dene pethak, wirasatipun resik, murni, suci. Dados nggadhahi makna, bilih Indonesia nggadhahi wewaton wau Karana leres, resik, suci.
    P. Karta : "O, inggih! Menawi mekaten kita punika boten kenging grusa-grusu waton wani kemawon.
    P.Guru : "Lha inggih mekaten, kedah mawi waton leres, resik, suci. Cetha, inggih?"
    P. Karta : "Matur nuwun ! Cetha sanget."


    II. TITI SWARA

    A. KONSONAN JAWA (1.1.2.)
    1. konsonan lambe (labial = bibir) : p, b, m
    2. konsonan untu (dental = gigi) : t, d, (n)
    3. konsonan cethak (palatal) : c, j, ny
    4. konsonan tenggorokan (guttural) : k, g, ng
    5. konsonan ilat (lingual) : th, dh, n
    6. konsonan ilat kedher : (l), r
    7. semi konsonan : w,y
    8. konsonan ngeses (desis) : s
    9. konsonan napas (hembus) : h

    B. GOLONGAN FONEN k

    Ucapane rong warna, yaiku :
    1. Ing wiwitaning wanda kaucapake sampurna.
      Upama  : kacang, kembang, kaku.
    2. k sigeg ora kaucapake sampurna.
      Upama : getak, esuk, golok.
      k sigeg diucapkake sampurna tumrap tembung pangawuh, upama : klothak, klethek, klethel.

    [ 47 ]Coba tembung-tembung iki ucapna kang cetha!

    kaca pakel gethek rakyat
    kara mokal pathak makna
    kikis kuldi golek cethik
    sakit kembar bengok menek
    buku kampung serik tekek


    III. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.3.)

    A. MILIH TEMBUNG KANG MATHUK

    Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana mawa tembung kang ana sajroning kurung, pilihen kang mathuk! (krama lugu)

    1. Wingi kula..... bal-balan wonten ing alun-alun. (sumerep, ningali, mriksani, ndeleng)
    2. Anggen kula..... tuwuk sanget. (dhahar, nedha, nedhi, mangan)
    3. Sampeyan punapa purun kula ..... gandum ? (paringi, caosi, sukani, aturi)
    4. Kula boten tumut, margi nembe .... kemawon. (kesah, tindak, jengkar, ameng-ameng)
    5. Mas Sarna nembe ..... kemawon, kula aturi nututi. (kesah, tindak, jengkar, ameng-ameng)
    6. Anggenipun ..... Sampun katog. (sare, bobuk, tilem, nglekar)
    7. Menawi ngelak prayogi ....... (mimik, ngunjuk, nginum, ngombe)
    8. Mbak Tarni menawi ..... namung sakedhap, cepet rampung. (dandan, dandos, busana, ngagem busana)
    9. Mangga ..... ngriki, jejer kaliyan kula !(linggih, lenggah, pinarak, njagong)
    10. Sampun ..... ing ngriku ta, mindhak damel pesing. (sene, nguyuh, toyan, turas)

    B. DASA NAMA [ 48 ]

    1. gunung : redi, ardi, arga, wukir, ancala, parwata, giri, aldaka, himawan
    2. geni : latu, brama, grama, dahana, agni, bakni
    3. gawe : karya, kardi, damel, karti, yasa
    4. gajah : liman, esthi, dirada, dwipangga, pangga, wamadya
    5. kowe : sampeyan, panjenengan, andhika, sira
    6. kaya : kados, kadi, lir, pendah, kadya, yayah, pindha.
    7. kethek : rewanda, kapi, wre, wanara, palwaga, bedhes, juris
    8. kebo : maesa, danu, mundhing
    9. lemah : kisma, bantala,siti, pratala, pratiwi
    10. langit : akasa, gegana, antariksa, awiyat, awiyati, jumantara, dirgantara, widik-widik, tawang


    C. HOMONIM

    Coba tetembungan kang digaris ngisore iki kepriye tegese ?

      1. Bapak lagi ngedegake saka.
      2. Kowe saka ngendi ?
      1. Kendhangane Pak Sura ngaplak, mula ta kiro njoged nleter, semangat.
      2. Kupinge Abas ditampeg, kendhangane pecah.
      1. Wulune daraku mbrudhuli.
      2. Wulune aja kaya pepet, cilikna !
      1. 12+ 18 gunggung 30
      2. Aja gunggung dhiri, mundhak degethingi wong akeh !
      1. Kayu legi iku manawa digawe gambang, suwarane bisa laras temenan.
      2. Wedange legi banget.
      1. Sukune kedawan, rada dicendhaki bae.
      2. Sukune dakijoli dhuwit receh, gawanen mrene.
      1. Jarite sidakmukti babaran Sala.

    [ 49 ]

      1. Anggenipun pejah, margi sakit.
      2. Griyanipun Ali pinggir margi.
      1. Di enggal mlayua mrne, mundhak selak kecandhak !
      2. Rasukanipun dhik Haryati enggal.
      1. Kula nderek Pak Gedhe sampun kraos.
      2. Cobi dipun kendelaken kemawon, kraos punapa boten !


    D. MILIH TETEMBUNGAN BANGUN

    Ukara iki rampungna nganggo tembung kang wus cumawis ing sisih tengen !

    1. Rakyat padha ..... tumandang gawe mbecikake desa.
    2. Wayah esuk kira-kira jam 04.00 - 05.00 iku diarani .....
    3. Saiki menawa ..... omah, ora kewuhan, prabot, matrial gampang golekane.
    4. Pak Sentra olehe omah-omah wis saetara taun durung duwe turun,saiki ....., supaya diparingi putra.
    5. Pak Sastra Culika wingi digugat, marga tumindak ora bener ..... utawa malsu teken.
    6. Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun tindak menyang Mancingan perlu .....
    7. Bocah kok ora nggugu pituturing wong tuwa, ambok iya sing .....
    8. Pak Darma nusuli gugatan jalaran anggone ..... kurang sarate
    9. SMP bagian B biyen diwulang ..... saiki diwulang matematika.
    10. layang ..... Rama iku yasane Kyai Yasadipura.

    a. bangunan

    b. ilmu bangun

    c. mbangun wacana

    d. mbangun turut

    e. mbangun tapa

    f. mbangun tandha

    g. mbangun ningkah

    h. mbangun

    i. bangun esuk

    j. bangun

    [ 50 ]E. ISTILAH

    Cecukulan kang godhonge ana arane.

    aren : dliring turi : pethuk
    asem : sinom tela : jlegor
    iler : sisik bang wuni : pojar
    cipir : cethethet lempuyang : lirih
    randhu : baladewa lombok : sabrang
    kacang gl : lembayung pring : larmanyura
    kacang br : rendeng jarak : bledheg
    krambil : janur, blarak jambe : dedel
    kelor : limaran mlinjo : so
    kimpul : lumbu gedhang : ujungan


    F. NGISENI TEMBUNG

         Matur nuwun. Cetha sanget. 
         Cetha sanget iku kena ditembungake cetha wel
         wela.
    

    Tembung iki terusna supaya dadi tembung timbang/padan kata kang teges bangetake!

    peteng surup mubeng
    padhang garing ajur
    panas sugih rapet
    pait sepi tumplak
    teles cilik mlarat
    bunder asat cebol

    IV. RENGGA BASA (1.7.2.)

    A. SALOKA

      Saloka iku unen-unen kang gumathok sinamun ing upama, apa dene 
      kang ngemu rasa piridan.
      Upama: Edom sumurup ing banyu. [ 51 ]Tegese arep nyumurupi kekarepaning mungsuh utawa liyane, nglakokake utusan utawa nyadulur marang kang bakal disumurupi mau, kang ora ngetarani, dadi dom ana ing banyu.
    

    Coba saloka dalah maknane iku tatanen murih mathuke.

    1. Saur manuk.
    2. Nucuk ngiberake.
    3. Emprit abuntut bedhug.
    4. Tekek mati ing ulone.
    5. Cocak nguntal elo.
    6. Asu arebut balung.
    7. Uyah kecemplung sagara.
    8. Legan goleh momongan.
    9. Dhayung oleh kedhung.
    10. Nyolong pethek.

      a. Samubarang kang tinggal majad (ora samesthine)
      b. Wong duwe pengangkah oleh dalan gampang.
      c. Wong kang kepenak kumudu golek pegawean kang angel.
      d. Weweh marang wong sugih (gawe becik) kang tanpa pikoleh.
      e. Arebut barang kamelikan sepele, ora urub kang dipadu.
      f. Samubarang kang nglengkara.
      g. Wong kang bilai saka wicarane dhewe.
      h. Samubarang wiwitane cilik, wekasane dadi gedhe.
      i. Wong mretamu disuguh ulihe mbrekat.
      j. Jumurunge wong akeh padha nyauri iya

    B. PEPINDHAN. Pepindhan iku tetembungan utawa unen-unen dipadhakake utawa ketandhing-tandhing, dadi ngemu emper-emperan. [ 52 ]

    Pepindhan iku lumrahe ngangge diuluk-uluki tetembungan : kaya, kadi, lir, pindha lsp.
    Utawa dipratelakake sarana rerimbagan tembung ater-ater anuswara.
    Umpama :
    Abange kaya dluwang.
    Coba pepindhan padinan iki rampungna !
    Anggepe kaya ..... Gedhene kaya .....
    Akehe kaya ..... Galake kaya .....
    Ambune kaya ..... Jembare kaya .....
    Ambranyak kaya ..... Kecute kaya .....
    Ciyut kaya ..... Kesite kaya .....
    Dawa kaya ..... Mangan kaya .....
    Dirajang-rajang kaya ..... Mleruk kaya .....
    Diiris-iris kaya ..... Polahe kaya .....
    Ndomblong kaya ..... Ramene kaya .....
    Gandane kaya ..... Jerone kaya .....


    V. WARNA BASA (1.7.1.)

    NGOKO ANDHAP
    Basa ngoko andhap iku kabedakake dadi rong golongan, yaiku :
    1. ANTYA BASA
    2. BASA ANTYA
    Dene kang isih tumindak antya basa.
    Basa iku dienggo sapa bae kang tangkepe wis raket ngoko-ngokoan, nanging isih padha ajen-ingajenan.
    Dene titikane basa ngoko antya basa iku :
    1. tembunge ngoko kacampur krama inggil kang mratelakake ngajeni.
    2. - ater-ater : dak, kok, di lan panambang : ku, mu, e, ora dikramakake.
      - kowe dadi sliramu (kaprenah enom)
        panjenengan (kaprenah tuwa) [ 53 ]Tuladha:
    1. Sliramu apa ora tindak kantor ?
    2. Mas, aku nyuwun ngampil sepedhane.
    3. Panjenengan apa kersa bakso ?
    4. Panjenengan taksuwun rawuh.
    5. Pitike apa arep kok pundhut ?
    6. Yen dikersakake sumangga.

    Coba ukara-ukara iki gawenen kaya mangkono !

    1. Dhik, kowe apa ora lunga ?
    2. Dhik, mangana dhisik !
    3. Mas, apa kowe gelem sega goreng ?
    4. Mas, kowe ngombea dhisik !
    5. Kowe apa ora mulih menyang Sala ?
    6. Kowe apa arep tuku bakal ?
    7. Apa kowe arep adus ta ?
    8. Jase Mas Kardi durung dienggo.
    9. Kapan anggonmu ngedegake omah.
    10. Apa kowe ora numpak bis bae ?


    Pratelan tembung krama inggil.

    lunga  = tindak ngombe = ngunjuk
    gelem  = kersa adus = siram
    mangan  = dhahar enggo = agem
    mulih  = kondur omah = dalem
    tuku  = mundhut numpak = nitih


    VI. TITI TEMBUNG, PANABANG AN (1.5.2.)

    Tembung-tembung kang oleh panambang an iku nduweni teges warna-warna, upama:
    Adhiku lagi pasaran.
       pasaran tegese tetironing pasar.
      entha-enthaning pasar

    Coba tembung wisesana lingga iku golekana tegesa, (golekana sisih kiwa)

    1. Yen pinuju grebeg Besar, Sampeyan Dalem kagungan hajad

    a. tetironing

    [ 54 ]

    yasa gunungan
    1. Aku nyilih kukusan marang Nini Kreta.
    2. Jarit parang rusak iku bathikan Sala.
    3. Yen pinuju rembangan tebu Bp Mandhor sadino muput ora katon ana ngomah.
    4. Potlotku putungan.
    5. Bocah-bocah padha gojegan.
    6. Yen mlaku aja picangan.
    7. Nini gawea lalab mentahan.
    8. Enggonmu sabukan kurang kenceng.
    9. Wingi Pak Lurah wayangan.

    b. piranti
    c. mangsa
    d. anggone ... ing
    e. padha dene
    f. gampang
    g. padha karo linggane
    h. reka-reka
    i. nanggap
    j. nganggo


    VI. TITI UKARA (1.6.)

    DHAPUKAN UKARA (1.6.1.)
    Tuladha: Kula wau sampun nedha.
    didhapuk  : - Wau kula sampun nedha.
      - Sampun nedha kula wau.
      - Wau sampun nedha kula.


    Coba ukara-ukara iku gawenen kaya mangkono !

    1. Kula mangke badhe kesah.
    2. Kanca kula benjing-enjing badhe mriki.
    3. Adhi kula kala wingi sampun sekolah.
    4. Bapak wau sampun mriksani ringgit.
    5. Larenipun wingi dereng mantuk.
    6. Gendhuk mangke kedah ndherek wangsul.
    7. Mendanipun benjing-enjing badhe kasade.
    8. Listrikipun mangke sonten sampun murub.
    9. Bukunipun wingi sampun dipun wangsulaken.
    10. Kula benjing emben saestu kesah dhateng Surabaya. [ 55 ]VIII. MACA TITI

    A. WACANEN

    KAMARDIKAN

    Dumugi taun 1985, kita sampun sami ngenyam kamardikan, dangunipun 40 taun, jebulipun boten gampil namung sinambi eca kemawon. Awit tanggel jawab kita saya awrat, jalaran kedah ngudi murih lancaripun tumindaking parentahan ingkang mahanani utawi mujudi wohing kamardikan, tata tentrem, karta raharja, adil makmuring praja.

    Kita kedah tansah enget, bilih negari kita Republik Indonesia punika awewaton Pancasila,ang- gadhahi landhesan "Demokrasi",kita kedah ngengeti menawi tuwuhipun kamardikan wau saking rakyat,panguwaos wonten tanganing rakyat, liripun thek-kliwering pranatanipun praja katata rakyat piyambak lumantar Perwakilan.

    Mila sumangga sami kagayuha, rumaganga ing damel murih lajuning negari, ingkang tundonipun rakyat sami ngraosaken saha ngenyam nikmating kamardikan ngungkuli ingkang sampun.

    Tabet-tabet kasangsaran jaman penjajahan kedah dipun singkiri. Para rakyat anem sepuh ngretosa kawajibanipun piyambak-piyambak, tumut tanggel jawab sedayanipun.

    Pancen nyata kemajenganipun bangsa Indonesia kenging dipun wastani laju, upaminipun:
    - Katitik saking kathahing tetumpakan, njalari rejaning margi-margi. Tundonipun saged ndadosi lan miyaraken margi.
    - Malih, pembangunan gedhong sekolah-sekolah, pabrik-pabrik, bendungan lsp.

    Punapa malih ber budinipun bangsa Indonesia [ 56 ]kados sampun kawentar, omber dana driyahipun. Mila ingkang punika anak putu kaajab sageda langkung premati, nastiti saha ngatos-atos, bilih kamardikan saha kadhaulatan pantes dipun gegesang sarana jiwa miwa tindak-tanduk ingkang nyata murih indhaking kamajenganipun bangsa sarta negari.


    B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

    1. Nganti tahun iki kamardikaning bangsa Indonesia wus wetara pirang taun.
    2. Apa gampang ta merdika kuwi ?
    3. Rakyat Indonesia tanggung jawabe kepriye ?
    4. Waton lan landhesan negara RI iku apa ?
    5. Negara Demokrasi iku kepriye ?
    6. Supaya negara bisa laju, kita kudu kepriye ?
    7. Pembangunan Indonesia laju, coba sebutna ing babagan apa bae sing kok ngreteni ?

    C. Tembung-tembung kang angel.

    1. mahanani = nyasmitani, nerangake, mratandhani
    2. awewaton = pathokan, paugeran, pranatan
    3. thek kliwer = kiwa tengen, sakabehing prekara
    4. laju = terus, banjur, maju.
    5. kagayuha = kaaraha, kajangkaa
    6. tundoni pun = wekasan, temahan
    7. tabet = tilas, tapak
    8. omber = isih jembar
    9. kawentar = kasuwur, kondhang
    10. dana driyah = sumbangan, pambiyantu
    11. kaajab = diarep-arep, dipujekake supaya becik, kanthi temen-temen

    [ 57 ]IX. AKSARA JAWA

    Wacanen kang petitis !


    ꦲꦁꦱꦼꦠꦿꦩꦲꦸꦩꦿꦺꦤꦺ

    ꦤꦸꦁꦒꦁꦏꦿꦺꦠꦚꦁꦏꦷꦏꦿꦲꦶ

    ꦲꦏꦸꦏꦹꦔꦸꦱꦠꦿꦶꦪꦠꦸꦏꦸꦏꦿꦺꦴꦠꦺꦴ

    ꦮꦏꦽꦠꦔꦶꦔꦸꦢꦽꦏꦸꦏꦸ

    ꦱꦥꦠꦲꦸꦮꦫꦸꦃꦠꦽꦁꦒꦶꦭꦷ

    ꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦸꦁꦒꦃꦒꦸꦤꦸꦁꦱꦽꦔꦺꦔꦺ

    ꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦺꦧꦒꦾꦒꦸꦩꦾꦂ

    ꦩꦂꦒꦱꦼꦤꦼꦁꦲꦸꦧꦾꦁꦲꦸꦧꦾꦁ

    ꦲꦤꦥꦾꦪꦶꦠꦸꦏꦸꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂ

    ꦫꦱꦤꦺꦱꦼꦒꦼꦂꦱꦸꦩꦾꦃ

    ꦱꦸꦮꦫꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦷꦥꦱꦂꦲꦸꦩꦾꦁꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ

    ꦥꦛꦒꦺꦴꦤꦺꦱꦂꦮꦒꦸꦩꦼꦧꦾꦂ

    [ 58 ]

    1. ꦗꦢꦃꦥꦸꦠꦶꦃꦫꦢꦒꦸꦫꦶꦃ

       ꦱꦏꦱꦮꦃꦲꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦸꦱꦸꦃ

       ꦲꦏꦸꦮꦼꦫꦸꦃꦛꦺꦴꦭꦺꦒꦸꦩꦺꦴꦃ

      ꦫꦠꦶꦃꦮꦼꦫꦸꦃꦮꦶꦤꦶꦃꦲꦏꦺꦴ


    2. ꦱꦸꦏꦶꦂꦩꦲꦸꦢꦶꦗꦺꦮꦺꦂꦮꦏꦢꦂ

      ꦥꦸꦥꦸꦤꦺꦢꦶꦥꦸꦭꦶꦂꦱꦂꦠꦢꦶꦲꦶꦮꦶꦂꦲꦶꦮꦶꦂ

      ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦮꦺꦤꦺꦃꦲꦶꦱꦪꦸꦂꦩꦼꦤꦶꦂ

      ꦮꦸꦠꦃꦢꦶꦠꦝꦃꦲꦶꦧꦃꦏꦺꦴꦂ


    3. ꦛꦺꦴꦁ꧈ꦛꦺꦴꦁ꧈ꦛꦺꦴꦁ꧈....ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦠꦸꦭꦸꦁ
    ꦏꦲꦺꦲꦤꦲꦺꦴꦩꦃꦏꦺꦴꦧꦺꦴꦁ

    ꦱꦶꦁꦏꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦺꦧꦧꦃꦒꦫꦺꦁ

    ꦩꦺꦴꦁꦏꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦲꦚꦂ

    ꦱꦏꦸꦧꦼꦁꦔꦢꦢꦶꦥꦝꦁ꧈ꦩꦲꦸꦤꦺꦥꦼꦠꦼꦁ

    ꦧꦺꦴꦁꦒꦠꦁꦒꦤꦺꦲꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦠꦸꦭꦸꦁ

    ꦧꦃꦒꦫꦺꦁꦭꦒꦶꦩꦼꦚꦁꦱꦼꦩꦫꦁ

    ꦲꦏꦺꦃꦱꦷꦥꦝꦧꦶꦔꦸꦁ

    ꦱꦸꦮꦫꦤꦺꦥꦠꦶꦁꦕꦼꦛꦺꦴꦂ

    [ 59 ]

    PIWULANG 5
    MARTAMU

    I. WICARA

    P. Amad : "Kula nuwun "
    Bapak : "0, Pak Amad.

    Mangga, mangga Pak Amad. Lenggah rumiyin Pak !"

    P. Amad : "Inggih."
    Bapak : "Ngaturaken sugeng."
    P.Amad. : "Pangestunipun. Kosok wangsulipun ?"
    Bapak : "Semanten ugi ....... wilujeng.

    Punapa Pak wigatosipun ? Kok sajak gita-gita."

    P. Amad : "Pak Guru sowan kula mriki, sepisan tuwi kawilujengan, dene kaping kalihipun wonten prelunipun sekedhik.
    Bapak : "Punapa ?"
    P. Amad : "Inggih, saderengipun nyuwun pangapunten, mbok bilih Pak Guru menggalih saha ngresakaken, tuwin taksih betah, kula gadhah dagangan, sumangga kula aturi mundhut !"
    Bapak : "Dagangan punapa Pak Amad ?

    Kok njanur gunung, kadingaren."

    P. Amad : "Kula punika rak dipun titipi ingkang rayi, dagangan sepedhah."
    Bapak : "Sepedhah punapa punika ?"
    P.Amad : "Sepedhah jengki. E, inggih menawi cocog kagem ingkang putra."
    Bapak : "Inggih kelerasan mangke menawi cocok, taksih sae punapa Pak?"

    [ 60 ]

    P. Amad : "Wah, taksih .....tanggel kula, mangke menawi awon kula aturi nempuhaken !"
    Bapak : "Gek reginipun pinten Pak ?"
    P.Amad : "Cobi kula aturi mriksani rumiyin. Ana rega ana rupa !"
    Bapak : "Inggih cobi, kula aturi ngasta mriki!"
    P.Amad : "Inggih. Nuwun sewu. Kepareng rumiyin. Nuwun."
    Bapak : "Mangga, ndherekaken !"


    II. TITI SWARA

    FONEM k (1.1.2.)
    a. Fonem k panyigeg wanda iku yen kasusul s lan t, diucapake sampurna.
    Tuladha: paksa, bakti
    b. Fonem k panyigeg wanda yen dipurwakani pepet, diucapake sampurna.
    Tuladha: buthek, uthek, klethek
    Manawa kasusul penambang: i, en, e lsp isih sampurna.
    Tuladha: buthek - butheke
    klethek - klethekan

    Coba tembung-tembung iki wacanen kang cetha !

    a. priksa  maksih  mukti  rekta
    beksa  taksih  sakti  bekta
    yaksa  biksu  bukti  rukti
    siksa  peksa  waktu  maktal
    muksa  jaksa  dhokter  samekta
    b. ubek - ubeken apek - apeke
    udhek - udheken jejek - jejekana
    mulek - mulekan ucek - ucek
    bulek - bulekana urek - ureken
    busek - buseken putek - puteka

    [ 61 ]III. GUDHANG TEMBUNG/ KOSA KATA (1.5.3.)

    A. NGISENI TEMBUNG KANG KURANG
    Ukara iki rampungna sarana tetembungan juru !
    1. Kemiri gedhe kang gegere nglingir diarani .....
    2. Wong kang pinter memethek sarana ngelmu palintangan diarani .....
    3. Prajurit dipantha-pantha manut pepangkatane, yaiku digolongake sa.....
    4. Wong kang nglantarake paguneman wong sing padha dene ora ngreti basane diarani .....
    5. Tukang adang diarani .....
    6. Lurahing pandhe iku diarani .....
    7. Wong kang pinatah ngreksa pakuburan/papan kramat diarani .....
    8. Tukang nglakokake prau diarani .....
    9. Tukang nambangake diarani .....
    10. Carik iku kena ditembungake .....

    juru tulis
    juru tambang
    juru mudhi
    juru kunci
    juru gusali

    juru dang
    juru basa
    sajuru-juru
    juru nujum
    kemiri juru

    B. NGETRAPAKE TEMBUNG NUNGGAL MISAH

    Tembung nunggal misah ing sisih kiwa iki trapna ing ukara sisih tengen!
    1. Ing mangsa bedhidhing rasaning awak ..... banget.
    2. Banyu sendhang luwih ..... tinimbang banyu kali.
    3. Jrambahe ..... marga mentas kebanjiran.
    4. Siti sabubare mangan semangka wetenge rasane .....

    a. adhem
    b. anyep
    c. anyes
    d. njekut

    [ 62 ]

    1. Awakku ..... tenan, angine sumribit.
    2. Apa ora jeneng ..... glugu kok ngepang
    3. Wah ..... ana lintang tiba ing Prambanan.
    4. Panyuwunanmu.... yen diparengake, lha wong prabote kurang ganep.
    5. Kandhame iku ..... aku ora ngandel.
    6. Kowe kuwi ..... wong bocah cilik kok digawekake klambi KORPRI, dumeh bisa tuku bakal bae.

    e. kekes

    f. nyleneh

    g. nglengkara

    h. langka

    i. elok

    j. aneh

    C. TEMBUNG TIMBANG (PADAN KATA)

    Tembung ing ukara iku rampungna supaya dadi tembung timbang.

    1. Nik, kowe kuwi sore ..... kok wis mapan turu, ambok iya nyekel buku dhisik !
    2. Desane ora tentrem, mula iya ora mokal manawa surup ..... bae wis kancingan lawang.
    3. Esuk ..... kok wis nagih utang, iku rak nyebel-nyebeli ngono.
    4. Kebangeten Ja, bengi ..... kok lagi mulih, gek dolan menyang ngendi bae ta ?
    5. Bedhug ..... aja adus, gampang masuk angin !
    6. Nganam klasa sasore ..... kok salembar bae ora rampung.
    7. Mar, sakesuk ..... kok ora katon kuwi gek dolan menyang ngendi ?
    8. Bapak olehe misaya iwak sawengi ..... mung oleh sakepis, lha wong angine bolak-balik.
    9. Gumun aku, bocah sadina ..... kok ora kena dicandhak buntute.
    10. Bok iya kok goleki setaun ..... yen ketemu, lha wong barange wis tekan Jakarta kok. [ 63 ]D. TEMBUNG RAKETAN

    Tembung raketan ing ngisor iki bisa mujudake aran. Tuladha:
    kembar mayang iku araning rerenggan penganten kang ana ngarep krobongan
    Coba tetembungan iki araning apa ?

    1. kupu tarung
    2. naga sari
    3. uler kaget
    4. pacul gowang
    5. gagak rimang

    6. randha royal
    7. kebo giro
    8. lanjar ngiris
    9. tapak belo
    10. putri mandhi


    E. SINONIM
    Tembung kang ngisore digaris iki golekana tembunge liya, utawa terangna tegese !

    1. wong utama
    2. prayogane ngakua
    3. dhawah ing bantala
    4. potlote bujel
    5. omah bubrah
    6. wekasane lulus
    7. ngambah dalan
    8. bocah delap
    9. jenenge sapa
    10. nyilih jidharan

    1. duwe pakaryan
    2. ngunekake gentha
    3. gentur tapa
    4. gilang-gilang layone
    5. nglumpukake gragal
    6. aja gumunggung
    7. nyilih irig
    8. yayah wibi
    9. yasa dalem
    10. sare ing kanthil


    IV. TITI TEMBUNG (1.5.)
    A. TEMBUNG ANDHAHAN (1.5.2.)
    Tembung-tembung kang dikurung ing sajroning ukara iki dadekne tembung andhan !

    1. Ambok bilih taksih (betah) nyamping sidamukti, kula taksih gadhah, kapundhuta ! [ 64 ]
    2. Aku ndherek mbakyu ana ini Jakarta ta (betah).
    3. Ayo, Ja, (betah) melek.
    4. Senajan rekasa ndherek priyayi mengkono luwih becik (betah)
    5. Ya nrima bae pira (betah) mengko rak nyanak-nyanak dhewe.
    6. Sliramu menawa sida (butuh) dhuwit, matura Bapak, mumpung ana ing dalem.
    7. Yen nitik (butuh), dhuwit semono iku durung cukup.
    8. Yen (butuh) bae lagi gelem mara, mbok iya ngelingi yen lagi deduwu kae.
    9. (butuh) pira ta, enya dhuwitku silihen !
    10. Kaya ora (butuh) mana, barang kaya ngene teka ditampik.


    B. TEMBUNG PPANGGANDHENG

    Tembung panggandheng iki trapna ing ukara !
    1. Kula, Darna ..... Tarja dipun timbali Pak Guru.
    2. Trekahmu iku njalari ..... patine.
    3. Sapuluh ..... lima ana limalas
    4. Kaluhuran ..... kaluwihan iku gampang sirnane.
    5. Bapak sampun kula aturi maos ..... napak asmani serat punika.
    6. Kula ..... mas Sarna kesah dhateng Jakarta.
    7. Aku .... Tana iku tunggal embah.
    8. Pak Lurah ..... putra wayahipun plesir dhateng Sriwedari.
    9. Ibu, Bapak lenggah ing ngarepan, ..... aku ana ing buri

    a. lan
    b. tuwin
    c. sarta
    d. lan
    e. kaliyan
    f. saha
    g. dalah
    h. karo

    i. dene


    V. TITI UKARA (1.6.)
    [ 65 ]WARNANING UKARA (1.6.2)
    Manawa nitik anane jejer lan wasesa, ukara iku warna-warna, upama:
    A. Ukara kang umum (versi)

    karepe dhapukane dumadi jejer lan wasesa.
    Tuladha:
    Omahe gedhe. Mejane bunder

       j    w    j    w
    B. Ukara kusus (inversi)

    karepe dhapukane dumadi wasesa lan jejer.
    Tuladha:
    Kabur kabeh korane

        w     j

    Nangis tenan adhine

        w      j
    Coba ukara ing ngisor iki aranana endi ukarane. Versi utawa ukarane inversi !

    1. Nuli mlayu malinge.
    2. Malinge muli mlayu.
    3. Kabur kabeh korane.
    4. Korane kabur kabeh.
    5. Nangis gero-gero adhine.
    6. Nggeguyu batine.
    7. Batine nggeguyu.
    8. Mejane pesagi dawa.
    9. Empere wis bubrah.
    10. Ompong kabeh untune.


    VI/A. WARNA BASA(1.7.1)

    KRAMANTARA
    Coba ukara iki salah, benerna manut unggah-unggah kramantara (krama lugu) !
    1. Inggih mas kula kersa.
    2. Kula badhe tindak rumiyin. [ 66 ]
    3. Kula, boten kober dhahar.
    4. Sare inggih boten saged.
    5. Kulo tak-kondur riyin.
    6. Nalika kula rawuh, jenengan boten wonten.
    7. Mangga mas kula paringi unjukan.
    8. Benjing emben titihan kula badhe kula sade.
    9. Gendhuk sampun boten muwun malih.
    10. Kala wau dipun dandosi mbakyu.


    B. RENGGA BASA (1.7.2.)
      KERATA BASA
         Kang diarani tembung kerata basa iku
         Karepe bab negesi surasaning tembung
         awewaton asal mula bukane, lumrahe
         kapirid saka wewancahane, dijupuk
         sunduk prayogane, Kayata:

       tuwa kapirid saka untune wis rowa,
             ngenteni wetuning nyawa
      Kerata basa iku ngemu tembung plesedan utawa blenderan, mung kanggo lelucon bae. Satemene negesi cara iku ora bener, tanpa waton kang gumathok.

      Tuladha liyane,

    tepas = titip napas
    kutang = sikute diutang
    kodhok = teka-teka ndhodhok
    wilwa = bubar dijawil digawa
    garwa = sigaraning nyawa
    Desember = gedhe-gedhene sumber
    Januwari = hujan sehari-hari
    guru = digugu lan ditiru
    tarub = ditata amrih murub (gumebyar)
    janur = hujan nur (sorot)
    sruwal = saru yen nganti uwal
    gedhang = digeget bubar madhang
    batur = ngembat pitutur


    [ 67 ]

    sirah ​: isi erah (getih)
    tandur​ ​: ditata karo mundur
    bathuk ​: ngembat barang kang mathuk
    kathok ​: olehe nganggo baka sithok
    sepatu ​: nek wis ndlesep ora bisa metu
    wanita ​: kudu wani mranata (bale omah)
    bocah ​: isih crobo ora kecacah


    VII. MACA TITI

    A. WACANEN
    CINDHE LARAS III

    Ana tengahing gegrumbulan bocah iku mrucut, tumiba ing watu gilang.

    "Prog, ...pyur," mankono suwarane.

    Salungane raksasa Dewi Limaran sumaput, kekitrang ngalor ngidul, cincing-cincing sumedya nututi anake. Luwih-luwih bareng krungu suwara "prog .. pyur" atine wis entek, njerit.....,sumaput maneh, nganti suwe ora eling. Pangirane menawa bayine mesthi mati dibanting dening raksesa.

    "Hik, hik," mengkono suwarane bayi. "Hakh, hakh, hakh ...." "Hi, hik. Hik, hik."

    Ibune gregah ngrungokake suwara kang warna-warna iku, kok beda-beda, lan anggraita, hakh .... genah suwarane buta, hik ..... cetha suwarane bayi.

    Ing semu ngungun banget. Apa maneh bareng suwarane bocahe saya suwe saya gedhe, katon ngagor-agori. Saya suwe suwarane prag - prog, gereng-gereng, ditimbangi ngakak-akak, ndadekake entek ing atine Dewi Limaran. [ 68 ]Satemene kaanan iku, nalikane bayi mrucut ka panggegeme raksesa, marga kecanthol ing ri bebondhotan tiba ing tengah-tengahing watu gilang watune malah sumyur, bayi ora mati malah saya kuwat mundhak gedhe.

    Kang iku ndadekake nepsune raksasa, bayi dicandhak cek, dibanting pres. Dicandhak maneh dikeplekake, plok, ewa semono bayine teges bae, malah angger dikeplekake saya mundhak gedhe lan rosa. Suwening suwe raksesa kuwalahen, kalah rosa, mlayu nggendring mlebu ing alas.

    Dhek semana Cindhe Laras wis gedhe, wis bisa mrana-mrana. Ibune seneng banget. Cindhe Laras sregep ing gawe, bisa lan gelem mbiyantu bot repote ibune, rerencek kayu, golek godhong sarta ngangsu ora wegah. Saben esuk munggah gunung mudhun jurang, anusup angayam alas golek banyu, badane malah saya rosa, kiyeng katon gagah prakosa.

    Kocapa nalikane lagi ngangsu weruh ana manuk gagak nggondhol endhog, nuli leren ngawe-awe, nembung, "E, manuk gagak, mandhega !

    Apa ta kang kok gawa iku. Mbok ya dakepeke bae. Age wenehna aku, ta !"

    Manuk gagak bareng krungu suwara mau, olehe mabur saya endhek, nglinteri Cindhe Laras, bareng tekan ing ngarepe, endhog diselehake alon-alon, ora pecah. Gagak banjur mabur kalangan maneh.

    Ucape Cindhe Laras, "Gagak kang becik atimu, banget panarimaku dene kanthi lega ngulungake endhog. Wis ya padha andum slamet."

    Manuk gagak kekalangan saya kethip-kethip, wis ora katon maneh. Dene Cindhe Laras ngrampungake olehe golek banyu. Endhog digembol, bali menyang gubuge. Bareng wis tekan ing gubug mojar marang biyunge, [ 69 ]"Yung, yung, aku oleh endhog Yung!"

    "Lho endhoge sapa?", wangsulane Dewi Liamaran, "Ana ngendi olehmu nemu ?"

    "Ngene kok Yung,

    Nalika aku ngangsu mau kae, aku weruh manuk gagak nggondhol endhog, banjur daktembung dakjaluk, kok-diwenehake, lha iki wujude," mengkono ujare Cindhe Laras.


    D.Lmr. : "Gek arep kok-enggo apa ?"
    C.Lrs. : "Aku kepengin ngingu kuthuk kok Yung."
    D.Lmr. : "O, ya wis karepmu, gawea patarangan ing ngisor grumbul kae, kareben di-angremi sato kewan liyane."


    Wus kelakon endhog digawekake patarangan ana ing jaban gubug. Temenan ora gantalan dina, endhog mau netes kuthuk lanang. Mundhak dina mundhak gedhe katon jagoan. Tansah dielus-elus, diuleg - uleg, diopeni dipakani lan dibanyu.Kadhang-kadhang dicoba diedu karo jago alasan liyane bisa menang . Mungsuhe angger dikabruk pisan bae mati sanalika , ora dadk njaluk banyu.

    Atine mongkog, jagone peng-pengan, ucape: "Ayo sapa wani nandhingi jagoku ?"

    Saya-saya jagone kluruke nganeh-anehi, "Ku-kuk kluruk, jagone Cindhe Laras, omahe tengah alas, anake Raden Putra."

    Sapa wonge ora gumun.

    Suwe-suwe Cindhe Laras kapengin menyang kutha, jagone dibopong ngalor ngidul. Sadalan-dalan angger weruh jago, jagone Cindhe Laras banjur dithukake, kareben tarung, manawa wis tarung senenge ora karuan, trekadhang nganti lali ora mulih, kasengsem anggone nyoba adu jago. [ 70 ]B. PITAKONAN IKI WANGSULANA

    1. Bareng Dewi Limaran krungu suwara prag-prog, atine banjur kepriye ?
    2. Saya suwe suwara mau malih dadi suwarane apa ?
    3. Dewi Limaran dadi kepriye ?
    4. Satemene ana apa ta, coba kandhakna !
    5. Raksesa dadi anyel, sababe apa ?
    6. Bareng Cindhe Laras wis gedhe, apa bae pagaweane saben dinane ?
    7. Weruh apa nalika Cindhe Laras pinuju ngangsu ?
    8. Cindhe Laras duwe kekarepan apa ?
    9. Apa bae kang dicritakake Cindhe Laras marang ibune ?
    10. Endhoge banjur dikapakake ?
    11. Kluruking jago nganeh-anehi, iku nuduhake apa ?


    C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL

    anggraita = ngreti, nyana
    ngungun = gumun
    bebondhotan = tetuwuhan kang rumambat ulet-uletan
    watu gilang = watu leter gilap kanggo tapa
    kuwalahen = ora tandhing, rada kalah
    mlayu nggendring = mlayu rikat
    rerencek = golek kayu/pang sing cilik
    nusup angayam alas = mlaku ora metu dalan, nasak-nasak
    kiyeng = kenceng lan kuwat
    nglinteri = ngubengi, ngalang
    mojar = kandha, guneman
    ora gantalan = ora nganti kliwat ing ....
    ora dadak njaluk banyu = ora nganggi sambat
    atine mongkok = gedhe atine
    kasengsem = seneng

    [ 71 ]VIII. AKSARA JAWA

    WACANEN KANG PATITIS}}

    ꦗꦫꦤ꧀ ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ ꦏꦏꦶꦤ꧀
    ꦩꦕꦤ꧀ ꦮꦸꦢꦸꦤ꧀ ꦥꦧꦶꦤ꧀
    ꦧꦠꦶꦤ꧀ ꦏꦭꦺꦤ꧀ ꦧꦭꦺꦴꦤ꧀
    ꦱꦧꦶꦤ꧀ ꦲꦶꦗꦺꦤ꧀ ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀


    ꦧꦥꦏ꧀ ꦥꦸꦤꦸꦏ꧀ ꦱꦼꦱꦼꦏ꧀
    ꦝꦼꦝꦏ꧀ ꦕꦭꦸꦏ꧀ ꦮꦠꦼꦏ꧀
    ꦮꦗꦶꦏ꧀ ꦠꦶꦏꦺꦏ꧀ ꦧꦭꦺꦴꦏ꧀
    ꦏꦼꦕꦶꦏ꧀ ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ ꦏꦼꦫꦺꦴꦏ꧀


    ꦥꦥꦠ꧀ ꦮꦼꦭꦸꦠ꧀ ꦫꦏꦼꦠ꧀
    ꦏꦸꦥꦠ꧀ ꦒꦸꦒꦸꦠ꧀ ꦱꦼꦥꦼꦠ꧀
    ꦲꦶꦫꦶꦠ꧀ ꦩꦺꦥꦺꦠ꧀ ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀
    ꦗꦶꦮꦶꦠ꧀ ꦏꦫꦺꦠ꧀ ꦲꦭꦺꦴꦠ꧀

    [ 72 ]

    ꧋ꦩꦼꦚꦁꦥꦱꦂ꧈ ꦠꦸꦏꦸꦱꦭꦏ꧀꧈

    ꦠꦸꦏꦸꦠꦼꦧꦸ꧈ ꦏꦿꦱꦲꦱꦶꦤ꧀꧈

    ꦲꦠꦶꦱꦧꦂ꧈ ꦱꦸꦒꦶꦃꦱꦤꦏ꧀꧈

    ꦲꦠꦶꦮꦼꦭꦸ꧈ ꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀꧈


    ꧋ꦩꦼꦚꦁꦏꦭꦶ꧈ ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦮꦼꦭꦸꦠ꧀꧈

    ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦪꦸꦪꦸ꧈ ꦏꦼꦤꦱꦥꦶꦠ꧀꧈

    ꦲꦺꦴꦫꦢꦢꦶ꧈ ꦲꦗꦩꦽꦔꦸꦠ꧀꧈

    ꦢꦢꦶꦧꦶꦧꦸ꧈ ꦩꦭꦃꦚꦲꦶꦠ꧀꧈


    [ 73 ]

    PIWULANG 6

    I. WICARA

    PAHLAWAN


    Daryana: "Mas !"

    Punika kok sami masang gendera setengah tiang, punika wonten punapa ta?"

    Mas Na : "0, kuwi mengkene, rungokna ya !

    Saiki rak tanggal 30 September ta ? Dina kuwi pengetan kurban-kurban Pahlawan Revolusi."

    Daryana: "Sinten kemawon Mas, ingkang dados kurban ?"
    Mas Na : "Manawa kowe arep nyumurupi, yaiku:

    1. Jendral Akhmad Yani
    2. Let Jen.S. Parman
    3. May Jen.Suprapta
    4. Let Jen.Haryana
    5. May Jen.Sutaya Siswamiharja
    6. Brig Jen.Katamsa
    7. Kol.Sugiyana
    8. Kapt.Piere Andreas Tendean. "

    Daryana: "Kurban punika prastawanipun wonten ing pundi ?"
    Mas Na : "Ana Lubang Buaya, ing Jakarta.

    Yen dirasa agawe ngeres,apa maneh gawe rugining negara."

    Daryana: "Saking pokal damelipun sinten Mas ?"
    Mas Na: "Pokal gawening PKI kang ora idhep ing pri kamanungsan.

    Ngrusak marang anggering negara.Karepe mono arep ngraman, nanging dening kasiyating Pancasila, PKI bisa ditumpes sacindhile abang."

    Daryana: "E, keparat kowe PKI !

    Pantes disered menyang naraka."

    [ 74 ]II. TITI SWARA

    Konsonan d, t (1.1.2.)
    tinimu ing ukara:
    E, keparat kowe PKI
    Pantes disered menyang naraka.
    Semono uga tembung-tembung ing ngisor iki ucapna kang cetha lan gatekna mungguhing sigege d utawa t !

    babad Mangir
    cacad mripat
    tenggok bejad
    laladan Surakarta
    angin midid
    mirid karangan
    dadi murid
    bocah mursid
    aja udud
    banyune surud
    dagangane dikukudi
    tangane kebarud
    bocah kesed
    gawe kesed
    mlaku keplesed
    jadahe dipleped
    gendhenge mlorod
    untune modod
    nguwod kreteg
    oyod lajer
    nganggo bebed
    nampa waledan
    gangsingane muded
    emoh mingsed

    aja madat
    tali kawat
    kena walat
    banyu asat
    sugih dhuwit
    nyangking arit
    klapa sawit
    nyuwun pamit
    ngemut gula
    nunut mangan
    iwak welut
    pedhut kuning
    ceret borot
    ora kelet
    manuk bethet
    sepatune awet
    kokot boloten
    momot barang
    rokok klobat
    nyethot pupu
    suket teki
    sirah mumet
    nyabet jaran
    seneng ngunthet


    III.TITI TEMBUNG (1.5.)
    A. Tembung pangiket (1.5.2.) [ 75 ]A. Tembung pangiket (1.5.2.)
     Tuladha: Yen dirasa agawe ngeres, apa maneh gawe rugining negara.
     Tembung pangiket ing sisih tengen iki gathukna ing ukara sisih kiwa !

    1. ...... aku arep utang dhuwitmu sewu bae.
    2. Aku wis mangreti sing dadi karepmu, ....... bab panjalukmu dakrembuge dhisik karo ibumu.
    3. ...... kuwi Sidin sing grobyagan.
    4. Omah wis dicawisake, ..... arep mundhut dhewe ya sakersane.
    5. Redi Merapi punika sampun inggil, ..... meksa kawon inggil kaliyan redi Semeru
    6. Bocah klas telu bae ora bisa ....... bocah klas siji
    7. Aku, kowe ...... adhimu bakal ditimbali menyang kalurahan.
    8. Senajan wis kasembadan sakabehe ...... isih mempeng anggone tirakat.

    a. ewa samono
    b. apa dene
    c. apa maneh
    d. ewa dene
    e. wondene
    f. dene
    g. ana dene

    h. karo dene

    B. Tembung andhahan (1.5.2.)
      Upama, yen kowe arep nyumurupi, yaiku:......
      Coba ukara iki wenehana andhahane tembung
      surup, serep, serap

    1. Yu Sikem nalika malem Jumuwah (surup)
    2. (serep) kula lare punika sae kalakuanipun.
    3. Embah sampun boten saged (serap) benang, jalaran kirang pramana.
      [ 76 ]
      1. Dhasare bocah ndelul, senajan (surup), iya meksa nekat klenyitan.
      2. Gendhuk, (surup) ayo mlebu ngomah, aja dolanan maneh !
      3. Dhuwit Rp 100.000,- iki (surup) reganing sepedhah.
      4. (surup) ya, manawa kowe kuwi digedhekake wong tuwamu, mula wajib ngajeni lan memundhi.
      5. Begog kae pancen kurang (surup), mula iya tansah grusa-grusu.
      6. Nyiliha literan, dakenggone (surup) beras panenan wingi !
      7. Bocah kang ora ngreti yuda negara prelu (surup)


      KOSA KATA/GUDHANG TEMBUNG (1.5.3.)

      A. Tembung timbang (padan kata)

      Tuladha:
      . . . . . dening kasiyating Pancasila, PKI bisa ditumpas sacindhile abang.
      Tetembungan iki rampungna !
      1. banyune asat
      2. desane adoh
      3. omahe cedhak
      4. rembulane bunder
      5. bayine cilik

      1. sepure kosong
      2. hotele suwung
      3. sudagare sugih
      4. kulahe kebak
      5. guwane peteng

      B. Istilah-istilah

      Cecukulan kang wijine ana arane.
      Sebutna !
      asem duren pelem
      nangka tanjung kluwih
      cipir jambe kapas
      randhu mlinjo sawo
      [ 77 ]C. Apa arane ?
      1. Banyu kang ngetuk saka bumi dadi kali diarani....
      2. Banyu tuk mbalumbang mili sawetara menyang sawah,....
      3. Banyu panas kang metu saka pucuking gunung geni ......
      4. Ledhokan isi banyu udan ora bisa mili, sok ana iwake...
      5. Banyu rembesan tetes metu saka tepining jurang ......
      6. Sumur kawak sajroning alas,
      7. Rawa ing tengah diyasani omah lan patamanan .......
      8. Bumi ledhok kisen banyu ora bisa mili dadi embek-embek.
      9. Banyu sidhatan saka kali kanggo ngoncori swah ......
      10. Blumbang gedhe/jembar tandhon banyu ....

      a. sendhang

      b. umbul

      c. blumbang

      d. kawah

      e. prigi

      f. tretes
      g. balong

      h. botrawi

      i. wadhuk

      j. wangan


      D. Negesi tembung
       Tuladha:
      Pokal gawene PKI kang ora idhep ing bener.
       pokal gawe = pratingkah ora becik
       Coba tetembungan kang digaris ngisore iki apa tegese ?

      1. Aja seneng adol gawe.
      2. Adhine wis metu gawene.
      3. Ma, saiki andum gawe bae.
      4. Bocah wis gedhe ngono kok isih dadi gawe.
      5. Ayo Ya, rada disrempeng, keri gawe tenan kowe mengko !
      6. Menawa tandang gawe aja grusa-grusu !
      7. Yen ana gawe pari gawe, kamas kae rak wis bisa mrantasi.
        [ 78 ]8. Prekara kuwi rak dudu gawene, luwih becik aja cawe-cawe.

      9. Olehku golek butuh bisa oleh gawe.
      10. Pak Suta lagi duwe gawe.

      a. ngumukake sregepe
      b. bisa tetulung mahakarya
      c. mbagi kawajiban
      d. nusahake
      e. kether

      f. nindakake pakaryan
      g. bab kang kudu ditindakake
      h. dudu kawajibane
      i. klakon kang disedya
      j. ewuh mantu, tetakan


      E. Milih tembung, panguwuh

      Tuladha: E, keparat kowe PKI !
      Ukara iki isenana nganggo tembung panguwuh, kang nelakake ora seneng/gila, kaget.

      1. ....., kecakot ilatku!
      2. ....., kowe meksa ora manut!
      3. ....., dhuwitku keri!
      4. ....., larane!
      5. ....., gedhene tumane saga - gajah !
      6. ....., konangan Bu Guru!
      7. ....., ndhugale kok kaya setan !
      8. ....., lali maneh payungku !
      9. ....., udan !
      10. ....., mengkirig aku weruh uler geni.

      a. hi
      b. wut
      c. la,ilah
      d. dubilah
      e. mati
      f. biyuh-biyuh
      g. astaga
      h. O
      i. E
      j. adhuh

      IV TITI UKARA (1.6)

      A. Warnaning ukara (1.6.2.)
      Manawa nitik jinising tembung wasesane, ukara iku ana rong warna, yaiku: [ 79 ]1. Ukara nominal
      yaiku menawa wasesane saliyane tembung kriya
      Tuladha:
      Omahe gedhong.

          j    w     w : tembung aran

      Anake lima.

          j   w      w : tembung wilangan
      2. Ukara verbal

      yaiku menawa wasesane wujud tembung kriya.
      Tuladha:
      Korane lagi diwaca.   w  : tb kriya

                w

      Bocahe sregep ngangsu.   w : tb kriya

                 w
      Coba ukara iki aranana ukara verbal utawa nominal !

      1. Omahe gedheg.
      2. Anake lanang.
      3. Parine akeh banget.
      4. Sutara bocah pinter.
      5. Banyune bening banget.
      6. Adhiku nggambar kembang.
      7. Paman tindak jagong.
      8. Mas Karna ngetung dhuwit.
      9. Siwa nggule ayam.
      10. Pak Guru maringi garapan.


      B. Nerusake ukara Coba ukara iku rampungna !
      1. Aja kok owah-owah, kuwi segane .........

      kuwi singgahane .....
      bakale arep di ......
      ..... dhewe.

      2. Olehe ndhudhuki jugangan .............. [ 80 ]

      Olehe  sinau ................
         nonton wayang ........
         ngenteni nganti ......
      3. Aku wis tau maca .................
         ngrungokake crita ....
         .... nganti ..........
         nonton wayang lakon...
         ............... tamat.


      V. TITI BASA (1.7.)

      A. WARNA BASA (1.7.1.)
      Mudha krama
      Basa mudha krama iku luwes, lumrahe dadi basane wong anom marang wong tuwa.
      Dene wujude: basane krama kabeh, kacampuran krama inggil.
      Tuladha:
      1. Mas, panjenengan badhe dhateng pundi?
      2. Bu, nyuwun pangapunten, kula damel kagetipun Ibu.
      Coba ukara ngisor iki gawenen mudha krama !
      1. Mas, arep menyang ngendi ?
      2. Yen oleh aku melu.
      3. Mas Karna mengko mulih jam pira?
      4. Mbak Titi mau mangan apa durung?
      5. Pak Gedhe mengko apa sida bali?
      6. Bu Lik sesuk apa sida lunga?
      7. Yen sida aku tukokna klambi!
      8. Besuk mulihe dakpethuk.
      9. Pak Tarma apa grlem ngombe es?
      10. Menawa ora gelem, lha ngombe apa?


      B. RENGGA BASA (1.7.2.)

      SANEPA
      Sanepa iku pepindhan kang tegese lumrahe [ 81 ]
      malah mindhakake ora apik utawa nyebutake apa-apa katandhing karo liyane, nanging luwih saka kang diupamakake.
      Upama:
      Ambune arum jamban = banger banget.
      Awake kuru semangka = lemu banget.


      Coba aranana apane sing disanepakake ?

      1. ..... empuk watu.
      2. ..... abot kapuk.
      3. ..... abot merang sebelah.
      4. ..... atos debog.
      5. ..... abang dluwang.
      6. ..... dhuwur kencur.
      7. ..... pait madu.
      8. ..... peret beton.
      9. ..... wuled godhong lumbu.
      10. ..... jero tapak meri.

      a. kawruhe
      b. kulite
      c. ilate
      d. eseme
      e. dedege
      f. cahyane
      g. balunge
      h. bobote
      i. awake
      j. atine


      VI. MACA TITI

      PAHLAWAN REVOLUSI

         1. Ngeres.
            Sedhih.
            Tindak nasa ! Sirna kamanungsanmu !
            Kalis ! Eblis , manjing anggamu.
            Kumresik ! Ngaku progresif.
            Wicaramu, peret welut dilengani.
            Jebule gawe sangsara, duraka, cilaka.
            Mung topengan.
            G.30 S. licik !

              
                       2. Kurban.
                          Karya kurban.
                          Jendral-jendral.
                          Gilang-gilang layone.
                          Pantes den nugraha.
                          Pahlawan Revolusi.
                          Pangera paring sih.
                          Cinathet ing sejarah.

      [ 82 ]B.Tembung-tembung kang angel

      1. sirna : ilang
      2. manjing : mlebu
      3. angga : badan, awak
      4. progresif : maju
      5. wicara : gunem
      6. peret welut dilengani : lunyu ing wicara
      7. duraka : dosa, cilaka
      8. licik : jirih
      9. karya : gawe
      10. gilang-gilang : sumorot
      11. den nugraha : di ganjar

      C.Pitakonan iki wangsulana!

      1. Sapa kang duwe tindak nasar ?
      2. PKI ngakune kepriye bae ?
      3. Nanging kepriye nyatane ?
      4. Sapa bae Pahlawan Revolusi ?
      5. Kapan pengetan dina Pahlawan ?
      6. Kapan pengetan kesakitan Pancasila?


      VI. AKSARA JAWA
      WACANEN KANG PATITIS

      ꦲꦢꦸꦏꦼꦕꦶꦏ꧀

      ꦩꦠꦥꦶꦠꦶꦏ꧀

      ꦮꦺꦢꦁꦧꦸꦧꦸꦏ꧀

      ꦫꦢꦩꦼꦭꦺꦏ꧀

      ꦝꦠꦼꦁꦱꦧꦶꦤ꧀

      ꦭꦲꦶꦂꦧꦠꦶꦤ꧀

      ꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦠꦸꦤ꧀

      ꦢꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤ꧀

      ꦔꦱꦃꦲꦫꦶꦠ꧀

      ꦔꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦝꦼꦠ꧀‌

      ꦒꦼꦭꦁꦏꦫꦺꦠ꧀

      ꦫꦢꦫꦺꦥꦺꦴꦠ꧀

      [ 83 ]I. WICARA

      PADHANG REMBULAN
      Sumiyati : "Wah iki mengko purnama sidi temenan. Dhasar malem libur, terangan. Ayo ca dolanan, dikatog-katogake !"
      Komariyah : "Bener. Ayo saiki padha tetembangan dhisik. Mumpung padhang rembulan. Lelagon apa gobag sodor dhisik ?"
      Tarwanti : "Lho kok gobag sodor, aja. Ethok-ethok gawe nini thowok bae. Ayo padha lelungguhan kene !"
      Purwanti : "Iya aku mathuk. Ayo saiki nembang sing laras !"
      Bareng 1, 2, 3, 4, : "Bocah-bocah dolan, dha mrenea. Padhang-padhang mbulan, kaya rina. Latare jembar, njingglang padhange. Kareben bingar akeh rewange.
      Ayo padha keplok, plok

      surak: hore.
      Ayo padha keplok, plok
      Surak: hore." (piridan)

      Endhang : "Lha kae kebeneran mbak Karti teka, becike dianggep nini thowoke bae."
      Bareng : "Iya, iya, ayo, ayo !"
      Endhang : "Saiki ganti jamuran.

      Jamuran ya ge ge thok.
      Jamur apa, ya ge ge thok.
      Jamur gajih mbegigih saara-ara."


      [ 84 ]II. TITI SWARA

      A. Konsonang, k(1.1.2.)
      Ukara: Ayo ca olehe dolanan dikatog-katogake.
      Lelagon apa gobag sodor?
      konsonan g manawa dadi panyigeg swarane anteb (sampurna)
      konsonan k anteb (sampurna) manawa:
      - dadi panyigeg disusul s, t
      - dadi panyigeg didhisiki pepet
      (ndelenga Piwulang 5/II)
      Coba tetembungan iki ucapna kang cetha!
      asu ajag
      pagaweane rancag
      mungsuhe babag
      akil balig
      dicocog dom
      untune sisigan
      atine teteg
      cagake jejeg
      kendhaline dipepeg
      mbayar pajeg
      masah blabag
      dolan wis tutug
      banyune mambeg

      ajak-ajak lunga
      goleka rancak
      awake babak
      blabag dibalik
      segane dicocok asu
      sisik iwak
      pringe kanggo tetek
      sirahe dijejeki
      dagangane pepek
      menyang pajeksan
      keblabak ing banyu
      tutuke lapana
      watak mambek

      B. Konsonanb, p (1.1.2.)
      konsonan b diucapake anteb
      p diucapake empeng
      Tetembungan iki ucapna lan gatekna!
      mesin uwab
      kitab injil
      oleh sawab
      lalab timun

      sepedhah balap
      bocah kalap
      lawuh kecap
      iwak kakap

      [ 85 ]

      lintang salib durung raup
      duwe wajib nulup peksi
      kawruh gaib wayah surub
      dadi tabib ngasah kacip
      pasang tarub pitike urip
      jangan sayub aja kikip
      mangan kuluban sisip sembir
      lampune murub ngukup uwuh
      pijer atob ngokop wedang
      banyu umob lampu sentolop
      dalane ngecob welut ngecop
      lawange mineb nginep ing hotel
      kekeb kendhil awake dikekep
      omahe keleban paku idep


      III. TITI TEMBUNG (1.5)

      A. GUDHANG TEMBUNG (KOSA KATA) 1.5.3.

        1. Tembung timbang (padan kata)
        2. Latare jembar, padhang-njingglang. Tetembungan ngisor iki rampungna suapaya dadi tembung timbang kang ateges mbangetake.
          1. Klambine teles ......
          2. Bala pecah ajur ......
          3. Atine remuk ......
          4. Raine abang ......
          5. Rupane ireng ......
          6. Morine putih ......
          7. Banyune anyep ......
          8. Jamune pait ......
          9. Kulahe asat ......
          10. Omahe suwung ......
        3. Kosk balen
        4. Tuladha:
           padhang njingglang X peteng ndhedhet
        [ 86 ]Tetembungan iki golekana kosok baline !
        1. Rembulane surup
        2. Latare jembar
        3. Olehmu matur aja kesusu
        4. Reginipun sampun awis
        5. Mila pancen taksih sae
        6. Tamune wis lenggah
        7. Dagangane wis nipis
        8. Bapak deren kondur
        9. Sagarane rob
        10. Desane pancen sepi

        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......
        X .......


        c.Pilihen kang mathuk

        1. Bocah-bocah padha .................
        2. a. ura-ura  c. lelagon
          b. menyanyi  d. nembang
        3. Aten-atene mbak Jum iku ...........
        4. a. lurus  c. jujur
          b. burus  d. beres
        5. Tangkebe Mas Tris marang kancane ..
        6. a. nyadulur  c. rumaket
          b. supeket  d. akrab
        7. Dene guneme Tarwanti iku ..........
        8. a. empuk  c. lacut
          b. gandes  d. gandem
        9. Duwe pambek mbok sing .............
        10. a. luhur  c. bawa leksana
          b. berbedi  d.

          andhap asor

        11. Sutarna iku bareng larane wis mari atine ....................
        12. a. bungah  c. bombong
          b. bingar  d. seneng
        13. Atine dadi ...... jalaran saiki wis kesangga samubarange.
        14. a. seneng  c. bingar
          b. bombong  d. bungah
          [ 87 ]
          1. Dadi wong bok aja ngegungake kaluhuran utawa kasugihan, iku jenenge .........
          2. a. ladak  c. dhiri
            b. dir  d. kumaki
          3. Wong kang suthik kasoran karo sapepadhane seneng diajeni emoh ngajeni iku diarani ..
          4. a. dhiri  c. kumaki
            b. dir  d. gumedhe
          5. Wong kang angel nepsune, pantes sinebut wong ..................................
          6. a. alim  c. imul
            b. sabar  d. anteng


          d. Ngiseni/ngrampungake ukara

          Tuladha :
          Lho kok gobag sodor, aja !
          Ukara iki rampungna !
          1. Lho kok ..................., wis menenga !
          2. Lho kok ..................., sesuk bae !
          3. Lho kok ..................., balekna !
          4. Lho kok ..................., sabar ta !
          5. Lho kok ..................., ayo bareng aku !


          Tuladha : Ayo saiki padha nembang !
          1. Ayo, becike sesuk ...............
          2. Ayo, yen wis rampung ............
          3. Emoh, aku lagi ..................
          4. Emoh, aku ora ...................
          5. Emoh, yen saiki .................


          e. Homonim

          Coba ukara iki wenehana katrangan !
          1. a. Bubar mangsa karo, mesthine katelu.
            b. Ali karo Abas padha lunga.
          2. a. Salange pedhot, salinana sing wuled !
            b. Salange Adi ceklek, marga tiba.

          3. [ 88 ]
            1. a. Pisange wis dalu.
              b. Wau dalu kula ningali kethoprak.
            2. a. Cah, nek kowe padha padu terus-terusan marahi tuwa. b. Kamase Nani marahi etung adhine.
            3. a. Kula sampun nedha sekul gurih.
              b. Mas sampun nedha dana tiyang ingkang cethil, tiwas damel isin !
            4. a. Bocahe saiki wis mara mrene dhewe.
              b. Mbakyu lagi mara tela kanggo sadulurane.
            5. a. Aja merak wong ala, mundhak ketularan dadi ala.
              b. Aku wis tau weruh merak ana ing kebon kewan.
            6. a. Aku iki ora seneng udur, trima ngalah.
              b. Yen tanpa udur, sliramu dakaturi rawuh.
            7. a. Saiki dalan-dalan wis rata.
              b. Sang Prabu Kresna nitih rata maju ing perang.
            8. a. Kalong iku bisa mabur.
              b. Pitike kalong lima.


            B. TEMBUNG ANDHAHAN

            Tuladhane : Ayo padha lelungguhan kene !
            a. Isenanan nganggo andhahane tembung lungguh.
            1. Mas Muyana saiki nggenteni ..... wong tuwane.
            2. Mas Ja, Pak Mantri kae ..... ngisor talang !
            3. Wah kepenak ya Pak Darma kae, kari ..... klasa gumelar.
            4. Nyuwun priksa, Bapak ..... ing pundi ?
            5. E,e, aja playon ing kono, delengen kono rak isih kanggo .....
            6. Olehku nyepur ..... bareng wis sela. [ 89 ]
              1. Nuwun sewu, ........ radi ngaler kemawon.
              2. Pak Lik Warna saiki ........ papan tinggalane eyang.
              3. Adhiku ana klas ...... jejejr karo adhimu.
              4. Aja padha ........ ana ngisor wit krambil !


              b. Tembung tanggap ka, bawa ka
                Tembung tanggap ka yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater ka (dijarag) maknane kena disalini tanggap di, kayata
              Dhuwite wis kajupuk kabeh. =
              Dhuwite wis dijupuk kabeh.
                Dene tembung bawa ka, yaiku lingga kang oleh ater-ater ka (ora kajarag), ater-ater sok dadi ke, luluh, tuladha :
              Dhuwite kebuwang ana uwuh.
              Omahe Bah Bagus kobong.

              Coba tembung kang dikurung iki dadekne tembung tanggap ka utawa bawa ka !

              1. Sutarya bisa (tampa) ing SMP Negeri.
              2. Olehe ndeleng rada minggir bae mundhak (tabrak) tetumpukan.
              3. Bale nuli (tendhang) pener ngarep kiperan
              4. Sarehne ora gelem mundur bokonge (tepang) nganti krengkangan.
              5. Srimana (pengin) arep ndeleng bal-balan.
              6. Bareng (bentus) lagi krasa.
              7. Menawi gadhah prelu, mesthi (ical) barang.
              8. Tamsiyah wingi (srempet) sepedha motor, jalaran mlampah radi nengah.
              9. Olehe yasa klambi (gedhe), jalaran ngunduri gedhe.
              10. Olehe nenuwun (trima) [ 90 ]IV. TITI UKARA (1.6.)


              WARNANING UKARA (1.6.2.)
              A. Menawa nitik wasesane mbutuhake lesan utawa orane, ukara iku kena kaperang dadi: 2.
              1. Ukara transitif, menawa wasesane mbutuhake lesan, upama:
                Murid-murid lagi maca koran.
              2. Ukara intransitif, menawa wasesane ora mbutuhake lesan, upama:
                Adhine Siman nangis
              Coba ukara-ukara iki aranana endi kang transitif, lan endi kang intransitif !
              1. Bocahe ora bisa turu.
              2. Adhine Sinta lagi nangis.
              3. Murid-muris maca buku dongeng.
              4. Bu Lik mbathik sarung.
              5. Gendhuk mau ngguyu.
              6. Siwa ngekum kumbahan.
              7. Yune ngedusi gendhuk.
              8. Sapa mangan kacang?
              9. Kowe apa luwe?

              B. Ukara-ukara kang salah iki benerna !
              1. Kula dipun utus maos.
              2. Rasukan kula dhateng lemantun.
              3. Lare punika dipun nameni Sri Rahayu.
              4. Dipun siyaraken ing ngakathah.
              5. Gandheng kaliyan kirang jawah, taneman pantun kathah ingkang pejah.
              6. Panganggenipun sarwi cemeng.
              7. Ceret punika kadamel saking bleg.
              8. Segawon punika boten ageng,nanging alit. [ 91 ]
                1. Kawartosaken ing kitha ngriki badhe wonten peken malem.
                2. Milabukanipun mekaten: .....


                V. TITI BASA (1.7.1.)

                A. SANEPA (1.7.2.)
                 Coba unen-unen iki rampungna murih dadi sanepa !
                1. Utange arang ......
                2. Polahe anteng ......
                3. Playune lonjong ....
                4. Cahyane bening .....
                5. Rasane legi ........
                6. Pikire landhep .....
                7. Wujude benjo .......
                8. Tingale pait ......
                9. Tatune arang ......
                10. Rembuge peret welut ..

                a. dilengani
                b. kitiran
                c. madu
                d. tampah
                e. dhengkul
                f. bratawali
                g. leri
                h. botor
                i. kitiran
                j. wulu kucing


                B. SALOKA (1.7.2.)

                Saloka ngisor iki kepriye karepe ?
                1. Endhas gundhul dikepeti.
                2. Anjajah desa milang kori.
                3. Anjagakake endhoge si blorok.
                4. Aja cedhak kebo gupak.
                5. Omah sadhuwuring jaran.
                6. Asu arebut balung.
                7. Iwak klebu ing wuwu.
                8. Emban cindhe emban siladan.
                9. Amburu uceng kelangan deleg.
                10. Ora ganja ora unus.
                  1. Rupane ala, atine ala.
                  2. Wong duwe pagawean kang prelu, disambi nglakoni barang kang remeh, kang

                91

                [ 92 ]

                luwih wigati kapiran.
                c. Pilih kasih.
                d. Wong kena paeka sarana gampang.
                e. Wong rebutan prekara/barang sepele.
                f. Sekuthon nedya mbalela.
                g. Aja cedhak-cedhak wong ala, mundhak ketularan.
                h. Njagakake kamelikan kang ora tartamtu.
                i. Wong lelungan utawa ngupaya samubarang nganti ngambah sakehing padesan, ngleboni sakehing omah.
                j. Wong ora kekurangan, dikepenakake ati.


                VI. MACA TITI

                A. WACANEN
                CINDHELARAS IV

                Biyunge kontrang-kantring nggoleki anake, susah banget, tansah was sumelang, atine dheg-dhegan lan ora doyan ngombe, mung tansah mikir anake, gagasane warna-warna, sumelang menawa dimangsa kewan galak.

                Sajroning njetung, Cindhe Laras katos saka kadohan, nuli jelih-jelih:

                "Yung, Yung jagoku peng-pengan.
                Yung, arep dakgawa menyang kalangan.
                Arep dakedu karo duweke Pangeran.
                Jare kutha ana tomprangan."
                Wangsulane biyunge,
                "Mengko dhisik ta Ngger.
                Lungguhna sing apik, aja geger.
                Tutura kang cetha !"
                Cnd-Lr : "Jagoku peng-pengan. Nek dakedu mesthi menang."
                Dw-Lmr : "Ngger, ngretia,

                [ 93 ]

                atiku kuwi satemene rak susah banget, mung mikirake kowe. Pirang-pirang dina kowe ora mulih, kuwi menyang ngendi ?"
                Cnd-Lr : "Anu kok Yung, Aku kapengin menyang kutha, srawung karo bocah liya, bocah akeh. Aku wis tau tekan kutha kok. Kepethuk karo wong akeh. Jagoku dakcoba, dakedu menang terus. Jago angger dikabruk banjur mati."
                Dw-Lmr : "E, dadi ngono ta. Lha sabanjure kepriye ?"
                Cnd-Lr : "Aku diajani karo Pak Wangsa dikon nglurug menyang Jenggala, arep dieterake. Aku iya gelem. Dheweke tanggung jawab. Mulane Yung, aku njaluk pamit !"
                Dw-Lmr : "E, lha blai, ane. Wong adu jago mono rak nganggo totohan. Lha sing kok-enggo totohan bae apa?"
                Cnd-Lr : "Yung, aja was sumelang. Totohane nyawa-ku bae."
                Dw-Lmr : "Kepriye, nyawa ?" karo mingseg-mingseg, "Ngger anakku, anakku mung siji,ya mung kowe, aja Ngger ..... yen kena dakeman, aja,......aja lunga .... Ngger !"
                Cnd-Lr : "Yung aja nggrantes ta Yung, atiku kok ora kena dipenggak, embuh Yung, arep nemoni lelakon apa, Anu kok Yung, Pak Wangsa wani nanggung, jarene jagoku kena diendelake kok Yung, wis eklasna bae, Yung !"
                Dw-Lmr : "Ngger, apa bener, tenan ya Ngger, luwih becik aja lunga!".

                [ 94 ]

                Cnd-Lr : "Ora Yung, aku njaluk pamit, Wis Yung njaluk pangestu."

                Cindhe Laras oncat saka ngalas, mlebu menyang kutha, nggoleki Pak Wangsa, njaluk supaya dieterake menyang kalangan jago ing Jenggala. Sabanjure uga bisa ketemu karo Pak Wangsa lan sida disowanake Raden Putra.

                Bareng ana ngarsane Raden Putra didangu:

                "E, kowe bocah saka ngendi?
                Anake sapa?"
                Cnd-Lr : "Kula lare ing dhusun.
                Tumut Pak Wangsa punika.
                Badhe tumut aben sawung."
                Rd Putr : "Kepriye arep melu udu jago?"
                Cnd-Lr : "Inggih, kula wani."
                Rd Ptr : "Kurang ajar, bocah murang tata ya.
                Iki nganggo totohan, lho. Aja sembrana!
                Cnd-Lr : "Inggih kula mangretos.
                Kula wani."
                Rd Ptr : "E, Pak!
                Apa kowe sing mbotohi?"
                P.Wngs : "Boten. Sanes adalem.
                Kersaa ndangu piyambak, Pangeran!"
                Rd Ptr : "Ora, Le.
                Gacomu apa. Wani mlebu menyang kalangan. Apa kang kok-endelake.
                Gundhulmu apa, iya?"
                Cnd Lr : "Inggih. Boten klentu.
                Mangke yen sawung kula kawon, mangga .... dipun punapakaken kula ndherek, pasrah pejah gesang."
                Rd Ptr : "Tenan ujarmu.
                Manawa kowe kalh, dakkethok gulumu!"

                [ 95 ]B. Pitakonan iki wangsulana!

                1. Biyunge Cindhe Laras susah, apa sebabe?
                2. Bareng mulih, Cindhe Laras lapuran apa marang biyunge.
                3. Cindhe Laras kapengin menyang kutha, duwe sedya apa?
                4. Apa sebabe kok duwe pepenginan mangkono, oleh katerangane sapa?
                5. Bareng ngrungokake kojahe Cindhe Laras, biyunge banjur kepriye?
                6. Apa kang kanggo totohan Cindhe Laras?
                7. Apa iya klakon Cindhe Laras oncat saka ngalas?
                8. Cindhe Laras karo Pak Wangsa menyang ngendi?
                9. Cindhe Laras apa nyata wani adu jago, apa sing kanggo totohan?
                10. Raden Panji apa iya marengake?


                C. Tembung-tembung kang angel

                kontrang-kantring = montang-manting, ora jenjem
                njetung = getun, thenger-thenger marga kecuwan
                kalangan = papan kanggo adu-adu
                tomprangan = totohan
                nglurug = menyang panggonan memungsuhan
                diendelake = diprecayakake
                oncat = lunga
                murang tata = ora nganggo tata krama, deksura
                gacomu = udhumu, apa kang kanggo totohan
                [ 96 ]VII. AKSARA JAWA

                WACANEN KANG PATITIS

                ꦏꦭꦥ꧀ ꦠꦸꦠꦸꦥ꧀ ꦲꦶꦢꦼꦥ꧀
                ꦏꦼꦕꦥ꧀ ꦠꦸꦭꦸꦥ꧀ ꦱꦼꦱꦼꦥ꧀
                ꦏꦼꦭꦶꦥ꧀ ꦱꦺꦛꦺꦥ꧀ ꦲꦼꦱꦺꦴꦥ꧀
                ꦲꦫꦶꦥ꧀ ꦏꦱꦺꦥ꧀ ꦱꦼꦭꦺꦴꦥ꧀


                ꦩꦭꦩ꧀ ꦲꦫꦸꦩ꧀ ꦲꦪꦼꦩ꧀
                ꦒꦪꦩ꧀ ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀
                ꦱꦭꦶꦩ꧀ ꦲꦤꦺꦩ꧀ ꦲꦼꦢꦺꦴꦩ꧀
                ꦏꦫꦶꦩ꧀ ꦝꦺꦲꦺꦩ꧀ ꦲꦤꦺꦴꦩ꧀


                ꦏꦫꦒ꧀ ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ ꦢꦼꦢꦼꦒ꧀
                ꦲꦠꦒ꧀ ꦲꦸꦫꦸꦒ꧀ ꦲꦸꦧꦼꦒ꧀
                ꦒꦸꦝꦶꦒ꧀ ꦗꦺꦒꦺꦒ꧀ ꦝꦺꦴꦭꦺꦴꦒ꧀
                ꦒꦺꦴꦧꦶꦒ꧀ ꦒꦺꦝꦺꦒ꧀ ꦏꦠꦺꦴꦒ꧀


                ꦱꦸꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦗꦩꦸ꧈ꦗꦩꦸꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦤꦺꦴꦁꦏ

                ꦱꦸꦮꦺꦫꦏꦼꦠꦼꦩꦸ꧈ꦠꦼꦩꦸꦥꦶꦱꦤ꧀ ꦩꦺꦭꦸꦠꦺꦴꦁꦒ [ 97 ]
                PIWULANG 8

                I. WICARA

                BAL-BALAN


                Bagya : "Kowe saka ngendi Na?"
                Parna : "Saka alun-alun, mentas nonton bal-balan.
                Bagya : "Kang nonton apa akeh?"
                Parna : "Wah akeh banget, uyel-uyelan, alun-alun awoh bocah, "
                Bagya : "Sapa sing bal-balan?"
                Parna : "Murid STM, tandhing murid SMA."
                Bagya : "Sapa sing menang?"
                Parna : "Pur 1 - 1

                Maine ora resik. Ora pati apik
                Main kayu.
                Dilalah angine sumribit, bale pijer katut angin."

                Bagya : "Aku kok ora krungu warta ta ya.

                Krungua mesthi nonton.
                Kowe krungu warta saka sapa?"

                Parna : "Saka tepunganku,murid STM.

                Satemene upama STM bisa unggul, saben personil arep diganjar sepatu sepasang.

                Bagya : "Besuk maneh yen krungu warta aku wenehana weruh ya, dak melu nonton!

                Na, Na, STM iku dununge ngendi ta?"

                Parna : "Iya.

                Dununge STM kuwi saiki ana pinggir kuta." Bagya

                [ 98 ]II. TITI SWARA

                KONSONAN g   (1.1.2.)
                Fonem g tanpa variasi, panutup wanda utawa pambukaning wanda padha bae.
                Upamane:
                mandheg  godheg  rampog
                udheg  gubug  ambleg
                bladheg  gobag  judheg
                dhelog  gudheg  muyeg
                debog  gebleg  ambeg


                III. TITI TEMBUNG

                A. GUDHANG TEMBUNG = KOSA KATA (1.5.3.)
                a. Istilah-istilah
                 Alun-alun awoh bocah. (entar)
                woh teges salugune : pentil kang wis tuwa
                Cecukulan kang wohe ana jenenge, aranana !
                1. aren
                2. kanthil
                3. turi
                4. so
                5. sambi

                1. uwi
                2. widara putih
                3. pucung
                4. gebang
                5. besusu

                a. kecacil
                b. mlinjo
                c. klenthang
                d. gandhek
                e. kolang-kaling

                h. bengkowang
                i. krandhing
                j. kluwak
                k. hanyang
                l. katak

                b. Ngiseni tembung
                 Ukara : Dilalah angine sumribit, bale pijer katut angin. [ 99 ]Coba ukara iki isenana !
                1. Lha wong iya priyayi Sala, basane .....
                2. Ulate ..... bae, ana apa ta bocah kae?
                3. Embah tuwa kae lakune .....
                4. Raine ....., awit kepanasen.
                5. Vinolia iku ambune .....
                6. Bareng ledhenge didandani, iline .....
                7. Copet kae mripate .....
                8. Tangane ..... njaluk tulung
                9. Uwuhe ..... saponana sing tapis.
                10. Watune ..... arep kanggo ndandani dalan.
                11. Kathoke ..... kurang landhung sethithik.

                a. ngampret
                b. umbrukan
                c. mblader
                d. kranggehan
                e pandirangan
                f. sumenthor
                g. sumegrak
                h. mangar-mangar
                i. thuyk-thuyuk
                j. suntrut
                k. mlipir


                c. Sinonim

                nonton bal-balan = ndeleng, ningali, mriksani, ndelok

                Coba dasa nama ing ngisor iki gatekna !

                1. manuk : paksi, kukila, kaga
                2. macan : sima, sardula, mong, pragalba
                3. mati : pejah, layon, lampus, seda, surud, lalis, lena, pralaya, ngemasi, antaka, palastra
                4. omah : griya, wisma, dalem, panti, bale suyasa
                5. pandhita : resi, wiku, dwijawara, ajar, muni yogiswara
                6. perang : rana, yuda, pupuh, jurit, laga bandayuda
                [ 100 ]
                7. ratu : raja, sri nata, narendra, katong, aji, narapati, pamase, nareswara
                8. rembulan : wulan, candra, sasi, sitengsu, badra, sitaresmi, sasadara, lek
                9. srengenge : surya, radita, radite, bagaskara, bagaspati, pratanggapati, arka
                10. sagara : saganten, udaya, samodra, laut


                d. Negesi tembung

                Tuladha: Maine ora pati apik = mung rada

                Coba tetembungan kang digaris ngisore ikiterangna tegese !

                1. Mbah Mertadrana biyen kae olehe mati nganti umur 95 taun.
                2. Mbak Maryam biyen nalikane pasah dipati rasa.
                3. Wa Karta olehe ngebleng pati geni.
                4. Omah kobong wingi, genine gampang dipateni.
                5. Boca kelas III SD wis diwulang aksara mati.
                6. Rupane ora pati ayu, nanging manis.
                7. Aku ora pati-pati bali menyang desa yen durung oleh pagawean sing gumathok.
                8. Aja kepati-pati olehmu gething marang Amir!
                9. Lha iya samesthine kowe kudu pati brata marang bojo.
                10. Aku gelem nggenteni TV-mu kuwi, nanging pati bogor lho.


                e. Tembung silihan

                Saben personil arep diganjar sepatu sepasang. (personil = punggawa, warga)
                Tembung personil iku silihan saka basa Walanda.

                Coba tembung silihan iki gatekna!
                Asli WalandaAsli SangsekertaAsli Arab

                 perslah     utawa     prelu [ 101 ]

                internasional
                gupernur
                bel
                dhines
                sepur
                bor
                prei
                buku
                gelas

                jala
                griya
                sirah
                sastra
                citra
                bala
                bupati
                dasa
                sasra

                napsu
                ngelmu
                preduli
                bab
                kabar
                kewan
                kasiyat
                kajat
                makna



                B. TEMBUNG WILANGAN (1.5.2.)
                  Tuladha : Saben personil arep diganjar sepatu sepasang.

                Coba ukara iki wenehana tembung kang nelakake wilangan, mawa ater-ater sa!

                1. Sri golekna kunir ........ bae dakenggone milisi adhimu!
                2. Lawe ........ iki regane pira
                3. Aku mau dioleh-olehi jadah ........
                4. Yu, njaluk suruhe ........ bae
                5. Aku isih duwe setagen ........
                6. Aku nempil tembakone ........
                7. Gedhang ........ iki isine pirang tangkep.
                8. Pesena gedheg ........ bae
                9. Mori ........ rega pira?
                10. Tukua kacang brol ........

                a. sabentel
                b. sakacu
                c. satebak
                d. satundhun
                e. sadeleg
                f. sakayuh
                g. sacandhik
                h. satetel
                i. satukel
                j. saenthik



                C. TEMBUNG ANDHAHAN (1.5.2.)
                Dununge STM kuwi saiki ana pinggir kutha.
                    dununge = enggone

                  Coba titik-titik iki isenana nganggo andhahane tembung dunung!

                1. Bocah diterangake bola-bali kok ..........


                101 [ 102 ]
                1. Pak Krana saanak bojone ..... ing badran anyar.
                2. Daleme Mas Nata sing anyar apa wis .....
                3. Olehe padha padu don saiki wis rukun, marga wis ..... dhodhok selehing prekara, dening Pak Lurah.
                4. Wong-wong kang padha truka saiki ..... katon gilar-gilar sumeblak.
                5. Bocah alim iku ..... sipat sabar.
                6. Omah gedhong kagungane Pak Carik kang cedhak bale desa saiki kanggo .....
                7. Satriya kae rak mung ..... ing pomahane Pak Kasdi.


                IV TITI UKARA (1.6.)

                WARNANING UKARA (1.6.1.)
                Ukara crita.
                Ukara crita iku nyritakake kaanan kang mentas rinungu, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nirokake lsp
                Dene lagune wekasan mudhun mayat, padane titik.
                Tuladha:
                Grombolan grayake bisa nggondhol bandhane PT Arum pengaji 100 yuta rupiyah.

                Coba ukara-ukara iki wacanen kang mapan!

                1. Besok sasi Mulud ngarep iki, ing Ngayogya bakal ana pasar malem.
                2. Karusakan jalaran banjir ing sakiwa tengening kali Dengkeng dudu baen-baen, sawah-sawah akeh kang kurugan wedhi.
                3. Karepku ngono aku bae sing tunggu omah, dene kowe kang mangkat.
                4. Yen pinuju padhang rembulan, bocah-bocah ing padesan akeh kang padha dolanan jelungan lan gawe Nini-thowok. [ 103 ]
                  1. Saka pangrasaku, ora prayoga yen kowe metu bengi ing sajroning kaanan durung tentrem.
                  2. Sutarja kandha, yen dheweke ora munggah pangkat.
                  3. Aku sumpah, menawa ora bakal nindakake pagawean maksiat maneh maneh.
                  4. Panedhanipun lare punika, menawi sampun ageng badhe sekolah dhateng manca negari.
                  5. Tiyang punika pitaken, benjing punapa angggen kula badhe dhateng mrika.
                  6. Kula pitados, bilih tiyang punika burus manahipun.


                  V. TITI BASA/GAYA BAHASA (1.7.)

                  A. WARNA BASA (1.7.1.)

                  Ukara-ukara iki gawenen krama lugu !

                  1. Sutana durung adus.
                  2. Kanca-kanca seneng mlaku-mlaku.
                  3. Padha lungguhna lan crita gentrnan !
                  4. Dak mangan dhisik !
                  5. Kowe apa iya arep mangan ?
                  6. Aku arep ngombe wedang jae.
                  7. Sadhela maneh aku arep lunga menyang Sala.
                  8. Panggonanmu apa ana wit gedhang Bawen ?
                  9. Omahmu kuwi ngendi ta ?
                  10. Kowe apa duwe sadulur ?


                  B. RENGGA BASA (1.7.2.)

                  Tembung entar
                  Alun-alun awoh bocah.
                  awoh tegese akeh

                  Coba tembung entar ing ukara iki kepriyetegese ?

                  1. Bocah kuwi pancen mati ilate, lha wong selat enak-enak kok ora doyan. [ 104 ]
                    1. Dhi, sing jembar segarane bae, ora prelu ditanggapi wong kang brangasan kaya kae!
                    2. Pancen rekasa kok mulang bocah kethul atine kuwi, iya wis mung kudu sabar.
                    3. Aja seneng nggadho atine wong tuwa, kosok baline jaganen murih senenge !
                    4. Pak Gina lagi peteng atine, mula prelu dilipur.
                    5. Abas kae pancen ala kandhutane, tansah gawe ribut kancane nunggal pagawean.
                    6. Bareng wis gilig rembuge, wong sadesa padha gumregah gotong royong mbangun kreteg.
                    7. Mas Trima saiki rumasa wis ilang klilipe, jalaran Surtima kang dadi satrune wis pindhah saka desane, menyang Kalimantan.
                    8. Ngati-ati lho nek nyelehake barang, bocah kae dawa tangane.
                    9. Bareng anak-anake wis bisa mentas dhewe,wong tuwane katon gedhe atine.


                    VI. MACA TITI

                     A. WACANEN

                    CINDHE LARAS V

                    Kocapa ing kalangan uwis andher para santana saha kerabat liyane. Jago wis wiwit diumbar ing kalangan. Nuli erek-erekan. Wong-wong wiwit tomprangan. Sadhele maneh wis kabruk-kabrukan, gitik-gitikan. Kang padha totohan pating brengok, suwarane mawurahan.

                    Cnd Lr : "Cek-cek-cek,
                    Ayo, ayo, Kresna, Kresna ..... jebret."
                    P. Wngs : "Asor asor .....
                    cek-cek-cek-cek ... jebret."
                    Rd Ptr : "ho, ho, ho .... unggul, unggul .......

                    [ 105 ]

                    adhuh. Kurang ajar."
                    Cnd-Lr : "Cek-cek-cek.
                    Ayo, ayo, Kresna, Kresna ...   jebret.
                    Modar ora?"

                      "Keyok," jagone Rd. Putra kalah. "Hore menang!"

                    Rd Ptr : "Wut, blai.
                    Trembelane. Ayo ngadeg, ngadeg!"

                    Pungkasane jagone Rd. Putra digitik, kena jalu banjur keyok, klebegan ora bisa obah, nuli mati. Lan sateruse jagone Cindhe Laras kluruk:

                       "Kuk, kuk kluruk,
                       jagone Cindhe Laras,
                       omahe tengah alas,
                       anake Rd. Putra."

                    Sanalika Rd. Putra banjur nggeblag sumaput, bareng wus enget, banjur marani Cindhe Laras lan ngandika,

                       "Cindhe Laras! O anakku,
                       jebule kowe anakku dhewe, Ngger.
                       Lha ibumu sapa, lan ana ngendi?"

                    Cnd Lr : "Kula anakipun Dewi Limaran.
                    Manggen ing salebeting wana."
                    Rd Ptr : "O, genah. Yen mengkono kowe putraku temenan. Lha saiki ayo aku tuduhna Ibumu. Aku bakal ngerigake wadyabala.
                    Kowe dakboyong menyang kraton."
                    Cnd Lr : "Inggih sumangga, kula dherekaken."

                    Wiwit iku Rd. Putra banjur tata-tata, sawuse samapta sapirantine, Rd. Putra dalah Cindhe Laras, apa dene Pak Wangsa kepareng ndherek, miwah para abdi dalem ing kraton padha budhalan ngupadi dununge Dewi Limaran. Sawuse ketemu, Dewi Limaran kaboyong menyang Jenggala. Retna Cindhaga kaukum. [ 106 ]B. PITAKONAN IKI WANGSULANA

                    1. Sapa bae kang wus ana ing kalangan?
                    2. Jagone Cindhe Laras parabane sapa ?
                    3. Jagone Cindhe Laras bisa ngabruk ping pira ?
                    4. Jagone Rd. Putra iya bisa mati?
                    5. Kluruke jagone Cindhe Laras apa iya kaya lumrahing jago? Lha yen ora kepriye?
                    6. Apa sebabe Rd. Putra sumaput?
                    7. Bareng kengetan banjur kepriye?
                    8. Lha Cindhe Laras kepriye sikape?
                    9. Dewi Limaran apa tetep ana ing alas?
                    10. Retna Cindhaga kudu nanggung apa? Lan babaring crita kepriye?


                    C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL

                    andher = padha linggih jejer akeh
                    santana = sanak saduluring priyayi
                    krabat = sanak sedulur
                    ngerigake = tumandang gawe bebarengan
                    samapta = sadhiya
                    ngupadi = golek


                    VII. AKSARA JAWA

                    WACANEN KANG PATITIS

                    ꧋ꦏꦲꦺꦱꦥꦭꦸꦁꦒꦸꦃ‌ꦲꦶꦁꦮꦶꦝꦶꦒ꧀

                    ꦮꦠꦫꦤꦺꦥꦗꦼꦂ‌ꦲꦁꦒꦺꦴꦧꦶꦒ꧀

                    ꦲꦠꦶꦲꦗꦢꦶꦒꦮꦺꦗꦸꦝꦶꦒ꧀

                    ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦤꦺꦝꦱꦼꦒꦒꦸꦝꦼꦒ꧀꧈ [ 107 ]

                    ꦲꦧꦢ꧀ ꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ ꦧꦼꦧꦼꦢ꧀
                    ꦗꦱꦢ꧀ ꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ ꦲꦸꦧꦼꦢ꧀
                    ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ ꦩꦺꦭꦺꦢ꧀ ꦲꦸꦮꦺꦴꦢ꧀
                    ꦮꦶꦫꦶꦢ꧀ ꦏꦺꦱꦺꦢ꧀ ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦢ꧀


                    ꦤꦤꦱ꧀ ꦲꦶꦫꦸꦱ꧀ ꦭꦸꦮꦼꦱ꧀
                    ꦏꦥꦱ꧀ ꦧꦒꦸꦱ꧀ ꦮꦠꦼꦱ꧀
                    ꦥꦼꦠꦶꦱ꧀ ꦧꦫꦺꦱ꧀ ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀
                    ꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ ꦏꦠꦺꦱ꧀ ꦧꦠꦺꦴꦱ꧀


                    ꦧꦧꦭ꧀ ꦲꦸꦕꦸꦭ꧀ ꦕꦶꦮꦼꦭ꧀
                    ꦲꦶꦕꦭ꧀ ꦔꦶꦢꦸꦭ꧀ ꦩꦼꦢꦼꦭ꧀
                    ꦕꦏꦶꦭ꧀ ꦠꦺꦮꦺꦭ꧀ ꦩꦤꦺꦴꦭ꧀
                    ꦕꦸꦮꦶꦭ꧀ ꦒꦸꦢꦺꦭ꧀ ꦒꦶꦒꦺꦴꦭ꧀


                    ꦢꦢꦶꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ ꦒꦮꦺꦠꦺꦥꦱ꧀
                    ꦔꦁꦒꦺꦴꦧꦼꦧꦼꦢ꧀ ꦤꦼꦩꦸꦧꦧꦭ꧀
                    ꦭꦒꦶꦔꦸꦮꦺꦴꦢ꧀ ꦧꦸꦠꦕꦏꦶꦭ꧀
                    ꦠꦸꦏꦸꦤꦤꦱ꧀ ꦢꦢꦶꦩꦤꦺꦴꦭ꧀
                    [ 108 ]
                    ꦱꦧꦧ꧀ ꦲꦸꦗꦸꦧ꧀ ꦲꦶꦤꦼꦧ꧀
                    ꦲꦶꦗꦧ꧀ ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ ꦏꦼꦏꦼꦧ꧀
                    ꦏꦫꦶꦧ꧀ ꦠꦫꦸꦧ꧀ ꦲꦸꦩꦺꦴꦧ꧀
                    ꦮꦗꦶꦧ꧀ ꦏꦸꦠꦸꦧ꧀ ꦲꦼꦫꦺꦴꦧ꧀
                    ꦉꦕ ꦏꦼꦉꦤ꧀ ꦒꦉꦱ꧀
                    ꦉꦒ ꦥꦉꦏ꧀ ꦏꦉꦩ꧀
                    ꦲꦉꦁ ꦥꦼꦉꦠ꧀ ꦒꦼꦉꦒ꧀
                    ꦏꦼꦉꦁ ꦏꦉꦥ꧀ ꦩꦼꦉꦩ꧀
                    ꦊꦩꦫꦶ ꦥꦸꦊꦤ꧀ ꦏꦊꦩ꧀
                    ꦊꦒꦮ ꦩꦺꦊꦏ꧀ ꦥꦶꦊꦒ꧀
                    ꦒꦊꦁ ꦮꦸꦊꦢ꧀ ꦩꦼꦊꦱ꧀
                    ꦩꦊꦁ ꦠꦺꦊꦥ꧀ ꦏꦊꦧ꧀

                    ꧋ꦒꦭꦺꦴꦏꦲꦺꦮꦺꦢꦁꦔꦺꦲꦸꦩꦺꦴꦧ꧀

                    ꦲꦪꦺꦴꦢꦶꦒꦮꦺꦮꦺꦢꦁꦏꦺꦴꦥꦶ꧈

                    ꦭꦺꦴꦏꦢꦁꦲꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦲꦔꦺꦴꦥ꧀

                    ꦥꦪꦺꦴꦢꦶꦒꦮꦺꦱꦼꦁꦤꦼꦁꦝꦶꦫꦶ꧉ [ 109 ]
                    PIWULANG 9

                    I. WACANEN BATIN

                    LAMBANG NEGARA

                    Saben negara nduweni lambang dhewe-dhewe.​Semono uga negara Republik Indonesia, dene lambange awujud pepethaning manuk Garudha mawa tulisan "BHINNEKA TUNGGAL IKA".

                    Wewujudan mau dipek surasane utawa maknane. Manuk Garudha mono kaya-kaya dadi tetungguling golonganing manuk, kang nduweni sipat ora wedi marang baya pakewuh apa bae, "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung".

                    Menawa golek pangan utawa darbe sedya,sanajan katempuh ing prahara utawa mrangguli alangan gedhe pisan ora bakal mundur, ora arep bali, lan ora nedya murungake kekarepane, apa maneh ora wedi marang sindhung riwut.

                    Mula wis pantes lan wis mungguh menawa manuk Garudha iku dadi lambanging negara RI, lire bangsa kita iku senadyan mrangguli bebaya dikaya ngapa bae, ora samar, ora wegah rekasa nanggulangi utawa nyirnakake. Malah dilabuhi toh pati, beteke olehe nggegegi, ngrungkebi kamardikan.

                    Dene unen-unen "Bhinneka Tunggal Ika" iku maknane mengkene :

                    Tembung Bhinneka iku nduweni teges "ora mung siji". Tunggal iku ateges: manunggal dadi siji. Dadi tetembungan mau nduweni makna, senajan bangsa Indonesia iku dumadi kumpuling suku maneka warna, istingarah bisa manunggal. [ 110 ]II. PITAKONAN IKI WANGSULANA

                    A.
                    1. Unen-unen lambang negara RI iku ucapna kang cetha !
                    2. Sebutna pepethan lambang mau !
                    3. Manakne pepethan iku jlentrehna !
                    4. Wewujudan mau nggambarake duwe watak/sipat kepriye ?
                    5. Sesipatan wewujudan mau pari basane kepriye
                    6. Kepriye mungguhing pari basan mau ?
                    7. Saiki kandhakna maknane lambang negara RI
                    8. Lha menawa gendera Gula Klapa iku maknane kepriye ?


                    B. TEMBUNG?TEMBUNG KANG ANGEL

                    lambang = tandha, symbool
                    pepethan = gegambaran
                    bhinneka = maneka warna
                    tetunggul = pangarep
                    darbe = duwe
                    sedya = karep, niat, maksud
                    mrangguli = methuki, nemoni
                    sindhung riwut = angin gedhe, prahara, angin lesus
                    mungguh = trep, mathuk
                    lire = karepe, tegese
                    nanggulangi = methukake, mapagake
                    nyirnakake = ngilangake, mbengkas
                    dilabuhi = direwangi
                    istingarah = presasat, meh kena, ditetepake, dipasthekake yen . . . . .


                    III. KAWRUH BASA

                    A. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.3)

                    a. Ukara : Sanajan katempuh ing prahara utawa mrangguli alanagn gedhe pisan ora bakal mundur,  (= maju terus )
                    [ 111 ]Coba tembung-tembung kang digaris iki cekaken kang surasane padha !
                    1. Jangane kakehan uyah.
                    2. Olehe kelan kurang bumbu.
                    3. Olehe ngimbu pelem wis mateng banget.
                    4. Olehe turu ora nglilir-nglilir.
                    5. Amin bodho, nanging reka-reka pinter.
                    6. Darma gelem ngajeni marang wong tuwa.
                    7. Sarlan ora tau atus sarta ora gelem ngumbahi.
                    8. Aku durung adus, awit jedhinge ora ana isine babar pisan.
                    9. Sinem iku kakehan gunem, apa-apa dilokake.
                    10. Latar, kebone reged, akeh uwuh lan thethukulane.

                    a. njembrung
                    b. juweh
                    c. asat
                    d. kemproh
                    e. tata krama
                    f. kuminter
                    g. angler
                    h. dalu
                    i. kasinen

                    j. cemplang

                    b. ISTILAH
                    Tembung silihan
                     Tembung-tembung silihan iki gatekna asline !

                    Asli Portegis : antero, lemari, bludru, meja, sepatu, gendera, greja
                    Asli Persi : tesmak, domba, sreban,nakoda
                    Asli Cina : kongsi, loteng, lonceng, conto, dhacin, kuwih, teh,anglo
                    Asli Indonesia : perjuangan, abis bulan, main, tempat tidur, latihan,bising,
                    Asli Jepang : sayonara, romusa, samore,jibaku, kimono,arigato

                    c. [ 112 ]C. TEMBUNG NUNGGAL MISAH

                    Sipat/wataking ati iku warna-warna.
                      Upamane: Wong gumedhe iku diarani angkuh.
                      Coba iki isenana wataking ati.

                    1. Wong kang arang nepsu iku diarani ........
                    2. Wong kang gelem disrengeni iku diarani ........
                    3. Wong kang gampang nepsu iku diarani ........
                    4. Wong kang sareh atine diarani ........
                    5. Wong kang bisa simpen wadi iku diarani ........
                    6. Wong kang menawa deduwe, loma yen dijaluki ........
                    7. Wong kang seneng gawe piala, murih bilaining liyan iku diarani ........
                    8. Wong kang sugih akal mung murih kauntungane dhewe, gawe pitunaning liyan iku ........
                    9. Wong kang meri marang kabegjaning liyan, gawe sandi upaya murih bilai iku ........
                    10. Wong kang ora nrima ing pandum, kudu ngarah kabeh bagianing liyan iku ........

                    a. apeh
                    b. drengki
                    c. muthakil
                    d. jail
                    e. lumrah

                    f. lembut budine
                    g. lembah manah
                    h. brangasan
                    i. imul
                    j. alim

                    B. TITI BASA/GAYA BAHASA
                    Warna basa   (1.7.1.)
                      Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang mathuk!

                    1. Kula ........ bilih kawontenan kula ing Surabaya sami wilujeng.
                        a. ngaturi uninga,   b. suka priksa   c. maringi priksa
                    2. Nuwun sewu kula ........
                    3. [ 113 ]
                         a. tak maem kriyin
                         b. takdhahar riyin
                         c. nedha rumiyin
                      1. Bapak sampun ........ saking Bandhung.
                        a. kondur, b. rawuh, c. dumugi
                      2. Menawi dipun paringi, kula ........... kemawon.
                        a. ya kersa, b. purun, c. ayem
                      3. Lho dhik kok .........
                        a. muwun, b. nangis
                      4. Bapak sapunika ....... ing dalem.
                        a. wonten, b. enten, c. onten
                      5. Menawi dipun dongengi lare-lare .......
                        a. dhemen, b. remen, c. seneng
                      6. Raden Premadi pancen ...... dhateng Srikandhi.
                        a. dhemen b. remen, c. seneng
                      7. Mas Atma kula aturi ..... rumiyin !
                        a. dhahar, b. nedha, c. nedhi
                      8. Tut, waskon punika supados dipun ...... Bu Tom.
                        a. konduraken, b. sukakaken, c. caosaken


                      C.PARIBASAN  (1.7.2.)

                      Uen-unen Rawe-rawe rantas malang-malang putung tegese kabeh sing ngagol-agoli sedayane disirnakake.

                      Coba paribasan iki rampungna !

                      1. Emban cindhe .............
                          = mbedak-mbedakake
                      2. Cebol nggayuh ............
                          = samubarang kang nglengkara kelakone.
                      3. Suwe mijet ...............
                          = pagawean kang gampang digarap/dilakoni
                      4. Kakehan gludhug ..........
                          = wong kakehan rembug/kasaguhan, nanging ora ana nyatane
                      5. [ 114 ]
                        1. Nguyahi . . . . . . . . . . . . . .
                           = wong menehi marang wong kang wis sugih, muspra/tanpa guna
                        2. Kalah cacak . . . . . . . . . . . . . .
                           = samubarang pangangkah mawa dicoba-coba utawa kabobot-bobot kena utawa orane,
                        3. Kebak. . . . . . . . . . . . . .
                           = wong kang wis akeh kaluputane
                        4. Dahwen . . . . . . . . . . . . .
                           = Para dahwen ing wicara utawa liyane,sarta para open marang kamelikan, utawa marang sabarang pratingkah.
                        5. Diletana . . . . . . . . . . . . .
                           = pepesthening jodho, arepa ana pepalang apa bae mesthi kelakon
                        6. Dudu berase . . . . . . . . . . . . .
                           = wong mudhoni wicara, nanging kleru surup


                        IV. KASUSASTRAN
                        a. PEPINDHAN/RENGGABASA  (1.7.2.)

                        Pilihen kang cocok !

                        1. Gampange kaya empol.....
                           (dipecok, kapecok, pinecok)
                        2. Rukune kaya mimi ...... mintuna.
                           (kaliyan, karo, lan)
                        3. Baguse kaya Kamajaya ...
                           (tedhak, mudhun, tumurun)
                        4. Kang manganggo ireng ngumpul padha ireng kaya gagak ......
                           (reraton, saba, rimang)
                        5. Suwarane kaya mbelahake ......
                           (donya, jagat, bumi)
                        6. Rupane kaya jambe .....
                           (disigar, kasigar, sinigar)
                        7. Anteng kaya penganten .....
                           (temu, ditemokake, ijab)
                        [ 115 ]8. Beda kaya bumi karo ...........

                           (akasa, wiyati, langit)
                        9. Bungahe kaya kere nemoni ......
                           (sega, pangan, malem)
                        10. Bungahe kaya ketiban .........
                           (gunung, lintang, daru)


                        b. TEMBUNG ENTAR  (1.7.2.)
                         Ana ukara:
                           Bangsa Indonesian wani labuh sabaya pati,
                           ngrungkebi kamardikan.  (tb. entar)

                         Coba tembung-tembung iki dadekna tembung entar !

                        1. kaku ....
                        2. puput ....
                        3. ..... endhase
                        4. ..... geni
                        5. kenceng ....
                        6. entek ....
                        7. dawa ....
                        8. ..... jangkahe
                        9. cupet ...
                        10. mati ....
                        11. kecandhak ....
                        12. ketiban ....

                        a. tai baya
                        b. buntute
                        c. pangane
                        d. piandele
                        e. amba
                        f. tangane
                        g. pangarep-arepe
                        h. kekarepane
                        i. idu
                        j. endhase
                        k. yuswa

                        l. atine


                        V. PARAMASASTRA

                         A. TEMBUNG ANDHAHAN  (1.5.2.)

                          Ukara-ukara iki tuduhna kang bener !
                         1. a. Sutarja ketampi ing SMP Negeri.
                          b. Sutarja katampi ing SMP Negeri.
                         2. a. Anggenipun kesah boten kasumerepan.
                          b. Anggenipun kesah boten kesumerepan.
                         3. a. Kula kapengin ningali sirkus.
                          b. Kula kepengin ningali sirkus.
                         4. a. Jagungipun telas kapendhetan tiyang awon.

                          b. Jagungipun telas kapendheti tiyang awon.
                        [ 116 ]
                          1. Ayamipun katedhanan menir.
                          2. Ayamipun ketedhanan menir.
                          1. Pisangipun kedalon, mila mlenyek.
                          2. Pisangipun kadalon, mila mlenyek.
                          1. Kleting Kuning tinampi panglamaripun dening Andhe-andhe Lumut.
                          2. Kleting Kuning ketampi panglamaripun dening Andhe-andhe Lumut.
                          1. Rencekipun sampun tinalenan kenceng sanget.
                          2. Rencekipun sampun tinaleni kenceng sanget.
                          1. Benjing-enjing kula badhe sinowanan P. Camat.
                          2. Benjing-enjing kula badhe kasowanaken Pak Camat.
                          1. Kecikipun kolu, jalaran anggenipun nedha sawo kasambi gineman.
                          2. Kecikipun kaulu, jalaran anggenipun nedha sawo kasambi gineman.

                        B. WARNANING UKARA (1.6.2.)

                        UKARA PITAKON
                        Ukara pitakon iku wedharing gagasaning manungsa kapengin ngreti apa kang durung diweruhi. Titik-titikane nggunakake tembung apa, sapa, kepriye, yagene, apa sebabe, kena apa. Dene lagune wekasan munggah, padane pitakon.
                        Tuladha iki wacanen kang cetha !
                        1. Kowe arep tuku klambi apa?
                        2. Hondane Bapak wis didol apa?
                        3. Sing abang-abang kae apa?
                        4. Bocah kae sapa jenenge?
                        5. Sing ko gunem iku sapa?
                        6. Sapa sing kelangan dhuwit?
                        7. Kepriye karepmu saiki sida apa ora?
                        8. Kepriye panemumu, dhek dingendikani kepalamu?
                        9. Yagene ta bocah kok pijer nangis kuwi?
                        10. Apa sebabe dene kowe wingi ora mlebu?
                        11. Kena apa berase kok ora diliwet?
                        12. Ngapaa dene kowe ora wani mara saiki? [ 117 ]VI. AKSARA JAWA

                        WACANEN KANG PATITIS

                        ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦢꦸꦱ꧀ ꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦤꦒ
                        ꦩꦶꦏꦸꦭ꧀ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ ꦱꦂꦥꦤ꧀ꦤꦫꦶ
                        ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦢꦸ ꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦶꦭ
                        ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦲꦶꦮꦏ꧀ ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦤꦶꦤꦶ
                        ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦸꦮꦶ ꦱꦂꦩꦤ꧀ꦤꦸꦤꦸꦠ꧀
                        ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦲꦸꦝꦂ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦸꦫꦸꦠ꧀
                        ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦮꦃ ꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀
                        ꦕꦒꦒ꧀ꦲꦺꦧꦃ ꦒꦮꦤ꧀ꦤꦺꦲꦏꦺꦃ
                        ꦱꦶꦩꦤ꧀ꦲꦺꦴꦧꦿꦺꦴꦭ꧀ ꦧꦥꦏ꧀ꦤꦺꦴꦝꦶꦒꦶꦤ
                        ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦺꦴꦉꦒ꧀ ꦧꦛꦸꦏ꧀ꦤꦺꦴꦏꦺꦴꦁ
                        ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦲꦼꦭꦺꦴꦃ ꦲꦪꦩ꧀ꦤꦼꦝ


                        ꦲꦁꦒꦮꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦩꦫꦤ꧀ꦤꦶ
                        ꦤꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦤꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶ
                        ꦤꦮꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦲꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶ
                        ꦤꦭꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦲꦁꦒꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ
                        ꦩꦫꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦩꦝꦤ꧀ꦤꦶ
                        [ 118 ]
                        VII. PARAGRAF

                        Paragraf yaiku karangan kang dumadi uakra utawa kumpuling ukara. Ukara siji lan sijine iku ora pisah ana sesambungane lan ngemot gagasan kang dadi underaning karan.

                        Saben tuwuh gagasan kudu katulis ing paragraf anyar, sarta saben paragraf anyar, katulis ing garis anyar nglojok 2 utawa 3 cm.

                        Saben paragraf iku ndarbeni:

                        lajering gagasan (pikiran utama)
                        panerang gagasan (pikiran penjelas)
                        lajering ukara (kalimat utama)
                        panerang ukara (kalimat penjelas)

                        - Lajering gagasan iku kang dadi jiwaning saben ukara ing paragraf.

                        - Panerang gagasan mujudake gagasan kang aweh katerangan lajering gagasan.

                        - Lajering ukara iku ukara kang ngemot lajering gagasan.

                        - Panerang ukara iku kang ngemot ketrangan gagasan.

                        Lumrahe lajering ukara iku dumunung ing wiwitaning paragraf. Nanging uga bisa klakon dumunung ing tengah utawa pungkasaning paragraf. Lan ana kala mangsane paragraf iku tanpa lajering ukara, nanging lajering gagasan mesthi ana.


                        TEMA

                        Tema (topik) iku gagasan kang dadi tali jiwaning ukara ing sajroning karangan. Kang supaya karangan iku bisa mranani.

                        Dene tema mono tebane nganmbra-ambra, miliha kang cekak aos, mentes.


                        [ 119 ]
                        PIWULANG 10

                        1. WACANEN BATIN

                        KASEKTENING PANCASILA

                        Mungguh lungguhing teges, tembung Pancasila iku, watak, laku utawa patrap lima kang utama.

                        Mula ya wis pantes menawa tindak tanduk utama iku dadi dhasaring negara RI. Lire:

                        1. Ngandel lan ngabdi marang Gusti Allah kang Maha Agung.
                        2. Ngrasuk busana kamanungsan.
                        3. Miwah ngagem kandeling kabangsan.
                        4. Ngrakit bebrayan karakyatan.
                        5. Ngluberake marang kaadilan sosial.

                        Dhapukan lelima iku wis terang tarwaca, siji lan sijine ora ana benceng ceweng, tansah raket manunggal, mujudake pangawak kang santosa. Wis samesthine padha mikul sesanggan pakarti dhewe-dhewe, ewa semono tansah ana gegayutane.

                        Pancasila ora wigah-wigih nanggulangi bebaya, nyirnakake sabarang kang sumedya gawe besem utawa kucem. Tandha yektine akeh banget, kayata: lelakon kang lagi kepungkur, yaiku trajange G30S/ PKI kang ora genah, pangawak setan, arep mbubrah tatanan, ngidak wewaler, tumindak daksiya.Kepriye wusanane? Temahan lebur, tumpes sacindhile abang, marga sawabing kurban revolusi kang ngrungkebi Pancasila kang tuwuh ing tengahing masarakat, nom tuwa padha gumregut, cak-cek tumandang, ora ndadak alon-alonan, nyirnakake tindak angkara murka.


                        II. PITAKONAN

                        1. Pancasila iku mujudake pangawak kang santosa, [ 120 ]coba wenehana katrangane !
                        2. Pancasila iku ampuh, terangna !
                        3. Sawahe kurban Pahlawan Revolusi iku ndayani apa ?
                        4. Sebutna sapa bae kang kagolong Pahlawan revolusi !
                        5. G30S/PKI iku cekakan saka tembung apa ?


                        II.B. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL

                        ngrasuk busana = nganggo sandhangan
                        ngrakit = ngetrapake
                        terang tarwaca = cetha wela-wela
                        ora ana benceng cewenge = ora sulaya
                        sesanggan = sing disangga
                        pakarti = pagawean
                        gegayutane = gandhenge
                        ora wigah-wigih = ora rikuh
                        nanggulangi = nglawan mungsuh, ngalang-alangi bebaya
                        nyirnakake = ngilangake
                        basem = alum
                        kucem = tanpa cahya
                        daksiya = siya-siya, sewenang-wenang
                        temahan = wekasan
                        tumpes = sirna, mati
                        sawab = daya sing ngolehake berkah
                        tuwuh = thukul
                        gumregut = mempeng


                        III. KAWRUH BASA

                        A. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA   (1.5.3.)
                        a. NGISENI TEMBUNG KANG DURUNG GANEP
                        tembung Pancasila, tegese : watak, laku lima kang utama.

                        Coba iki isenana nganggo tetembungan sila! [ 121 ]
                        1. Sarehne papane rupek, olehe jagongan lesehan ....... bae.
                        2. Para nyai iku menawa sowan marak Sang Nata ........
                        3. Ki Dhalang menawa pinuju ndhalang lungguh ..........
                        4. Yen ana ........ kudu bisa ngemong tamu.
                        5. Wong kang ana pajagongan lunga tanpa pamit iku diarani .........
                        6. Bocah kok unyar-unyur ora duwe ..........
                        7. Ora prelu ngresula yen pinuju pahargyan ora di ........ kudu maklum saking repote sing duwe gawe.
                        8. Bocah kang ....... iku nelakake menawa bebudene becik.
                        9. Aja nerak ........ iku tundone gampang nuwuhake gendra.
                        10. Wong bebrayan, srawung iku kudu bisa ngetrapake ........ yaiku nganggo tata krama

                        1. trapsila
                        2. kasusilan
                        3. susila
                        4. disila Krama
                        5. silakrana
                        6. madal pasilan
                        7. pasilan
                        8. sila tumpang
                        9. sila panggung
                        10. sila


                        b. KOSOK BALEN

                        Ukara: nom tuwa padha gumregut mbrastha tindak kang murang tata.
                        Tetembungan iki kepriye kosok baline, pilihen salah siji kang mathuk !
                        1. badan alus X kasar, agal, wadhag
                        2. mantu gedhen X cilikan, saanane, climen
                        3. isinan njaluk X geleman, saen, kendel
                        4. rembulan surup X mlethek, purnama, ndhadhari
                        5. iwak asinen X gurih, lawaran, baceman
                        6. prau labuh X mancal, mangkat, layar
                        7. ati burus X ngebreh, umuk, groboh
                        8. pedhang warangan X umabran, asahan, simpenan
                        [ 122 ]
                        9. manuk ingon X umbaran, culculan, alasan
                        10. lemah loh X padhas, atos, cengkar

                        c. TEMBUNG NUNGGAL MISAH

                        Ukara: Nom tuwa padha gumregut, cak-cek tumandang, ora ndadak alon-alonan kosik-kosik, bebarengan abrastha tindak angkara murka.

                        Tembung nunggal misah alon iki trapna ing ukara!

                        1. Olehmu nyelehake lemari kaca ......... bae !
                        2. Lakune pancen ....... ,mulane iya ora tekan-tekan.
                        3. Aja seru-seru olehmu maca,............... bae.
                        4. Taline pager ........, coba kencengna !
                        5. ...... atimu, aja emosi !
                        6. Iramane .......bae, aja seseg
                        7. G.B.R. Ayu menawa dandos.......banget, rong jam durung mesthi rampung.
                        8. Kowe iku pancen ...... tenan marang pagawean.
                        9. Pancen ......... temenan panggaraping prekara kuwi, seprana-seprene kok durung beres.
                        10. Olehe meresi ........, marga kalone wis rusak.

                        1. sendhet
                        2. rendhet
                        3. tlendho
                        4. remben
                        5. tamban
                        6. sareh
                        7. kendho
                        8. lirih
                        9. rindhik
                        10. alon-alon


                        d. TEMBUNG RAKETAN

                        Ukara: Trajange G30S/PKI kang ora genah, pangawak setan,..................
                        tegese mawa sipat/wataking setan. [ 123 ]Tembung kang digaris iki wuwuhana supaya dadi tembung raketan.

                        1. Aku pilih gedhang tadhah ....
                        2. Klambine tanpa tadhanh ......
                        3. Ora ketang omah gedhang......kudu ndarbeni.
                        4. Memper banyune mambeg lha wong dalane ora geger .......
                        5. Dondomane tutus .............
                        6. Saiki wis modhel maneh topi pacul ........
                        7. Jupukna layang bau ..........dakenggone nggoleki tembung kang ora ngreti.
                        8. Yen kowe tuku klobot sing ngelar .............
                        9. Ki Dhalang lungguh sila .....
                        10. Olehe sisig untu ngelar ......

                        a. kombang
                        b. tumpang
                        c. gangsir
                        d. sastra
                        e. gowang
                        f. kajang
                        g. sapi
                        h. salirang
                        i. kringet

                        j. udan


                        e. TEMBUNG SAROJA
                        Tembung saroja iku tembung rangkep, karepe tembung loro kang padha
                        utawa meh padha tegese kadhapuk bebarengan, upama:
                        ........ nyirnakake tindak angkara murka.
                        Ukara iki isenana tembung saroja kang mathuk!

                        1. Dagangane tandho-tandho .........
                        2. Menawi wonten ......... muna-muni ingkang boten ndadodaken dhanganing penggalih, kula nyuwun pangapunten.
                        3. Duwe ........ bok iya sing rada alus.
                        4. Olehe padha turu aja ...........
                        5. Tumpukane kayu jati ............
                        6. Menawa ngeculake tembung sing ngati-ati, aja gawe ........ liyan.
                        7. Wong mono wis jamak lumrahe............ samad-sinamadan.
                          [ 124 ]
                        8. Kaya-kaya ora ana alane menawa kowe........ para Nabi.
                        9. Prakara kang wis....... ora prelu dirembug maneh.
                        10. Raksesa iku wis lumrah yen duwe sipat.........

                        a. angkara murka
                        b. lalu lungse
                        c. napak tilas
                        d. utang selang
                        e. sak serik

                        f. sungsun timbun
                        g. malang megung
                        h. tandang grayang
                        i. tindak-tanduk
                        j. tumpuk undhung


                        IV. KASUSASTRAN
                        RENGGA BASA (1.7.2.)
                        A.Tembung-tembung iki dadekne tembung rura basa !

                        1. Yu, kowe apa sida kelan ...... ?
                        2. Gendhuk, ulehmu nyulam ........ apa wis rampung ?
                        3. Olehe nampar ........ kurang keker.
                        4. Ing Pedan akeh wong nenum .........
                        5. Ja, kowe kok pinter natah ....... ta, jebule ?
                        6. Aku ora bisa njilid ........ dhewe.
                        7. Siwa lagi mipis ....... kanggo nambani Yatina.
                        8. Kapan bapakmu olehe ngedegake ............ ?
                        9. Ya, nulisa ........ kirimna mbakyumu kana !
                        10. Lik Sastra lagi nggoreng ....... kanggo gadhon.
                        11. Bakul rombengan iku tlaten ndondomi ......... amoh.
                        12. Yu Sumi lagi mbunteli ......... sing kanggo sesuk.


                        V. PARAMA SASTRA
                        Ukara pakon/Titi Ukara (2.6.2.)
                        Ukara pakon iku wedharing gagasan tumuju marang wong kapindho supaya nglakoni utawa [ 125 ]

                        nindakake pagawean.
                        Pakon iku kang digatekake perangane tindak. Dene lagune wekasan munggah rata,padane pakon.
                        Tuladha:
                        1. Ma, nulisa layang kiriman kae !
                        2. Tar, milihana rencek sing wis garing !
                        3. Kun, mbalekna barang-barang silihan iki !
                        4. Tulisen layang kiriman kae !
                        5. Pilihana rencek sing wis garing !
                        6. Balekna barang-barang silihan iki !
                        7. Kowe kudu mangkat saiki !
                        8. Gelem ora gelem kowe kudu lunga saiki !
                        9. Poma kowe di ngati-ati !
                        10. Tan kena ora kabeh kudu nggugu pitur becik !


                        VI. AKSARA JAWA

                        WACANEN KANG PATITIS
                        ꦗꦗꦤ꧀ꦕꦲꦺꦴ
                        ꦩꦔꦤ꧀ꦕꦭꦸꦏ꧀
                        ꦝꦶꦥꦤ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀
                        ꦢꦭꦤ꧀ꦕꦶꦪꦸꦏ꧀
                        ꦲꦂꦉꦥ꧀ꦕꦸꦏꦸꦂ
                        ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦕꦺꦭꦺꦁ
                        ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦕꦺꦫꦺꦠ꧀
                        ꦔꦶꦢꦏ꧀ꦕꦺꦴꦫꦺꦴ
                        ꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦕꦺꦴꦝꦺ

                        ꦢꦭꦤ꧀ꦫꦠ
                        ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦫꦒꦶ
                        ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦫꦶꦧꦸꦠ꧀
                        ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦫꦶꦤ
                        ꦩꦔꦤ꧀ꦫꦸꦗꦏ꧀
                        ꦔꦗꦏ꧀ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀
                        ꦔꦼꦕꦺꦠ꧀ꦫꦺꦒꦺꦴꦭ꧀
                        ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦫꦺꦕꦺꦃ
                        ꦗꦶꦩꦤ꧀ꦫꦺꦴꦱ