Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 8
I. WICARA
BAL-BALAN
| Bagya | : | "Kowe saka ngendi Na?" |
| Parna | : | "Saka alun-alun, mentas nonton bal-balan. |
| Bagya | : | "Kang nonton apa akeh?" |
| Parna | : | "Wah akeh banget, uyel-uyelan, alun-alun awoh bocah, " |
| Bagya | : | "Sapa sing bal-balan?" |
| Parna | : | "Murid STM, tandhing murid SMA." |
| Bagya | : | "Sapa sing menang?" |
| Parna | : | "Pur 1 - 1
Maine ora resik. Ora pati apik |
| Bagya | : | "Aku kok ora krungu warta ta ya.
Krungua mesthi nonton. |
| Parna | : | "Saka tepunganku,murid STM.
Satemene upama STM bisa unggul, saben personil arep diganjar sepatu sepasang. |
| Bagya | : | "Besuk maneh yen krungu warta aku wenehana weruh ya, dak melu nonton! Na, Na, STM iku dununge ngendi ta?" |
| Parna | : | "Iya.
Dununge STM kuwi saiki ana pinggir kuta." Bagya |
97