Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Upamane tembung lingga uler, wode saka   l  e   r,
ler iku dumadi saka l - e - r
l = konsonan (k)
e = vokal (v)
r = konsonan (k)


wod l e r iku duwe makna dawa, dene
dadine tembung: galer, laler, iler,
uler lsp.


galer manawa diwenehi rumus ;kvkvk,

Coba tembung lingga ing ngisor iki wenehana rumus !

meles gulung gagah lunga
mules balung sagah menga
wales melung wegah lenga
belur galeng kandha nangka
balur meleng bandha bangka
mulur theleng andha wingka


B. Tembung andhahan (1.5.2)
Tembung andhahan iku tembung kang wis owah
saka asale (linggane).


Upama: tulis dadi nulis, katulisan, nulisi.
Dene tembung lingga dadine tembung andhahan sarana wuwuhan:

  1. a. ater-ater (wuwuhan ngarep)
  2. b. seselan (wuwuhan tengah)
  3. c. panambang (wuwuhan buri)


Ater-ater anuswara (nasalering), dadi tanduk.

an ––→ nitih, nuthuk, ndudut, dhudhuk lsp
any ––→ nyapu, njambak, nyukur lsp
am ––→ mbalang, mathak, malik lsp
ang ––→ ngatur, ngukur, nggambar, ngrajang;

nglapis lsp

Coba tembung kang digaris ngisore iki dadekna

tembung andhahan (tembung tanduk) !

11