Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kados sampun kawentar, omber dana driyahipun. Mila ingkang punika anak putu kaajab sageda langkung premati, nastiti saha ngatos-atos, bilih kamardikan saha kadhaulatan pantes dipun gegesang sarana jiwa miwa tindak-tanduk ingkang nyata murih indhaking kamajenganipun bangsa sarta negari.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

  1. Nganti tahun iki kamardikaning bangsa Indonesia wus wetara pirang taun.
  2. Apa gampang ta merdika kuwi ?
  3. Rakyat Indonesia tanggung jawabe kepriye ?
  4. Waton lan landhesan negara RI iku apa ?
  5. Negara Demokrasi iku kepriye ?
  6. Supaya negara bisa laju, kita kudu kepriye ?
  7. Pembangunan Indonesia laju, coba sebutna ing babagan apa bae sing kok ngreteni ?

C. Tembung-tembung kang angel.

1. mahanani = nyasmitani, nerangake, mratandhani
2. awewaton = pathokan, paugeran, pranatan
3. thek kliwer = kiwa tengen, sakabehing prekara
4. laju = terus, banjur, maju.
5. kagayuha = kaaraha, kajangkaa
6. tundoni pun = wekasan, temahan
7. tabet = tilas, tapak
8. omber = isih jembar
9. kawentar = kasuwur, kondhang
10. dana driyah = sumbangan, pambiyantu
11. kaajab = diarep-arep, dipujekake supaya becik, kanthi temen-temen

56