Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/96

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

Cnd-Lr : "Ora Yung, aku njaluk pamit,

           Wis Yung njaluk pangestu."
       Cindhe Laras oncat saka ngalas, mlebu menyang
 kutha, nggoleki Pak Wangsa, njaluk supaya dieterake
 menyang kalangan jago ing Jenggala. Sabanjure uga
 bisa ketemu karo Pak Wangsa lan sida disowanake Raden
 Putra.
       Bareng ana ngarsane Raden Putra didangu:
          "E, kowe bocah saka gendi?
           Anake sapa ?"
 Cnd-Lr : "Kula lare ing dhusun.
           Tumut Pak Wangsa punika.
           Badhe tumut aben sawung."
 Rd Putr: "Kepriye arep melu udu jago ?"
 Cnd-Lr : "Inggih, kula wani."
 Rd Ptr : "Kurang ajar, bocah murang tata ya.
           Iki nganggo totohan, lho. Aja sembrana!
 Cnd-Lr : "Inggih kula mangretos.
           Kula wani."
 Rd Ptr : "E, Pak!
           Apa kowe sing mbotohi ?"
 P.Wngs : "Boten. Sanes adalem.
           Kersaa ndangu piyambak, Pangeran !"
 Rd Ptr : "Ora, Le.
           Gacomu apa. Wani mlebu menyang kalangan.
           Apa kang kok-endelake.
           Gundhulmu apa, iya ?"
 Cnd Lr : "Inggih. Boten klentu.
           Mangke yen sawung kula kawon, mangga.....
           dipun punapakaken kula ndherek, pasrah pejah
           gesang."
 Rd Ptr : "Tenan ujarmu.
           Manawa kowe kalh, dakkethok gulumu!"


94