adhuh. Kurang ajar." | ||
Cnd-Lr | : | "Cek-cek-cek. Ayo, ayo, Kresna, Kresna ... jebret. Modar ora?" "Keyok," jagone Rd. Putra kalah. "Hore menang!" |
Rd Ptr | : | "Wut, blai. Trembelane. Ayo ngadeg, ngadeg!" |
Pungkasane jagone Rd. Putra digitik, kena jalu banjur keyok, klebegan ora bisa obah, nuli mati. Lan sateruse jagone Cindhe Laras kluruk:
"Kuk, kuk kluruk,
jagone Cindhe Laras,
omahe tengah alas,
anake Rd. Putra."
Sanalika Rd. Putra banjur nggeblag sumaput, bareng wus enget, banjur marani Cindhe Laras lan ngandika,
"Cindhe Laras! O anakku,
jebule kowe anakku dhewe, Ngger.
Lha ibumu sapa, lan ana ngendi?"
Cnd Lr | : | "Kula anakipun Dewi Limaran. Manggen ing salebeting wana." |
Rd Ptr | : | "O, genah. Yen mengkono kowe putraku temenan. Lha saiki ayo aku tuduhna Ibumu. Aku bakal ngerigake wadyabala. Kowe dakboyong menyang kraton." |
Cnd Lr | : | "Inggih sumangga, kula dherekaken." |
Wiwit iku Rd. Putra banjur tata-tata, sawuse samapta sapirantine, Rd. Putra dalah Cindhe Laras, apa dene Pak Wangsa kepareng ndherek, miwah para abdi dalem ing kraton padha budhalan ngupadi dununge Dewi Limaran. Sawuse ketemu, Dewi Limaran kaboyong menyang Jenggala. Retna Cindhaga kaukum.
105