Satemene kaanan iku, nalikane bayi mrucut ka panggegeme raksesa, marga kecanthol ing ri bebondhotan tiba ing tengah-tengahing watu gilang watune malah sumyur, bayi ora mati malah saya kuwat mundhak gedhe.
Kang iku ndadekake nepsune raksasa, bayi dicandhak cek, dibanting pres. Dicandhak maneh dikeplekake, plok, ewa semono bayine teges bae, malah angger dikeplekake saya mundhak gedhe lan rosa. Suwening suwe raksesa kuwalahen, kalah rosa, mlayu nggendring mlebu ing alas.
Dhek semana Cindhe Laras wis gedhe, wis bisa mrana-mrana. Ibune seneng banget. Cindhe Laras sregep ing gawe, bisa lan gelem mbiyantu bot repote ibune, rerencek kayu, golek godhong sarta ngangsu ora wegah. Saben esuk munggah gunung mudhun jurang, anusup angayam alas golek banyu, badane malah saya rosa, kiyeng katon gagah prakosa.
Kocapa nalikane lagi ngangsu weruh ana manuk gagak nggondhol endhog, nuli leren ngawe-awe, nembung, "E, manuk gagak, mandhega !
Apa ta kang kok gawa iku. Mbok ya dakepeke bae. Age wenehna aku, ta !"
Manuk gagak bareng krungu suwara mau, olehe mabur saya endhek, nglinteri Cindhe Laras, bareng tekan ing ngarepe, endhog diselehake alon-alon, ora pecah. Gagak banjur mabur kalangan maneh.
Ucape Cindhe Laras, "Gagak kang becik atimu, banget panarimaku dene kanthi lega ngulungake endhog. Wis ya padha andum slamet."
Manuk gagak kekalangan saya kethip-kethip,
wis ora katon maneh. Dene Cindhe Laras ngrampungake olehe golek banyu. Endhog digembol, bali menyang gubuge. Bareng wis tekan ing gubug mojar marang biyunge,
68