Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tegese arep nyumurupi kekarepaning mungsuh utawa liyane, nglakokake utusan utawa nyadulur marang kang bakal disumurupi mau, kang ora ngetarani, dadi dom ana ing banyu.

Coba saloka dalah maknane iku tatanen murih mathuke.

  1. Saur manuk.
  2. Nucuk ngiberake.
  3. Emprit abuntut bedhug.
  4. Tekek mati ing ulone.
  5. Cocak nguntal elo.
  6. Asu arebut balung.
  7. Uyah kecemplung sagara.
  8. Legan goleh momongan.
  9. Dhayung oleh kedhung.
  10. Nyolong pethek.

    a. Samubarang kang tinggal majad (ora samesthine)
    b. Wong duwe pengangkah oleh dalan gampang.
    c. Wong kang kepenak kumudu golek pegawean kang angel.
    d. Weweh marang wong sugih (gawe becik) kang tanpa pikoleh.
    e. Arebut barang kamelikan sepele, ora urub kang dipadu.
    f. Samubarang kang nglengkara.
    g. Wong kang bilai saka wicarane dhewe.
    h. Samubarang wiwitane cilik, wekasane dadi gedhe.
    i. Wong mretamu disuguh ulihe mbrekat.
    j. Jumurunge wong akeh padha nyauri iya

B. PEPINDHAN.

Pepindhan iku tetembungan utawa unen-unen dipadhakake utawa ketandhing-tandhing, dadi ngemu emper-emperan.

51