Kaca iki wis divalidasi
| 1. | gunung | : | redi, ardi, arga, wukir, ancala, parwata, giri, aldaka, himawan |
| 2. | geni | : | latu, brama, grama, dahana, agni, bakni |
| 3. | gawe | : | karya, kardi, damel, karti, yasa |
| 4. | gajah | : | liman, esthi, dirada, dwipangga, pangga, wamadya |
| 5. | kowe | : | sampeyan, panjenengan, andhika, sira |
| 6. | kaya | : | kados, kadi, lir, pendah, kadya, yayah, pindha. |
| 7. | kethek | : | rewanda, kapi, wre, wanara, palwaga, bedhes, juris |
| 8. | kebo | : | maesa, danu, mundhing |
| 9. | lemah | : | kisma, bantala,siti, pratala, pratiwi |
| 10. | langit | : | akasa, gegana, antariksa, awiyat, awiyati, jumantara, dirgantara, widik-widik, tawang |
C. HOMONIM
Coba tetembungan kang digaris ngisore iki kepriye tegese ?
- Bapak lagi ngedegake saka.
- Kowe saka ngendi ?
- Kendhangane Pak Sura ngaplak, mula ta kiro njoged nleter, semangat.
- Kupinge Abas ditampeg, kendhangane pecah.
- Wulune daraku mbrudhuli.
- Wulune aja kaya pepet, cilikna !
- 12+ 18 gunggung 30
- Aja gunggung dhiri, mundhak degethingi wong akeh !
- Kayu legi iku manawa digawe gambang, suwarane bisa laras temenan.
- Wedange legi banget.
- Sukune kedawan, rada dicendhaki bae.
- Sukune dakijoli dhuwit receh, gawanen mrene.
- Jarite sidakmukti babaran Sala.
48