Menyang kontèn

Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pepindhan iku lumrahe ngangge diuluk-uluki tetembungan : kaya, kadi, lir, pindha lsp.
Utawa dipratelakake sarana rerimbagan tembung ater-ater anuswara.
Umpama :
Abange kaya dluwang.
Coba pepindhan padinan iki rampungna !
Anggepekaya ..... Gedhenekaya.....
Akehekaya ..... Galakekaya.....
Ambunekaya ..... Jembarekaya.....
Ambranyakkaya ..... Kecutekaya.....
Ciyutkaya ..... Kesitekaya.....
Dawakaya ..... Mangankaya.....
Dirajang-rajangkaya ..... Mlerukkaya.....
Diiris-iriskaya ..... Polahekaya.....
Ndomblongkaya ..... Ramenekaya.....
Gandanekaya ..... Jeronekaya.....


V. WARNA BASA (1.7.1.)

NGOKO ANDHAP
Basa ngoko andhap iku kabedakake dadi rong golongan, yaiku :
  1. ANTYA BASA
  2. BASA ANTYA
Dene kang isih tumindak antya basa.
Basa iku dienggo sapa bae kang tangkepe wis raket ngoko-ngokoan, nanging isih padha ajen-ingajenan.
Dene titikane basa ngoko antya basa iku :
  1. tembunge ngoko kacampur krama inggil kang mratelakake ngajeni.
  2. - ater-ater : dak, kok, di lan panambang : ku, mu, e, ora dikramakake.
  - kowe dadi sliramu (kaprenah enom)
    panjenengan (kaprenah tuwa)

52