Kaca iki wis divalidasi
coba wenehana katrangane !
- Pancasila iku ampuh, terangna !
- Sawahe kurban Pahlawan Revolusi iku ndayani apa ?
- Sebutna sapa bae kang kagolong Pahlawan revolusi !
- G30S/PKI iku cekakan saka tembung apa ?
II.B. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL
| ngrasuk busana | = | nganggo sandhangan |
| ngrakit | = | ngetrapake |
| terang tarwaca | = | cetha wela-wela |
| ora ana benceng cewenge | = | ora sulaya |
| sesanggan | = | sing disangga |
| pakarti | = | pagawean |
| gegayutane | = | gandhenge |
| ora wigah-wigih | = | ora rikuh |
| nanggulangi | = | nglawan mungsuh, ngalang-alangi bebaya |
| nyirnakake | = | ngilangake |
| basem | = | alum |
| kucem | = | tanpa cahya |
| daksiya | = | siya-siya, sewenang-wenang |
| temahan | = | wekasan |
| tumpes | = | sirna, mati |
| sawab | = | daya sing ngolehake berkah |
| tuwuh | = | thukul |
| gumregut | = | mempeng |
III. KAWRUH BASA
A. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.3.)
a. NGISENI TEMBUNG KANG DURUNG GANEP
tembung Pancasila, tegese : watak, laku lima kang utama.
Coba iki isenana nganggo tetembungan sila!
120