Kaca iki wis divalidasi
B. WARNA BASA (2.7.2.)
a. Krama lugu (Kramantara)
Krama lugu ilu tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater sarta panambange krama.
Coba ukara iki kramakna !
- Aku lagi turu.
- Aku uwis adus
- Aku nuli ngombe wedang.
- Kowe ora dakwenehi.
- Adhiku wis bisa mlaku.
- Tekan ngomah wis kesel.
- Olehku mangan wareg banget.
- Sudarma uga melu mangan.
- Sesuk aku arep lunga menyang Jakarta.
- Ulihku arep nggawa jambu.
b. Tembung-tembung krama iki gatekna!
| mangan | = | nedha | - | ora nedhi |
| katelu | = | katiga | - | ora katigen |
| dene | = | dene | - | ora denten |
| tuwa | = | sepuh | - | ora sepah |
| aran | = | nama | - | ora nami |
| jaran | = | kapal | - | ora kepel |
| belo | = | belo | - | ora belet |
| udan | = | Jawah | - | ora jawoh, jawuh |
| wani | = | wani, purun | - | ora wantun |
V. TITI TEMBUNG (1.5.)
Ater-ater tripurusa : dak, ko, di (1.5. 2)
Tembung-tembung kang oleh ater-ater tripurusa, diarani tanggap tripurusa, kayata:
| dakjupuk | tanggap | dak | (utama purusa) |
| kok-jupuk | tanggap | ko | (madyama purusa) |
| dijupuk | tanggap | di | (pratama purusa) |
29