Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Ukara cewet

Ukara cewet iku ukara kang mung ndarbeni salah sijining prakara, jejer utawa wasesa, utawa klakon lesan, ketrangan bae. Tuladha:

Becak !
Lunga !
Durung!

a. Coba ukara ing ngisor iki golekana jejer, wasesa, sarta lesane !

  1. Garisane tugel.
  2. Tarsa uwis mlaku.
  3. Aku makani pitik.
  4. Mas Sardi lagi lunga.
  5. Gendhuk durung mangan.
  6. Kowe nukoni gambar.
  7. Adhiku pinter etung.
  8. Suwarna seneng goroh.
  9. Kamasmu ngetung dhuwit.
  10. Pak banjar musnakake guwa.

b. Ukara cewet iki dumadi saka apa ? (jejer, wasesa, lesan, keterangan)

  1. Bu Lik !
  2. Dhahar !
  3. Sesuk !
  4. Nangis !

VI. MACA TITI

A. Wacanen !

CINDHE LARAS I

Raden Putra ing Jenggala kagungan garwa kekasih Dewi Limaran, Panjenengane uga kagungan garwa ampil sesilih Retna Cindhaga, uga karan Thothok Kerot.

17