Menyang kontèn

Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
b.Anggenipun mundhut gom dhateng pundi?
3.a.Wingi dalu griyanipun Babah Paing dipun kampak ngantos telas-telasan.
b.Wah cotho, kampak kula putung garanipun.
4.a.Menawi pinuju ocal-ocal cekap ngangge rasukan kokok kemawon.
b.Badanipun Amir pancen kokok saestu.
5.a.Serat kabaripun sampun dipun waos Bapak.
b.Mengsahipun dipun waos pener lambungipun.
6.a.Wau enjing murid-murid dipun arak dhateng Setadhion Sriwedari badhe nglantih aubade.
b.Pak Krama dipun arak telas pinten-pinten sloki, mila lajeng mendem.
7.a.Lembu Tanah Jawi punika keturunan jawi.
bMas, sumangga mlebet kemawon, sampun wonten ing jawi, anginipun sumribit.
8.aSampun eru yen dipun dukani ing bandara !
b.Sabin sapeyan pinten eru ?
9.a.Cakran punika laripun 10,5 cm.
b.Laripun kuthilangipun adhik bodhol.
10.a.Termometer iku ana banyu rasane.
b.Rasane jeruk bayi iku kecut.

D. Istilah-istilah

Cecukulan iku kembange sok ana arane.

Coba cecukulan iki kenbange apa arane ?

arenkaratimunjagung
nipahkrambilsuruhjambu
cubungkelorsalakjengkol
cengkehkluwihlombokmlandhing
randhukopipohungmlinjo
kencurkapaspandhangarut
kanthilkimpulpetegedhang
kacangdurendhadhapblimbing
nangkatebujatijambu

14