VIII. MACA TITI
A. Wacanen !
Lakune tawan-tawan tangis,kelunta-lunta,separan-paran ora karuan kang dijujug, amung manut lakuning sikil, munggah gunung, mudhun jurang.
Bareng tekan tengahing alas, lakune kesapu ing wengi, nuli leren, ngasokake salira. Kawet tembunge ngaruhara:
"O, ya Talah temen awakku.
E, ora liya ya pasrah marang Gusti kang Maha Kawasa.
Yen ta wis kinarsakake ing Pangeran, muga-muga awakku dimangsa kewan galak, dadi cuthel lelakonku."
Sajroning sesambat iku, kaya-kaya ana pituduh, supaya sang Dewi nglumpukake pang-pang, rerencekan, ditataa ana sela-selaning wit-witan, kenaa kanggo ngeyub. Sang Dewi banjur nindakake pituduh mau, munggah tumangsang ing papan kang wis tinata.
Ing wanci bengi kewan-kewan galak wis padha metu saba golek mangsan.
macan: nggereng, gero-gero
asu ajag: mbaung
manuk kolik padha sesauran.
Atine sang Dewi wis entek, kari samenir, kuwati banget, tingale merem melik. Gagasane warna-war na, kawetu tembunge, "Baya iki pecating nyawaku. 0, iya wis mangsa boronga, sumangga Gusti."
Suwaraning macan saya katon cetha, saya cetha. Sang Dewi mringkus salirane, ora obah-obah
Temenan macan nyedhaki ana ngisore, Atine sang Dewi wis entek, kaya-kaya ora bisa ambegan. Nanging kaelokaning kaanan, macan ora nggangg
42