Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Kula, boten kober dhahar.
  2. Sare inggih boten saged.
  3. Kulo tak-kondur riyin.
  4. Nalika kula rawuh, jenengan boten wonten.
  5. Mangga mas kula paringi unjukan.
  6. Benjing emben titihan kula badhe kula sade.
  7. Gendhuk sampun boten muwun malih.
  8. Kala wau dipun dandosi mbakyu.


B. RENGGA BASA (1.7.2.)
  KERATA BASA
     Kang diarani tembung kerata basa iku
     Karepe bab negesi surasaning tembung
     awewaton asal mula bukane, lumrahe
     kapirid saka wewancahane, dijupuk
     sunduk prayogane, Kayata:

   tuwa kapirid saka untune wis rowa,
         ngenteni wetuning nyawa
  Kerata basa iku ngemu tembung plesedan utawa blenderan, mung kanggo lelucon bae. Satemene negesi cara iku ora bener, tanpa waton kang gumathok.

  Tuladha liyane,

tepas = titip napas
kutang = sikute diutang
kodhok = teka-teka ndhodhok
wilwa = bubar dijawil digawa
garwa = sigaraning nyawa
Desember = gedhe-gedhene sumber
Januwari = hujan sehari-hari
guru = digugu lan ditiru
tarub = ditata amrih murub (gumebyar)
janur = hujan nur (sorot)
sruwal = saru yen nganti uwal
gedhang = digeget bubar madhang
batur = ngembat pitutur


66