Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tembung tanduk kena didadekake tembung tanggap, upama:

- Aku maca buku. - Dheweke maca buku
Bukune dakwaca. Bukune diwaca.
- Kowe maca buku.
Bukune kok-waca


Coba tembung tanduk ing ukara iki dadekna tembung tanggap !

  1. Aku njupuk buku.
  2. Kowe njupuk potlot.
  3. Dheweke mangan kacang.
  4. Aku maca koran.
  5. Kowe nulis layang.
  6. Dheweke nggarap matematika.
  7. Aku nggadho lawuh.
  8. Kowe numpak sepedhah.
  9. Dheweke nyapu latar.
  10. Kowe nganggo sepatu.


VI. TITI UKARA (1.6.)

Polaning ukara (1.6.1.)

Ukara ganep iku sejatine ndarbeni: jejer, wisesa, lesan sarta katerangan.

Upamane: Supardimangan jeruk legi.

j w l k


Coba ukara-ukara iki udhalana kaya tuladha !

  1. Aku turu ana sajroning gedhong.
  2. Aku mangan ana ing meja.
  3. Kucing ireng mangan tikus.
  4. Bapak lenggah ing emper.
  5. Aku maca ana ing kamar.
  6. Asu belang nglethak balung.

30