Kaca iki wis divalidasi
Nalika samana Dewi Limaran mbobot, dene Rena Cindhaka ora mbobot, kagungan panggalih lan panas. Tuwuh panggalih kang ala, nuli ngadhep Raden Putra. Ature,
R. Cind. | : | "Kamas, punapa kepareng ingkang munjuk atur, nyuwun priksa ?" |
Rd.Put. | : | "Dhi Ajeng garwaku. Ana apa yayi ?" |
R.Cind. | : | "Sampun ndadosaken dukaning penggalih. Punapa inggih Kamas punika tresna, tresna saestu dhateng badan kula ?" |
Rd. Put. | : | "0, o, Dhi Ajeng, Dhi Ajeng.
Sapa wonge ora tresna, garwaku iya sliramu. Tutunging ati, maniking mata, ing ati, ora liya ya mung jeneng sira. Sapa maneh ?" |
R. Cind. | : | "Kamas menawi mekaten, kula kepareng nglajengaken munjuk atur." |
Rd. Put. | : | "Iya Yayi, terusna.
Mara age matura !" |
R.Cind. | : | "Punapa ta pidananipun, sok sintena mawon menawi adamel sureming praja, napa malih ...... adamel kuceming dalem ?" |
Rd. Put. | : | "Yayi, mesthi bae, sapa kang gawe reming praja lan agawe remehing asmaningsun, pantes menawa kapatrapan pidana abot, gedhene pidana pati." |
R.Cind. | : | "Menawi mekaten, ndadosna kawuninga saha sampun ndadosaken gerahing panggalih, bilih garwa dalem inggih pun Limaran, ingkang nembe mbobot, kersaa
mas naliti ingkang premati, saha kumenggalih, menawi sejatosipun pun kang mbok Limaran alampah sedheng." |
18