Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. TITI SWARA/ Vokal (1.1.1.) A. Swara è lan o kang ora sampurna, owah dadi sampurna manawa ultima kasusul panambang : a, an, ipun.

Tuladha :

gedheg + a diucapake : ge-dhe-ga
celeng + an diucapake : ce-le-ngan
caos + an/ipun diucapake : ca-o-sa-nipun

B. Swara é lan o kang ora sampurna, tetep ora sampurna manawa dumunung ing ultima kasusul panambang : i, e, en

Tuladha :

kethek + e diucapake : ke-thek-e
nothol + i diucapake : no-thol-i
edol + en diucapake : e-dol-en

Coba tembung-tembung iki wacanen kang patitis.

A. bledhega betengan kedadosanipun
mletheka wirengan pedhotanipun
kampreta bocengan padhepokanipun
katesa bethetan dododanipun
dhedhela jebresan paroananipun
keseda kethelan cebolanipun
kalena kleletan bengokanipun
mepeta tetesan thothokanipun
osega gorengan golonganipun
baresa ngopletan srobotanipun
B. nggogosi thekleke gogosen
nothoki gedhege thothokan
mathoki karete gablogen
njeboli kesede jebolen
nyethoti pemese esopen
ngecori kenese godhogen
ngelongi awete plathoken
ngebroki celenge ecoren
ngesoki garenge karbolen
ngayomi blatere lolosen

34