Kaca iki wis divalidasi
B. Pitakonan iki wangsulana!
- Coba kandhakna lakune Dewi Limaran !
- Dewi Limaran olehe sare ana ngendi ?
- Ing alas kono akeh kewan galak, ngretimu saka ngendi ?
- Dewi Limaran apa bisa sare, sababe apa ?
- Apa ana kewan kang ngganggu gawe ?
- Lha manawa ora ana, kewan galak mau ngapa ?
- Dewi Limaran oleh wangsit apa ?
- Wangsit iku apa iya klakon ?
- Nalikane bayi lair kawruhan sapa ?
- Wusanane bayi iku dikapakake ?
C. Tembung-tembung kang angel
| tawan-tawan tangis | = | mlaku/mlayu karo nangis |
| kalunta-lunta | = | kesasar-sasar |
| kesaput ing wengi | = | ketutupan/kalingan wengi |
| ngaruhara | = | susah banget, kuwur |
| merem melik | = | ora bisa turu kepenak |
| ngganggu gawe | = | gawe piala, nyalahi |
| welu wetu | = | pametuning palemahan |
| tekan leke | = | wetu lairing jabang bayi |
| wangsit | = | pituduh (saka dewa) |
| mulya | = | luhur, kacukupan uripe |
| kinepung | = | diubengi |
| sambe kala | = | alangan |
| ngedab-edabi | = | nggumunake |
| dirangsang | = | diranggeh |
IX. TULISEN AKSARA JAWA
jadah putih rada gurih
saka sawah oleh susuh
aku weruh thole gumoh
Ratih weruh winih akeh.
44