Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Coba tembung-tembung kang digaris iki cekaken kang surasane padha !

  1. Jangane kakehan uyah.
  2. Olehe kelan kurang bumbu.
  3. Olehe ngimbu pelem wis mateng banget.
  4. Olehe turu ora nglilir-nglilir.
  5. Amin bodho, nanging reka-reka pinter.
  6. Darma gelem ngajeni marang wong tuwa.
  7. Sarlan ora tau atus sarta ora gelem ngumbahi.
  8. Aku durung adus, awit jedhinge ora ana isine babar pisan.
  9. Sinem iku kakehan gunem, apa-apa dilokake.
  10. Latar, kebone reged, akeh uwuh lan thethukulane.

a. njembrung
b. juweh
c. asat
d. kemproh
e. tata krama
f. kuminter
g. angler
h. dalu
i. kasinen

j. cemplang

b. ISTILAH
Tembung silihan
 Tembung-tembung silihan iki gatekna asline !

Asli Portegis : antero, lemari, bludru, meja, sepatu, gendera, greja
Asli Persi : tesmak, domba, sreban,nakoda
Asli Cina : kongsi, loteng, lonceng, conto, dhacin, kuwih, teh,anglo
Asli Indonesia : perjuangan, abis bulan, main, tempat tidur, latihan,bising,
Asli Jepang : sayonara, romusa, samore,jibaku, kimono,arigato

c.

111