gawe, malah njaga kaslametaning sang Dewi, nganti byar ora ana apa-apa. Macan bali mlebu menyang grumbul maneh. Sang Dewi gumun, dene kaelokan kaya mengkono, mula kang iku nuli ngaturake panuwun marang Gusti kang Maha Kawasa, dene tansah pinaringan wilujeng.
Kaya mengkono iku sugenge sang Dewi Limaran ana satengahing alas. Dene kang didhahar amung woh-wohan sarta gegodhongan, wulu wetuning alas saanane bae.
Bareng wus tekan leke, . . . . . . . .
Ing wayah bengi nalika sang Dewi Limaran pinuju sare, oleh wangsit, katekan ing dewa, ujare:
"Nini, ndadekna sumurupmu, sadhela maneh sira bakal nglairake jabang bayi, miyos kakung, kang iku jenengna Cindhe Laras.
Iya Cindhe Laras iku kang bakal agawe mulya. Wis Nini karia slamet '"
Sanalika Dewi Limaran gragapan tangi, ing kono wis kinepung ing para widadari kang bakal suka pitulungan. Kaanan iki kelakon; ora suwe jabang bayi lair lanang, kaupakara dening widadari, sarta uga tinengaran Cindhe Laras.
Kocapa ing sajroning alas kono, ana raksesa kang galake ngedab-edabi. Panggandane landhep banget, ucape:
"Ih, ih, iki aku kok mambu gandane manungsa, ana ngendi dununge, coba dakgolekane. Dhasar aku wis luwe."
Temenan raksesa mau niling-nilingake suwara tangising bayi kang nembe lair. Bareng tangise cetha wela-wela, bayi kang nembe lair mau diparani, lan tinemu ana pangkoning biyunge.
Sanalika bayi mau banjur dirangsang, direbut digawa lunga arep dimangsa.
43