Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

"Yung, yung, aku oleh endhog Yung!"

"Lho endhoge sapa?", wangsulane Dewi Liamaran, "Ana ngendi olehmu nemu ?"

"Ngene kok Yung,

Nalika aku ngangsu mau kae, aku weruh manuk gagak nggondhol endhog, banjur daktembung dakjaluk, kok-diwenehake, lha iki wujude," mengkono ujare Cindhe Laras.


D.Lmr. : "Gek arep kok-enggo apa ?"
C.Lrs. : "Aku kepengin ngingu kuthuk kok Yung."
D.Lmr. : "O, ya wis karepmu, gawea patarangan ing ngisor grumbul kae, kareben di-angremi sato kewan liyane."


Wus kelakon endhog digawekake patarangan ana ing jaban gubug. Temenan ora gantalan dina, endhog mau netes kuthuk lanang. Mundhak dina mundhak gedhe katon jagoan. Tansah dielus-elus, diuleg - uleg, diopeni dipakani lan dibanyu.Kadhang-kadhang dicoba diedu karo jago alasan liyane bisa menang . Mungsuhe angger dikabruk pisan bae mati sanalika , ora dadk njaluk banyu.

Atine mongkog, jagone peng-pengan, ucape: "Ayo sapa wani nandhingi jagoku ?"

Saya-saya jagone kluruke nganeh-anehi, "Ku-kuk kluruk, jagone Cindhe Laras, omahe tengah alas, anake Raden Putra."

Sapa wonge ora gumun.

Suwe-suwe Cindhe Laras kapengin menyang kutha, jagone dibopong ngalor ngidul. Sadalan-dalan angger weruh jago, jagone Cindhe Laras banjur dithukake, kareben tarung, manawa wis tarung senenge ora karuan, trekadhang nganti lali ora mulih, kasengsem anggone nyoba adu jago.

69