Kaca iki wis divalidasi
| 6. | biyung | : | simbok, ibu, umi, wibi, rena |
| 7. | banyu | : | toya, warih, we, her, tirta |
| 8. | bantheng | : | andaka, jawi, angun-angun |
| 9. | bumi | : | bawana, jagat, pratiwi, donya |
| 10. | cacing | : | uti, werjit, lusi, wecita |
B. Kosak balen
| Tuladha | : | Lha mangke konduripun jam pinten? |
| Lha mangke tindakipun jam pinten? |
Coba ukara ing ngisor iki gawenen kaya mangkono!
| 1. | Bapak lagi tindak kantor. |
| 2. | Dar olehmu mlaku sing rindhik bae! |
| 3. | Olehe tindak nitih tumpakan. |
| 4. | Wetengku isih wareg. |
| 5. | Layangane diundha anteng. |
| 6. | Kartiyah iku cethil. |
| 7. | Bocahe pancen seneng ngebreh. |
| 8. | Sapa ta sing jirih? |
| 9. | Pak Wangsa saiki sugih. |
| 10. | Dheweke pancen duwe watak kesed. |
C. Homonim
Kang diarani homonim iku tembung kang ucapane padha, nanging beda tegese, upamane:
a. Jangane kae mengko dingeti. (dipanasi kareben anget)
b. Tar, kowe kuwi dingeti bae kok nesu. (diwasake)
Coba tembung-tembung kang suwarane padha iki kepriye tegese?
| 1. | a. | Peksi Garudha dados lambang negari RI. |
| b. | Mbakyu menawi gadhah kula lambang arta 5 ewu rupiyah kemawon. | |
| 2. | a. | Ilatipun gendhuk sakit gom. |
13