Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pak Krana saanak bojone ..... ing badran anyar.
  2. Daleme Mas Nata sing anyar apa wis .....
  3. Olehe padha padu don saiki wis rukun, marga wis ..... dhodhok selehing prekara, dening Pak Lurah.
  4. Wong-wong kang padha truka saiki ..... katon gilar-gilar sumeblak.
  5. Bocah alim iku ..... sipat sabar.
  6. Omah gedhong kagungane Pak Carik kang cedhak bale desa saiki kanggo .....
  7. Satriya kae rak mung ..... ing pomahane Pak Kasdi.


IV TITI UKARA (1.6.)

WARNANING UKARA (1.6.1.)
Ukara crita.
Ukara crita iku nyritakake kaanan kang mentas rinungu, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nirokake lsp
Dene lagune wekasan mudhun mayat, padane titik.
Tuladha:
Grombolan grayake bisa nggondhol bandhane PT Arum pengaji 100 yuta rupiyah.

Coba ukara-ukara iki wacanen kang mapan!

  1. Besok sasi Mulud ngarep iki, ing Ngayogya bakal ana pasar malem.
  2. Karusakan jalaran banjir ing sakiwa tengening kali Dengkeng dudu baen-baen, sawah-sawah akeh kang kurugan wedhi.
  3. Karepku ngono aku bae sing tunggu omah, dene kowe kang mangkat.
  4. Yen pinuju padhang rembulan, bocah-bocah ing padesan akeh kang padha dolanan jelungan lan gawe Nini-thowok.

102