Kaca iki wis divalidasi
- kendel. Dene pethak, wirasatipun resik, murni, suci. Dados nggadhahi makna, bilih Indonesia nggadhahi wewaton wau Karana leres, resik, suci.
| P. Karta | : | "O, inggih! Menawi mekaten kita punika boten kenging grusa-grusu waton wani kemawon. |
| P.Guru | : | "Lha inggih mekaten, kedah mawi waton leres, resik, suci. Cetha, inggih?" |
| P. Karta | : | "Matur nuwun ! Cetha sanget." |
II. TITI SWARA
- A. KONSONAN JAWA (1.1.2.)
| 1. konsonan lambe (labial = bibir) | : | p, b, m |
| 2. konsonan untu (dental = gigi) | : | t, d, (n) |
| 3. konsonan cethak (palatal) | : | c, j, ny |
| 4. konsonan tenggorokan (guttural) | : | k, g, ng |
| 5. konsonan ilat (lingual) | : | th, dh, n |
| 6. konsonan ilat kedher | : | (l), r |
| 7. semi konsonan | : | w,y |
| 8. konsonan ngeses (desis) | : | s |
| 9. konsonan napas (hembus) | : | h |
B. GOLONGAN FONEN k
- Ucapane rong warna, yaiku :
- Ing wiwitaning wanda kaucapake sampurna.
Upama : kacang, kembang, kaku. - k sigeg ora kaucapake sampurna.
Upama : getak, esuk, golok.
k sigeg diucapkake sampurna tumrap tembung pangawuh, upama : klothak, klethek, klethel.
46