Serat Wedhatama

Saka Wikisumber
Daftar isi
I Pangkur | II Sinom | III Pucung | IV Gambuh
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦺꦣꦠꦩ꧉​
꧄ꦥꦔ꧀ꦏꦸꦂ​꧄

Pangkur

ꦩꦶꦁ​ꦏꦂ​ꦩꦶꦁ​ꦏꦸꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦏꦫ꧈​ꦲꦏꦫꦤꦏꦉꦤꦤ꧀ꦩꦂ​ꦢꦶꦱꦶꦮꦶ꧈​ꦱꦶꦤꦮꦸꦁ​ꦉꦱ꧀ꦩꦶꦤꦶꦁ​ꦏꦶꦢꦸꦁ​꧈​ꦱꦶꦤꦸꦧꦱꦶꦤꦸꦏꦂ​ꦠ꧈​ꦩꦿꦶꦃ​ꦏꦽꦠꦂ​ꦠꦥꦏꦂ​ꦠꦶꦤꦶꦁ​ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦭꦸꦲꦸꦁ​꧈​ꦏꦁ​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦤꦺꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦗꦮ꧈​ꦲꦒꦩꦲꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦲꦗꦶ꧉​
1 Mingkar-mingkuring angkara / akarana karěnan mardi siwi / sinawung rěsmining kidung / sinuba sinukarta / mrih krětarta pakartining ngèlmu luhung / kang tumrap nèng tanah Jawa / agama agěming aji//
1 Meredam nafsu angkara dalam diri, Hendak berkenan mendidik putra-putri. Tersirat dalam indahnya tembang, dihias penuh variasi, agar menjiwai hakekat ilmu luhur, yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara) agama sebagai “pakaian” kehidupan.
ꦗꦶꦤꦼꦗꦼꦂ​ꦤꦺꦁ​ꦮꦺꦝꦠꦩ꧈​ꦩꦿꦶꦃ​ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦏꦏꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶ꧈​ꦩꦁ​ꦏꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦸꦮꦥꦶꦏꦸꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦏꦤꦶꦫꦱ꧈​ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦼꦥꦶꦲꦱꦼꦥꦭꦶꦂ​ꦱꦼꦥꦃ​ꦱꦩꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦁ​ꦱꦤꦺꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦒꦺꦴꦚꦏ꧀ꦒꦚꦸꦏ꧀ꦔ꧀ꦭꦼꦭꦶꦁ​ꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶ꧉​
2 Jinějěr nèng Wedhatama / mrih tan kěmba kakěmběng ing pambudi / mangka nadyan tuwa pikun / yèn tan mikani rasa / yěkti sěpi asěpa lir sěpah samun / samangsane pakumpulan / gonyak-ganyuk nglělingsěmi //
2 Disajikan dalam serat Wedhatama, agar jangan miskin pengetahuan, walaupun sudah tua pikun, jika tidak memahami rasa sejati (batin), niscaya kosong tiada berguna bagai ampas, percuma sia-sia, di dalam setiap pertemuan sering bertindak ceroboh memalukan.
ꦒꦸꦒꦸꦏꦂ​ꦱꦤꦺꦥꦿꦶꦪꦁ​ꦒ꧈​ꦤꦺꦴꦫꦔꦁ​ꦒꦺꦴꦥꦼꦥꦫꦃ​ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁ​꧈​ꦭꦸꦩꦸꦃ​ꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦧꦭꦶꦭꦸ꧈​ꦲꦸꦒꦼꦂ​ꦒꦸꦫꦸꦲꦊꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦗꦤ꧀ꦩꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦸꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦢꦺꦁ​ꦱꦼꦩꦸ꧈​ꦱꦶꦤꦩꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦩꦸꦢꦤ꧈​ꦱꦼꦱꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦔꦢꦸꦩꦤꦶꦱ꧀꧉​
3 Gugu karsane priyangga / nora nganggo pěparah lamun angling / lumuh ingaran balilu / ugěr guru alěman / nanging janma ingkang wus waspadèng sěmu / sinamun ing samudana / sěsadon ingadu manis //
3 Mengikuti kemauan sendiri, Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi), Namun tak mau dianggap bodoh, Selalu berharap dipuji-puji. (sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati) tak bisa ditebak berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.
ꦱꦶꦥꦼꦔꦸꦁ​ꦤꦺꦴꦫꦔ꧀ꦭꦼꦒꦺꦮ꧈​ꦱꦁ​ꦱꦪꦂ​ꦢꦢꦺꦤꦶꦫꦕꦼꦕꦫꦶꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦝꦂ​ꦲꦤ꧀ꦝꦂ​ꦲꦔꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦂ​꧈​ꦏꦤ꧀ꦝꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦏꦥꦿꦃ​꧈​ꦱꦪꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦭꦺꦴꦁ​ꦏꦭꦺꦴꦁ​ꦏꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦮꦱꦶꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛꦔꦭꦃ​꧈​ꦔꦭꦶꦁ​ꦔꦶꦩꦫꦁ​ꦱꦶꦥꦶꦁ​ꦒꦶꦁ​꧉​
4 Si pěngung nora nglěgewa / sangsayarda dènira cěcariwis / ngandhar-andhar angandhukur / kandhane nora kaprah / saya elok alăngka longkanganipun / si wasis waskitha ngalah / ngalingi marang si pingging //
4 (sementara) Si dungu tidak menyadari, Bualannya semakin menjadi jadi, ngelantur bicara yang tidak-tidak, Bicaranya tidak masuk akal, makin aneh tak ada jedanya. Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah, Menutupi aib si bodoh./
ꦩꦁ​ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦁ​ꦚꦠ꧈​ꦱꦚꦠꦤꦺꦩꦸꦁ​ꦮꦺꦃ​ꦉꦱꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦲꦠꦶ꧈​ꦧꦸꦔꦃ​ꦲꦶꦔꦫꦤꦤ꧀ꦕꦸꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦸꦏꦺꦁ​ꦠꦾꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧈​ꦤꦺꦴꦫꦏꦪꦱꦶꦥꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦒꦸꦩꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​꧈​ꦲꦸꦒꦸꦔꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤꦢꦶꦤ꧈​ꦲꦗꦩꦁ​ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦺꦴꦁ​ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧉​
5 Mangkono ngèlmu kang nyata / sanyatane mung wèh rěsěping ati / bungah ingaranan cubluk / sukèng tyas yèn dèn ina / nora kaya si punggung anggung gumunggung / ugungan sadina-dina / aja mangkono wong urip //
5 Demikianlah ilmu yang nyata, Senyatanya memberikan ketentraman hati, Tidak merana dibilang bodoh, Tetap gembira jika dihina Tidak seperti si dungu yang selalu sombong, Ingin dipuji setiap hari. Janganlah begitu caranya orang hidup.
ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦫꦸꦱꦏ꧀꧈​ꦤꦺꦴꦫꦩꦸꦭꦸꦂ​ꦤꦭꦂ​ꦫꦺꦠꦶꦁ​ꦱꦭꦸꦮꦶꦂ​꧈​ꦏꦢꦶꦠꦒꦸꦮꦏꦁ​ꦱꦶꦫꦸꦁ​꧈​ꦱꦶꦤꦼꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦫꦸꦠ꧈​ꦒꦸꦩꦉꦁ​ꦒꦼꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦼꦉꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦒꦸꦩꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦥꦝꦤꦺꦱꦶꦩꦸꦝ꧈​ꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦏ꧀ꦱꦏꦸꦩꦏꦶ꧉​
6 Uripe sapisan rusak / nora mulur nalare ting saluwir / kadi ta guwa kang sirung / siněrang ing maruta / gumarěnggěng anggěrěng anggung gumrunggung / pindha padhane si mudha / prandene paksa kumaki //
6 Hidup sekali saja berantakan, Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut. Umpama goa gelap menyeramkan, Dihembus angin, Suaranya gemuruh menggeram, berdengung Seperti halnya watak anak muda masih pula berlagak congkak.
ꦏꦶꦏꦶꦱ꧀ꦱꦤꦺꦩꦸꦁ​ꦱꦥꦭ꧈​ꦥꦭꦪꦸꦤꦺꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦪꦪꦃ​ꦮꦶꦧꦶ꧈​ꦧꦁ​ꦏꦶꦠ꧀ꦠꦸꦂ​ꦧꦁ​ꦱꦤꦶꦁ​ꦭꦸꦲꦸꦂ​꧈​ꦭꦃ​ꦲꦶꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦩ꧈​ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦱꦫꦮꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦧꦲꦺꦢꦸꦫꦸꦁ​꧈​ꦩꦿꦶꦁ​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦠꦠꦏꦿꦩ꧈​ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦒꦩꦱꦸꦏ꧀ꦕꦶ꧉​
7 Kikisane mung sapala / palayune ngandělkěn yayah wibi / bangkit tur bangsaning luhur / lah iya ingkang rama / balik sira sarawungan bae durung / mring tataning tata krama / gon-anggon agama sukci //
7 Tujuan hidupnya begitu rendah, Maunya mengandalkan orang tuanya, Yang terpandang serta bangsawan Itu kan ayahmu ! Sedangkan kamu kenal saja belum, akan hakikatnya tatakrama dalam ajaran yang suci.
ꦱꦺꦴꦕꦤꦶꦁ​ꦗꦶꦮꦁ​ꦒꦤꦶꦫ꧈​ꦗꦼꦂ​ꦏꦠꦫꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦕꦥꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈​ꦭꦸꦩꦸꦃ​ꦲꦱꦺꦴꦂ​ꦏꦸꦢꦸꦲꦸꦁ​ꦒꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦸꦔꦃ​ꦱꦼꦱꦺꦴꦔꦂ​ꦫꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁ​ꦏꦤꦏꦼꦤꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦏꦠꦸꦁ​ꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦫꦺꦃ​ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀꧈​ꦤꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧉​
8 Socaning jiwangganira / jěr katara lamun pocapan pasthi / lumuh asor kudu unggul / sumungah sěsongaran / yèn mangkana kěna ingaran katungkul / karěm ing rèh kaprawiran / nora enak iku kaki //
8 Cerminan dari dalam jiwa raga mu, Nampak jelas walau tutur kata halus, Sifat pantang kalah maunya menang sendiri Sombong besar mulut, Bila demikian itu, disebut orang yang terlena, Puas diri berlagak tinggi Tidak baik itu nak !
ꦏꦼꦏꦼꦫꦤ꧀ꦤꦺꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦫꦁ​꧈​ꦏꦼꦏꦫꦁ​ꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦧꦁ​ꦱꦤꦶꦁ​ꦒꦲꦶꦧ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦫꦺꦃ​ꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦫꦶꦁ​ꦗꦱꦢ꧀꧈​ꦲꦩꦸꦁ​ꦲꦤꦺꦁ​ꦱꦗꦧꦤꦶꦁ​ꦢꦒꦶꦁ​ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦧꦪ꧈​ꦲꦸꦧꦪꦤꦺꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ꧉​
9 Kěkěrane ngèlmu karang / kěkarangan saking bangsaning gaib / iku borèh paminipun / tan umasuk ring jasad / amung anèng sajabaning daging kulup / yèn kapěngkok păncabaya / ubayane balenjani //
9 Di dalam ilmu yang dikarang-karang (sihir/rekayasa), Rekayasa dari hal-hal gaib, Itu umpama bedak. Tidak meresap ke dalam jasad, Hanya ada di kulitnya saja nak, Bila terbentur marabahaya, bisanya menghindari.
꧑꧐ ꦩꦂ​ꦩꦲꦶꦁ​ꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱ꧈​ꦧꦼꦧꦱꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦫꦶꦲꦠꦾꦱ꧀ꦧꦱꦸꦏꦶ꧈​ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦲꦏꦁ​ꦥꦠꦸꦠ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦠꦥꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈​ꦲꦤꦲꦸꦒꦲꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦲꦸꦒꦼꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦏꦥꦿꦧꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ​꧈​ꦏꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦴꦲꦶꦁ​ꦱꦶꦪꦁ​ꦫꦠꦿꦶ꧉​
10 Marma ing sabisa-bisa / běbasane muriha tyas basuki / puruhitaa kang patut / lan taping angganira / ana uga anggěr ugěring kaprabun / abon-aboning paněmbah / kang kanggo ing siyang ratri //
10 Karena itu sebisa-bisanya, Upayakan selalu berhati baik, Bergurulah secara tepat, Yang sesuai dengan dirimu, Ada juga peraturan dan pedoman bernegara, Menjadi syarat bagi yang berbakti, yang berlaku siang malam.
꧑꧑ ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦼꦤ꧀ꦤ꧈​ꦩꦫꦁ​ꦥꦫꦱꦂ​ꦗꦤꦏꦁ​ꦩꦂ​ꦠꦥꦶ꧈​ꦩꦿꦶꦁ​ꦠꦥꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦠꦼꦥꦠꦸꦭꦸꦱ꧀꧈​ꦏꦸꦮꦮꦤꦲꦼꦤ꧀ꦲꦮ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤ꧀ꦤꦶꦫꦩꦸꦁ​ꦒꦸꦃ​ꦱꦚꦠꦤꦶꦁ​ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸ꧈​ꦠꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺꦁ​ꦗꦤ꧀ꦩꦮꦽꦝ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦤꦺꦁ​ꦗꦤ꧀ꦩꦠꦫꦸꦤꦶ꧉​
11 Iku kaki takokěna / marang para sarjana kang martapi / mring tapaking těpa tulus / kuwawa nahěn hawa / wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu / tan pasthi nèng janma wrědha / tuwin nèng janma taruni //
11 Itulah nak, tanyakan Kepada para sarjana yang menimba ilmu, Kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar, dapat menahan hawa nafsu, Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu, Yang tidak harus dikuasai orang sepuh, Bisa juga bagi yang muda atau miskin, nak !
꧑꧒ ꦱꦥꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦲꦾꦸꦤꦶꦁ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​꧈​ꦒꦾꦢꦸꦩꦶꦭꦃ​ꦩꦔꦺꦴꦭꦃ​ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦧꦁ​ꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦧꦁ​ꦏꦶꦠ꧀ꦩꦶꦏꦠ꧀ꦫꦺꦃ​ꦩꦔꦸꦏꦸꦠ꧀꧈​ꦏꦸꦏꦸꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦗꦶꦮꦁ​ꦒ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁ​ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​꧈​ꦭꦶꦫꦶꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦱꦼꦥꦶꦲꦮ꧈​ꦲꦮꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦶꦁ​ꦲꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧉​
12 Sapantuk wahyuning Allah / gya dumilah mangolah ngèlmu bangkit / bangkit mikat rèh mangukut / kukutaning jiwangga / yèn mangkono kěna siněbut wong sěpuh / liring sěpuh sěpi hawa / awas roroning atunggil //
12 Siapapun yang menerima wahyu Tuhan, Dengan cermat mencerna ilmu tinggi, Mampu menguasai ilmu kasampurnan, Kesempurnaan jiwa raga, Bila demikian pantas disebut “orang tua”. Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu, Paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma dengan Tuhan)
꧑꧓ ꦠꦤ꧀ꦱꦩꦂ​ꦥꦩꦺꦴꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈​ꦱꦶꦤꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦪꦮꦶꦤꦲꦾꦲꦶꦁ​ꦲꦱꦼꦥꦶ꧈​ꦱꦶꦤꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦊꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦁ​ꦮꦫꦤ꧈​ꦠꦂ​ꦭꦺꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦭꦶꦪꦼꦥ꧀ꦭꦪꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦲꦭꦸꦪꦸꦥ꧀꧈​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦥꦼꦱꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦱꦸꦥꦼꦤ꧈​ꦱꦸꦩꦸꦱꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦫꦱꦗꦠꦶ꧉​
13 tan samar pamoring suksma / sinuksmaya winahya ing asěpi / sinimpěn tělěnging kalbu / pambukaning warana / tarlèn saking liyěp layaping aluyup / pindha pěsating supěna / sumusup ing rasa jati //
13 Tidak lah samar sukma menyatu, meresap terpatri dalam keheningan semadi, Diendapkan dalam lubuk hati menjadi pembuka tabir, berawal dari keadaan antara sadar dan tiada, Seperti terlepasnya mimpi Merasuknya rasa yang sejati.
꧑꧔ ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦁ​ꦩꦁ​ꦏꦤ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦏꦼꦤꦤ꧀ꦤꦸꦒꦿꦲꦤꦶꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦮꦶꦝꦶ꧈​ꦧꦭꦶꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦲꦱꦸꦮꦸꦁ​꧈​ꦠꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦶꦥꦠ꧀ꦮꦶꦱꦺꦱꦮꦶꦤꦶꦱꦺꦱꦮꦸꦱ꧀꧈​ꦩꦸꦭꦶꦃ​ꦩꦸꦭꦩꦸꦭꦤꦶꦫ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁ​ꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦩꦶ꧉​
14 sajatine kang mangkana / wus kakěnan nugrahaning Hyang Widhi / bali alaming asuwung / tan karěm karamean / ingkang sipat wisesa-winisesa wus / mulih mula-mulanira / mulane wong anom sami //
14 Sebenarnya keadaan itu merupakan anugrah Tuhan, Kembali kepada kekosongan, tidak mengumbar nafsu duniawi, yang bersifat kuasa menguasai. Kembali ke asal muasalmu Oleh karena itu, wahai anak muda sekalian.

Terjemahan: Manuskripedia

[ 4 ]

II Sinom[besut]

1. Nulada laku utama
Tumrap ing wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngèksiganda
Panembahan Sénapati ;
Kapati amarsudi h
Sudané hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri |
Amamangun karyénak tyasing sasama

2. Samangsané pasamuwan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalaning asepi
Lalana tèki-tèki
Gayuh géyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Puguh panggah cegah dhahar lawan néndra

3. Saben méndra saking wisma
Lalana laladan sepi
Ngingsep sepuhing sopana
Mrih pana pranawèng kapti
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu rèh kasudarman
Nèng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahyu dyatmika

4. Wikan wengkoning samodra
Kèderen wus dèn-ideri
Kinemat kamot ing driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Nenggih Kangjeng Ratu Kidul |
Dedel gayuh gagana
Umara marek maripih
Sor prabawa lan wong agung Ngèksiganda

[ 5 ]


5. Dahat dénira aminta
Sinupeket pangkat kanthi
Jroning alam palimunan
Ing pasaban saben sepi
Sumanggem anyanggemi
Ing karsa kang wus tinamtu
Pamrihé mung aminta
Supangaté tèki-tèki
Nora kétang teken janggut suku jaja

6. Prajanjiné abipraya
Saturun-turun ing wuri
Mangkono trahing awirya
Yèn amasah mesu budi
Dumadya glis dumugi
Iya ing sakarsanipun
Wong agung Ngèksiganda
Nugrahané praptèng mangkin
Trah-tumerah darahé padha wibawa

7. Ambawani tanah Jawa
Kang padha jumeneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan lyan trahing Sénapati
Pan iku pantes ugi
Tinulad labetanipun
Ing sakuwasanira
Enaké lan jaman mangkin
Sayektiné tan bisa ngepleki kuna

8. Lowung kalamun tinimbang
Aurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang dèn-karemi
Manulad nélad Nabi
Nayakèng rat Gusti Rasul
Anggung ginawé umbak
Saben séba mampir masjid
Ngajap-ajap mujijat tibaning drajat

[ 6 ]

9. Anggung anggubel saréngat
Saringané tan den-wruhi
Dalil dalaning ijemak
Kiyasé nora mikani
Katungkul mungkul sami
Béngkrakan mring masjid agung
Kalamun maca kutbah
Lalagoné Dhandhang-Gendhis
Swara arum ngumandang céngkok Palaran

10. Lamun sira paksa nulad
Tuladhaning Kangjeng Nabi
O ngger kadohan panjangkah
Wateké tan betah kaki
Rehne ta sira Jawi
Sathithik baé wus cukup
Aywa guru aleman
Nélad kas ngeblegi pekih
Lamun pengkuh pangangkah yekti karahmat

11. Nanging énak ngupaboga
Rèhné ta tinitah langip
Apa ta suwiteng nata
Tani tanapi agrami
Mangkono mungguh mami
Paduné wong dahat cubluk
Durung wruh cara Arab
Jawaku baé tan ngenting
Parandéné paripeksa mulang putra

12. Saking duk maksih taruna
Sadhéla wus anglakoni
Abérag marang agama
Maguru anggering haji
Sawadiné tyas mami
Banget wediné ing bésuk
Pranatan akir jaman
Tan tutug kaselak ngabdi
Nora kober sembahyang gya tinimbalan

[ 7 ]

13. Marang ingkang asung pangan
Yen kasuwèn den-dukani
Bubrah kawur ing tyasingwang
Lir kiyamat saben ari
Bot Allah apa Gusti
Tambuh-tambuh solahingsun
Lawas-lawas graita
Rèhné ta suta priyayi
Yèn muriha dadi kaum temah nistha

14. Tuwin ketib suragama
Pan ingsun nora winaris
Angur baya ngantepana
Pranatan wajibing urip
Lampahan angluluri
Aluraning pra luluhur
Kuna-kumunanira
Kongsi tumekèng samangkin
Kikisané tan lyan amung ngupaboga

15. Bonggan kang tan mrelokena
Mungguh ugering aurip
Uripé lan tri prakara
Wirya arta tri winasis
Kalamun kongsi sepi
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing janma
Aji godhong jati aking
Temah papa papariman ngulandara

16. Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wasana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kalingling
Wenganing rasa tumlawung
Keksi saliring jaman
Angelangut tanpa tepi
Yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma

[ 8 ]

17. Mangkono janma utama
Tuman tumanem ing sepi
Ing saben rikala mangsa
Masah amamasuh budi
Lairé anetepi
Ing rèh kasatriyanipun
Susila anor-raga
Wignya mèt tyasing sasami
Yèku aran wong barèk bérag agami

18. Ing jaman mengko pan ora
Arahé para taruni
Yèn antuk tuduh kang nyata
Nora pisan dèn-lakoni
Banjur jujurken kapti
Kakèkné arsa winuruk
Ngandelken gurunira
Pandhitané praja sidik
Tur wus manggon pamucungé mring makripat

III Pucung[besut]

1. Ngèlmu iku
Kalakoné kanthi laku
Lekasé lawan kas
Tegesé kas nyantosani
Setya budya pangekesé dur angkara

2. Angkara gung
Nèng angga anggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekeré kongsi
Yèn dèn-umbar ambabar dadi rubéda

3. Béda lamun
Wus sengsem rèhing asamun
Semuné ngaksama
Sasamané bangsa sisip
Sarwa sarèh saking mardi martotama

[ 9 ]

4. Taman limut
Durgamèng tyas kang wèh limput
Kérem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing suksma ngebda saardi gengira

5. Yeku patut
Tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna

6. Durung pecus
Kasusu kaselak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton Mesir
Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma

7. Kang kadyèku
Kalebu wong ngaku-aku
Akalé alangka
Elok jawané dèn-mohi
Paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mekah

8. Nora weruh
Rosing rasa kang rinuruh
Lumeket ing angga
Anggeré padha marsudi
Kana kéné kaanané nora béda

9. Uger lugu
Dénta mrih pralebdèng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekar Srinata

10. Basa ngèlmu
Mupakaté lan panemu
Pasahé lan tapa
Yèn satriya tanah Jawi
Kuna-kuna kang ginilut tri prakara

[ 10 ]

11. Lila lamun
Kélangan nora gegetun
Trima yèn kataman
Sak serik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

12. Bathara gung
Inguger graning jajantung
Jenek Hyang Wisésa
Sana pasenetan suci
Nora kaya si Mudha mudhar angkara

13. Nora uwus
Karemé anguwus-uwus
Uwosé tan ana
Mung janjiné muring-muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

14. Sakèh luput
Ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardané ginawé gada

15. Durung punjul
Kasusu kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisésa

IV Gambuh[besut]

1. Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun katemu
Tandha nugrahaning Manon

[ 11 ]

2. Sembah raga puniku
Pakartiné wong amagang laku
Susucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang waktu
Wantu wataking wawaton

3. Ing nguni-uni durung
Sinarawung wulang kang sinerung
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit
Mintokken kawignyanipun
Saréngaté élok-elok

4. Thithik kaya santri Dul
Gajeg kaya santri brai kidul
Sauruté Pacitan pinggir pasisir
Ewon wong kang padha gugu
Anggeré padha nyalemong

5. Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yèn karuh
Ngarep-arep urub arsa dèn-kurebi
Tan weruh yèn urip iku
Akale kaliru enggon

6. Yèn ta jaman rumuhun
Tata titi tumrah tumaruntun
Bangsa sréngat tan winor lan laku batin
Dadi nora duwé bingung
Kang padha nembah Hiyang Manon

7. Liré saréngat iku
Kena uga ingaranan laku
Dhingin ajeg kapindhoné a taberi
Pakolihé putraningsun
Nyenyeger badan mrih kaot

8. Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah mamarah antenging ati
Antenging ati nunungku
Angruwat ruweding batos

[ 12 ]

9. Mangkono mungguh ingsun
Ananging ta saréhning asnafun
Béda-beda panduk panduming dumadi
Sayektine nora jumbuh
Tékad kang padha linakon

10. Nanging ta paksa tutur
Rèhné tuwa tuwasé mung catur
Bok lumuntur lantaraning rèh utami
Sing sapa temen tinemu
Nugraha geming kaprabon

11. Samengko sembah kalbu
Yèn lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan narapati
Patitis teteping kawruh
Meruhi marang kang momong

12. Sucine tanpa banyu
Amung nyunyuda ardaning kalbu
Pambukané tata titi ngati-ati
A tetep talatèn atul
Tuladan marang waspaos

13. Mring jatining pandulu
Panduking don dadalan satuhu
Lamun lugu legutaning rèh maligi
Lagehané tumalawung
Wenganing alam kinaot

14. Yèn wus kambah kadyeku
Sarat sarèh saniskarèng laku
Kalakoné saka eneng ening éling
Ilanging rasa tumlawung
Kono adiling Hyang Manon

15. Gagaré ngunggar kayur
Ngayun-ayun mring ayuning kayun
Bangsa anggit yèn ginigit nora dadi
Marma dèn-awas dèn-émut
Mring pamurunging lalakon

[ 13 ]

16. Samengko kang tinutur
Sembah katri kang sayekti katur
Mring Hyang Suksma suksmanen saari-ari
Arahen dipun kacakup
Sembahing jiwa sutengong

17. Sayekti luwih parlu
Ingaranan pupuntoning laku
Kalakuwan kang tumrap bangsaning batin
Sucine lan awas émut
Mring alaming lama amot

18. Ruktiné ngangkah ngukut
Ngiket ngruket triloka kakukut
Jagad agung ginulung lan jagad alit
Den-kandel-kumandel kulup
Mring kelaping alam kono

19. Kelemé mawi limut
Kalamatan jroning alam kanyut
Sanyatané iku kanyataan kaki
Sajatiné yèn tan émut
Sayekti tan bisa amor

20. Pamèté saka luyut
Sarwa sarèh saliring panganyut
Lamun yitna kayitnan kang miyatani
Tarlèn mung pribadinipun
Kang katon tinonton kono

21. Nging aywa salah surup
Kono ana sajatiné urub
Yeku urub pangarep uriping budi
Sumirat-sirat narawung
Kadya kartika katonton

22. Yeku wenganing kalbu
Kabuka ta kang wengku-winengku
Wewengkoné wus kawengku neng sireki
Nging sira uga winengku
Mring kang pindha kartika byor

[ 14 ]

23. Samengko ingsun tutur
Gantya sembah ingkang kaping catur
Sembah rasa karasa wosing dumadi
Dadiné wus tanpa tuduh
Mung kalawan kasing batos

24. Kalamun durung lugu
Aja pisan wani ngaku-aku
Antuk siku kang mangkono iku kaki
Kena uga wenang muluk
Kalamun wus padha melok

25. Meloké ujar iku
Yèn wus ilang sumelanging kalbu
Amung kandel-kumandel marang ing takdir
ku dèn-awas dèn-émut
Den-memet yèn arsa momot

Uga delengen[besut]