Kaca:Serat Wedhatama.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧖꧇


ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦫꦸꦱꦏ꧀
ꦤꦺꦴꦫꦩꦸꦭꦸꦂꦤꦭꦂꦫꦺꦠꦶꦁꦱꦭꦸꦮꦶꦂ꧈
ꦏꦢꦶꦠꦒꦸꦮꦏꦁꦱꦶꦫꦸꦁ꧈ꦱꦶꦤꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦩꦫꦸꦠ꧈
ꦒꦸꦩꦉꦁꦒꦼꦁꦲꦁꦒꦼꦉꦁꦲꦩꦸꦁꦒꦸꦩꦿꦸꦁꦒꦸꦁ꧈
ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦥꦣꦤꦺꦱꦶꦩꦸꦣ꧈
ꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦏ꧀ꦱꦏꦸꦩꦏꦶ꧉


uripé sapisan rusak | nora mulur nalaré ting saluwir | kadi guwa kang sirung | sinerang ing maruta | gumarenggeng anggereng amung gumrunggung | pindha padhané si mudha | prandéné paksa kumaki ||